Serat Darmarwulan [ Pupuh 01-16 ]

297

Serat Darmarwulan [ Pupuh 01-16 ]

Sêrat Damarwulan[1]

== Pupuh 01 ==
Dhandhanggula

1. […]sun | sapu dhêndhaning bêthara | nora wurung pun kakang pêsthi nêmahi | sinurak pra juwata ||[2]

2. Menakjingga alêgok kang galih | pan kawiyak sadargane nala | ya ta wus sami makuwon | enjinge para ratu | para menak arya dipati | tumênggung dêmang rôngga | ngabèi supênuh | tôndha mantri sinangsraya | para buyut êmpu mêlandang wêwasi | pandhita rêsi janggan ||

3. Ajar-ajar manguyu mênuhi | èbêk pênuh ing Majalêngka |[3] mèstuti sang madêg rajèng | apan wus lumêstantun | lir Sang Maha Brawijaya-di | ngrênggani Majalêngka | kasub ing rat punjul | maha sang prabu wanodya | wus tan kalih lan syarga kêng sudarmaji | jinurung Suksmanôngsa ||

4. Yyang Jaya Samba Kanekarêsi | pra juwata umung mèstudeya | widadari tumrun kabèh | kala jumênêngipun | prabu kênya ing Maospait | silih nama Ratu Mas | Ikêncanawungu | rêtnadi sêsotyaningrat | dhasar ayu kinamulèn widadari | lir sarining purnama ||

5. mangendralaya dahat tanpalih | mèmpêr mirib lir sêsotyaningrat | tuhu kumaraning sinom | prabu rara sang ingrum | wus tan kêna rinênggèng kawi | mêmanon ing buwana | ya ta kang winuwus | Kyana Patih Maundara | sakalangkung karêm ing puja samèdi | kocap angraga sukma ||

6. lumuh angolah ing kramaniti | datan pêgat gêntur kasutapan | angêdohi praja rame | kajuwatan rinasuk | pan ing mangkèng sampun gumingsir | pilênggah kêpatihan | ari gumantya wus | Patih Lugêndèr dipatya | kang gumantya ing rama Langyangkumitir[4] | Dyan Arya Simping dadya ||

7. mujanggani kabupatèn carik | wus kagêntyan Radyan Layangseta | ya ta malih winiraos | Sang Maundara wau | wus murcita katon pêsthiwi | winulat ing manungsa | katrimèng dewagung | apan wus sêsilih nama | apêparap Yyang Bêgawan Tunggulmanik | abrôngta ing Wisèksa ||[5]

== Pupuh 02 ==
Asmaradana

1. tulus panjênêngan aji | Ratu Mas sêsotyaningrat | luwih luhur krêratone[6] | kasub ing rat bumintara | têpung ing kina-kina | jangkane kêng para nujum | myang pandhita kang mrêtapa ||

2. besuk ana ratu èstri | jumênêng ing Majalêngka | suka bungah sagunging wong | murah sandhang tuwin boga | barang tinanêm arja | ardi wona[7] têmah dhusun | kang desa pindha nêgara ||

3. bèbèk ayam kêbo sapi | aglar anèng ing pangonan | tanpa kandhang sing arjane | ing mangke wus kalampahan | maha sang prabu rara | ing sabên-sabên ingkang wus | dènira miyos sinewa ||

4. ing wadyakusya gung alit | munggèng sitinggil kasongan | witanadi rinugmyabrong[8] | pinrak ing dhampar kêncana | pinatik nawa rêtna | sarya ingayab pra arum | samya ngampil upacara ||

5. dhasar samya ayu luwih | apêngadêg lindhu sêkar | surya bisika wèh mirong | kêmbar samya manuhara | ragi nata mangraras | lir apsari syarga nurun | wimbuh akarya la-êla ||

6. ginarêbêg para cèthi | miwah kang para biyada | supênuh èbêg punang wong | palawija anèng ngarsa | wong pandhak bule bêlang | cebol bucu wandhan jamus | miwah rare kêkesodan ||

7. rare wungkuk bajang wujil | rare suku dhampit kêmbar | padha arare kêbirèn | jajaranya tundha sapta | apan samya wanodya | têbih ingkang  para kakung | sèwu sisih amêlatar ||

8. pinarakannya sang dèwi | mawi langse tundha sapta | samir sinulam rugmyabyor | palisir sinêla-sêla | kinêmbang ing hèrnawa | umyang sunarnya sumawur | lir ngaras Jonggringsêlaka ||[9]

9. wimbuh ri sênsaya wingit | tan kèksi ing bala tôntra | kacatur sang prabu sinom | darbe kêkasih wanodya | kinadang sinarira | marentah ing para arum | putrane Arya Sindura ||

10. kasih rêtna Rarasati | bêsus olah kawiragan | wasis barang pakaryane | rampung sandining sêsmita | gandhang sèdhêt pêsaja | tan lyan kang sinawung têmbung | namung rêtna Rarasatya ||

11. ing sang mahaprabu dèwi | mênggah sapangrèhing praja | tansah sumiwèng karsane | sosoranira sêkawan | samya atmèng dipatya | nênggih pujaning rum-arum | Rêtna Dèwi Citrasmara ||

12. kalih Rêtna Citrawati | katri Rêtna Widawatya | Dyah Rêtna Widasmarane | tansah sumiwèng byantara | dyah para rat sêdaya | myang lurah pawonganipun | Sêpêtmadu lan Wilaja ||

13. tansah mong karsaning gusti | sagung kang para biyada | pra sari pingitan kabèh | tanapi ingkang bêdhaya | aglar munggèng ing ngarsa | pating parêlok dinulu | luhur-linuhuran raras ||

14. kêprabon sikêping jurit | panah dhadhap lan kang bêkta | tan têbih lan prabu sinom | dene sagung kang sumewa | andhèr ing pagêlaran | para raja pra tumênggung | dipati lan para menak ||

15. pra rôngga dêmang ngabèi | kandhuruan sinangsraya | lan wadu aji jajare | tôndha mantri pêngalasan | kalanggawong mêlandang | para buyut para êmpu | Dipati Logêndèr starsa ||

16. ing kanan Dipati Tubin | kering Dipati Sindura | Menakjingga katigane | sinambungan para nata | Raja Ngriyo Sri Gêdhah | rajèng Jahor Jambe Prabu | rajèng Tatar Sri Pulembang ||

17. Raja Minangkabu tuwin | Raja Prêtani Sri Siak | raja Bugis lawan rajèng | Nglimpung Raja Sokadana | rajèng Kêling Sri Wandhan | atênapi sang aprabu | Trênate lan Ngambon Raja ||

18. Sri Ambandhung rajèng Bali | Madura rajèng Balega | Sumanêp[10] Mêkasan rajèng | tênapi ing Pêkacangan | Bupati Majalêngka | pangagêngnya kang winuwus | sira Rôngga Minangsraya ||

19. lawan Ki Menak Giyanti | Kumitir lan Layangseta | Arya Sêsimping jajare | sagunge ingkang sumewa | tinon aneka-neka | kadya ta prawata santun | lir wana karêmbun môngsa ||

20. sênsaya minuni sari | myang lungiding prênadèngrat | èbêg supênuh gunging wong | sabrang wor lan wadya Jawa | pasisir mancanagra | sangking mandrawa kadulu | lir sêgara rob bêlabar ||

21. kang wênang ngambah sitinggil | saha wadya sakusyala | amung Kya Patih Logêndèr | ingkang nampèni karsèng dyah | sabên-sabên mangkana | yèn miyos sang nataningrum | rêkyana patih ngandikan ||

22. lawan Rêtna Rarasati | dinangu solahing praja | miwah sawadyabalane | prêdata ngrèh aru-ara | padhang rêntênging tindak | tanduk sadarganing mungsuh | syuh sirnane kawêdakan ||

23. mêngkana apan wus lami | sampun andungkap sawarsa | jumênangnya[11] prabu sinom | pra raja ing tanah sabrang | pan wus sami bubaran | sêdaya tinundhung mantuk | prituwin môncanagara ||

24. miwah bupati pasisir | pasowannya warna-warna | sawênèh saban warsane | ana rong tahun sapisan | ana kang tigang warsa | kadya duk ing alamipun | Mahaprabu Brawijaya ||

25. amung Sang Dipati Tubin | tinundhung mantuk lênggana | andungkap gangsal warsane | tuguran nèng Majalêngka | tansah sumêlang driya | rèhning sang kumaraningrum | tan arsa nambut akrama ||

26. ajuwêt Dipati Tubin | aturnya lwir cacak môngsa | miwah Kya Patih Lugêndêr | sang dyah ingaturan krama | paran kêng dados karsa | sagunging kang para ratu | satriya miwah dipatya ||

27. tuwin atmaning bupati | sang prabu ning dyah tan arsa | pan ngantya runtik sang sinom | ing wusana cinarita | maha sang prabu rara | marna karsaning dewagung | duk anèng sanggar pamujan ||

28. kang paman Dipati Tubin | kang winisik karsaning dyah | lah paman Rôngga karsane | nguni Yyang Jagad Pratingkah | ulun amuja brôngta | Yyang Panji Nrada tumurun | ingutus Yyang Jagatnata ||

29. paring uninga ing kami | karsane Yyang Sukmanôngsa | tangèh jatukramaningong | nanging wus pinêsthi ana | padane kang winênang | dados jatukramèng ulun | tur sampun bêkta nugraha ||

30. wus papêsthèning nrêpati | dibya sêkti mahambara | mêngku ing rat Jawa kabèh | siniwi samaning nata | adil tur palamarta[12] | rinowang sêbdèng dewagung | sinihan tur binêthara ||

31. nanging paman sapuniki | têksih dados lêlampahan | sinimpên dening sukmanon | kêng cahya dèrèng tumiba | pan wontên kang pratôndha | yèn wus cêlak mangsanipun | amawi bêbantêning prang ||

32. sarta asêgaratih |[13] lumembak wukir kêpala | paman karsane sukmanon | lêgêk Sang Dipati Tuban | wusana suka ing tyas | narima titahing ulun | pasrah ing Yyang Sukmanôngsa ||

33. sawuse luwaran sami | mantuk dhatêng nagri Tuban | anggêgabah prajurite | sadhiya sikêping aprang | ya ta Dipati Tuban | cinarita garwanipun | putri sangking ing Lumajang ||

34. kalih sanak pan ing nguni | kang sêpuh Arya Butlawa | kang palênggah Lumajange | kêng rayi miyos wanodya | ran Rêtna Banowatya | ingkang kagarwa puniku | Ki Ranggalawe ing Tuban ||

35. Arya Butlawa mrêtapi | ing arga sampun murcita | apan ginantyan putrane | pilênggah nagri Lumajang | jêjuluk Menak Koncar | warnanira tuhu bagus | ambranyak lir Krêsnaputra ||

36. sêkawan kang para rabi | jamahane kawandasa | tur samya ayu warnane | Radèn Arya Menak Koncar | ladak para tantangan | dhasar bancèr kaduk cucut. | têka dadi pêpantêsnya ||

37. agadhah rayi kêkalih | wanodya endah warnanya | ingkang sêpuh wêwangine | Kusuma Kalpikawatya | Kalpikaningsih rinya | kalih samyayu pinunjul | malih mangsuli carita ||

38. Ki Ranggalawe ing Tubin | nênggih putrane têtiga | pan wanodya pêmbajênge | kang kêkalih sami priya | patutanira lawan | putri Lumajang sang ayu | Rêtna Dèwi Banowatya ||

39. ingkang wanodya kêkasih | Sang Dyah Sêkati utama | lir kêncana pamulune | rêspati dêdêg mêjana | wasis sêbarang karya | gandhang sêbda pasmon ruruh | lir pendah putri Ngastina ||

40. panênggak buntaran pêkik | lungit pasanging graita | akarya brangtaning tumon | kang anèm Radyan Watangan | sigit kaduk brêranyak[14] | kalihira sang abagus | awayah jaka kumala ||

41. ya ta kang kinôndha malih | wong agung ing kêpatihan | Sang Adipati Lugêndèr | têtiga atmajanira | kang sêpuh Layangseta | Layangkumitir panggulu | kalih samya andêladag ||

42. dhasar putraning pêpatih | tur angsal sih sri narendra | mêdanani wong saking jro | nora pati yèn bagusa | bêsuse  angayangan | rada ambêdhah dêlanggung | tur dadi pangewan-ewan ||

43. kêkudangane kya patih | salah siji putranira | ciptane dèn magangake | Ratu Mas sêsotyaning rat | pirabara ing benjang | angginyêr sêsirahipun | kabèh wong sa-Majalêngka ||

44. mila radèn arya kalih | ing tingkah sawênang-wênang | nrêrajang[15] landhêp pamore | gêlarnya ambêg kuwawa | bèr donya sugih bala | pradhah kêpara ing sanggup | dora winor niti krama ||

45. rinapêtan adu manis | panastènira kaliwat | sinangkan sing nalar rèrèh | bara-bara dadi karya | sêsamanirèng wadya | tan sêpi sing pamrih luput | ginih tindak ing praja ||[16]

46. jahile sinamun lungit | lungite kinarya-karya | lumuh nganggur kurang gawe | warujonira wanodya | ran Dèwi Anjasmara | yêkti dadi panjang kidung | biyadaning kêpatihan ||

47. dhasar ayu dèn padèni | ingugung dening sudarma | apan dadi pêpantêse | sêmbada wasis ing karya | rampung sandining sastra | ing bôngsa kawin wus putus | gulangane timur mila ||

48. Ramadaya Gada balik | Wiwaha lan Bomataka | myang kawin Pêndhawa rare | Sasrabahu Krêsna duta | sang dyah pragat sêdaya | tan ana kawignyan luput | miwah yèn tilawan[17] kur’an ||

49. pasekat syara rum manis | trampil milêting kalimah | datan pot limang wêtune | tangat tanapi puwasa | tuhu brôngta ing sukma | tan lali pêmbathikipun | nênun renda lan ngêmasan ||

50. punika sinambi nyungging | anyongkèt angalu alam | tênapi nênun limare | sêdina olèh rong kêbar | ngatih[18] alit anyulam | amrada myang nênun uluk | pratistha tanpa dondoman ||

51. sang rêtna tuhu winasis | bêsus olah kawiragan | gandês luwês lêlewane | dhasar malat karya rimang | kulita andon sêkar | minging sêparanira nrus | jêbat kêsturi tan pêgat ||

52. gônda-wida nora lali | tinoyan ambar hèr mawar | grêrah[19] uyang sarirane | yèn tan bêburat saêjam | biyadèng kêpatihan | singa mulat kuthah wuyung | cacade amung satunggal ||

53. ing têmbe yèn sampun krami | tan kêna winayuh ing dyah | tur gêdhe butarêpane | abot sinôngga ing priya | nora kêna kumingkang | têlike sinungsun-sungsun | nanging utamaning rumat ||

54. amêmantês mêmadèni | anyukupi sumèh-sumrah | sok aja winayuh bae | sêdene sinêlirêna | Kusuma Anjasmara | mendah ta panjênggitipun | gliyak-gliyak linampahan ||

55. bêjane ingkang nglakoni | tan bisa nglakoni trêsna | nanging cupêt pisabane | ya môngsa tan binobota | wrate wong darbe garwa | eman yèn manise putung | gandhange yèn pêlarasan ||

56. owêl dlarènge yèn runtik | srèsèh kêmpyange yèn kesah | tur tan nyuda gumrininge | sapa bisa nglipurêna | yèn runtik Anjasmara | ngèngèhane kali gunung | yèn banjir môngsa dangua ||

57. mila kang rama langkung sih | gumatènira kalintang | tur pradhah barang karsane | sudarma nora cumêngah | mila ciptaning manah | dinola Cina ping sèwu | linakon tan nolèh wuntat ||

== Pupuh 03 ==
Pangkur

1. kawarnaa ing Bêlambangan |[20] Menakjingga datan arsa anangkil | mring nagari Majalangu | balela pangabdinya | tur rumôngsa bangkat[21] mukul ing prang pupuh | pan sampun angsal sawarsa | gènira nora sumiwi ||

2. akathah sêngadènira | mung rerehanira ingkang anangkil | mring nagari Majalangu | wênèh ana tan seba | ya ta sarêng ing nguni tinundhung mantuk | apan ta lajêng kewala | dhatêng Bêlambangan nagri ||

3. dene sagung para raja | wus kêpanggih anèng Blambangan sami | saha wadya sakusya nung | sira Sang Menakjingga | langkung suka wus dadi kêng punang rêmbug | siyang dalu akêsukan | arsa gêpuk Maospait ||

4. ngandêlakên kadigdayan | rowak rawuk adigung tur sinêkti | linulu dening dewagung | sira sang Menakjingga | pan prênyata[22] rèrèhane para ratu | pra dipati para menak | pra dêmang rôngga ngabèi ||

5. kathah kadangnya priyôngga | sanak prênah paman wa bapa kaki | kang liya ingambil mantu | kaipe kang sêntana | kambil besan sawênèh sinung garwayu | pinikat ing boja krama | kèbêg kèlês ing kasêtin ||

6. prênyata Sang Menakjingga | ambêg rusuh sura brangasan kibir | tan kêni pinadhan sanggup | saadêg tur saênyat | para pisuh para tangan kêprak kêpruk | dene kang nunggil kulining | ingakên surawèdi ||[23]

7. kinulit daging winor byat | pradhah sanggup saêpal tur sayêkti | apan mari-mari yèn wus | mèstuti padadiya | saya kathah wong wetan kêng nunggil kayun | gilig trêmak Majalêngka | kapindho kêng pra dipati ||

8. dhasar jrih mring Menakjingga | kaping tiga ing mangke tan suwawi | parentah sing Majalangu | yèn mijil kyana patya | Adipati Lugêndèr kèh manah putung | tangèh amriha utama | kanisthan kasrambah dadi ||

9. kagiri kagora-godha | tur cêndhala nora têpung lan budi | gèsèh lan rarasing ratu | tan panggah pambêking tyas | kumalungkung ing wêweka kirang putus | ngandêlkên pusakaning rat | binapa-bapa ing gusti ||

10. katêmu pirang prakara | ratu èstri wignya gulêt lan dasih | pangragoh mangrowang wuwus | sêdene wadya ingkang | sêtya tuhu kakênaning rèh tan ayu | tangèh katura narendra | prituwin kang lara ati ||

11. pangunêk-unêking praja | sri wanodya mendah ta lamun èksi | jinum kumbala kang matur | rèh ratu binêthara | karêm puja sêmèdi nukmèng dewagung | mung rêsêp mulyaning jagad | sumingkir rèh kang tan yukti ||

12. yèn ing kalanira sang dyah | mujèng wadya manukmèng[24] silajuti | sadarga rênggèng wèh sadu | sêkala sumrik sumrak | titih tatas sakirna prana mangungun | pinuji pinuja arja | panglêmbananira ngênting ||

13. sang maha sêsotyaning rat | ratu adil asih ing praya minging | kêkuwunging rat ginêlung | suci anras kamulyan | pragat titih ing pradata sumrahnyarum | mila lamun ana tindak | ing praja dhompo tan yêkti ||

14. kuwur tinawar ring praya | yèn amijil kang lumrahing apatih | asring kathah nalar kungsul | glar arja têmah rusak | wus kawayang dudu traping bôngsa luhur | kèh wadya salah grahita | tan têpung larasing gusti ||

15. mila sagung rerehannya | Menakjingga ènthèng sêtyaning gusti | ing prana tata sru bingung | antêpe asasaran | sosrah kisruh kuwuring tyas têmah lulun | wêkas gon awalik sungsang | Menakjingga nêng ginusthi ||

16. malih mangsuli carita | Menakjingga Ajar Pamênggrê[25] siwi | pêpujan atêguh timbul | trus nanging pinanjingan | kumarane ing rasêksa raja diyu | wimbuh adarbe pusaka | wêsi kuning dhapur bindi ||

17. pinanjingan Sang Yyang Brama | pan pranyata nguni dhapur mangungsi | sing jrihnya mring Sang Yyang Wisnu | ing sapta sapta jalma | nora kongkih mangrurah kurdha mapikut | kasor kèlês kabudayan | mawanti mangkrag katitih ||

18. nèng Saptatala kabêdhag | madyapada wanti-wanti kapilis | nèng triloka kosik kawus | ngariloka kabuncang | baydan[26] dewa wiguh krudhanya tan pangguh | nèng Suralaya kabrêbah | sêdene manungsa jisim ||

19. gora rèh kagiri kentas | mila mangko manjing ing wêsi kuning | pan luput wong têguh timbul | miwah sêkti yuwana | punang bindi pênuh gènnya makan ratu | miwah prajurit wudhu prang | tanpa wilang kêng kapilis ||

20. mila risang Menakjingga | pan sumêdya ngrata ing nungsa bumi | pra pandhita para nujum | mambêt tan piniarsa | ajar ajar kapêlajar kèh kapikut | labêtnya lir cocak môngsa | mambêng ing rèh nalar sisip ||

21. wêwasi kèh pinêjahan | guntur-guntur manguyu makan bindi | rèh madhangi tyas kalingkung | kalimput ing mukarda | miwah Rêsi Pamênggrê tansah pitutur | ing atmaja Menakjingga | kagèdhèg nora prêduli ||

22. Yyang Pamênggrê kawlasarsa | pangucapnya sarta angasih-asih | kang putra tansah rinangkul | sinungan erang-erang | têpa telad ing kina kang para ratu | miwah para adipatya | kang sampun dadya palupi ||

23. kang nistha madya utama | tur jinantèn[27] ing sabda kang piningid | kênyatahan ing dewagung | lah wahyuning narendra | ing rèh wadyakusyala samya tinutur | sang wiku sarya ngrarêpa | dènnya pitutur mring siwi ||

24. Menakjingga tansah nêntak- | nêntak sugal pangucape mabêngis | sudarma tan kêna muwus | tan sinêngap-sêngap |[28] yèn ta aja sudarma pêsthi pinukul | myang Pamênggrê nglênggrê[29] mulat | tinundhung mantuk mring wukir ||

25. sang pandhita sru sungkawa | klangkung dènnya kapinta èsmu tangis | byating wong adarbe sunu | têmah amurang krama | nêngèng wiyat umatur mring dewanipun | hèh juwata ingkang mulya | Menakjingga suta mami ||

26. sungana manah raharja | Sang Yyang Nrada asung syara dumêling | hèh Pamênggrê mitraningsun | sayêkti nora kêna | budi andhap kêlawan kang budi luhur | pinintakakên ing liyan | wus ganjarane pribadi ||

27. lamun ta Si Menakjingga | darbe sêbda mêmintèng ing sukmadi | ing bêbudèn kang rahayu | sayêkti pinaringan | aja sira salah cipta ing dewagung | Sang Yyang Pamênggrê karuna | gya mantuk dhatêng ing wukir ||

28. mêngkana wus madêg nata | Menakjingga ran Prabu Urubismi | siniwi kang para ratu | miwah kêng para menak | dêmang rôngga ngabèi para tumênggung | prajuritira bêlabar | lir sagara tanpa têpi ||

29. pêpatihira sang nata | Angkatbuta Kotbuta gêng ngajrihi | kalih sami suranipun | kêcatur roro sanak | kêmbar pindha drubigsa kang punang diyu | têguh timbul widigdaya | sumewa ngarsaning gusti ||

30. datansah sinewagana | para raja aglar samyanèng kursi | Dewataka rajèng Bandhung | Sumênêp Dawasraya | sru Dewagung Walikrama natèng Wangsul | Sang Bthara Basutantra |[30] Mêkasan Mandura aji ||

31. mraja Dewa Baudhêndha | Dewa Jarumaka sang rajèng Bugis | Dewa Prêlugi sang prabu | ing Kêling maharaja | Dewa Danurwenda ing Balega têpung | anênggih ing Pêkacangan | Menak Prêmangsul dipati ||

32. ing Japan Menak Calunthang | Menak Cluring dipati ing Wêlèri | Panatasingron Tumênggung | nênggih ing Pêjarakan | Menak Wiladaka ing Gêmbong sumuyud | Menak Pangsêng Pasuruan | Menak Pênuncung ing Bangil ||

33. Dyan Menak Jayalêlana | Prabalingga nênggih sang adipati | ing Trênggalèk sampun nungkul | Dyan Arya Menak Sopal | para raja pra menak para tumênggung | anigan sapêtarangan | gilig rêrêmponing jurit ||

34. kantun dipati satunggal | ing Lumajang mogok angadêg baris | Arya Menak Koncar pêngkuh | nadyan têkêmanira | Menakjingga apan ta sayêkti purun | ingkang angrèh nagri Daha | kathah nungkul pra dipati ||

35. kagyat Dipati Sindura | Bêlambangan ing mangke madêg baris | bawahira kathah têluk | rumôngsa lamun tiwas | ingabdèkkên dadya nanggulang ing mungsuh | saklangkung ing dukanira | durma tan sêdya gumingsir ||

== Pupuh 04 ==
Durma

1. siniwaka sira Sang Dipati Daha | munggèng ing pancaniti | aglar kang sumewa | punggawa myang sêntana | Patih Kêbogêdhah ngarsi | samya siyaga | sasikêping ajurit ||

2. sang dipati jêjabang lir malêdhosa | kêdah nglanggar tumuli | dhatêng Bêlambangan | mangkat sami sakêdhap | kêsaru wau kang prapti | Dyan Menak Koncar | sigra dènnya lumaris ||

3. sang dipati Sindura kagyat tumingal | tandya ngancaran aglis | Arya Menak Koncar | ri wusnya tata lênggah | gêpah Sang Sindura angling | lah paran Arya | sira gêpah sun èksi ||

4. awotsêkar sira Radyan Menak Koncar | amba atur udani | uwa ing panduka[31] | ing mangke Menakjingga | sumêkta atata baris | sarereyannya | saraja saha dasih ||

5. apan sampun sêsilih nama narendra | ran Prabu Urubismi | sumêdya mangrurah | nêgari Majalêngka | sêdaya wus kathah balik | kang para menak | ya ta sang adipati ||

6. sarêng priksa ature Dyan Menak Koncar | talingan lir sinêbit | panêbdanira kras | lidok Si Bêlambangan | gya kinèn têngara jurit | Ki Kêbogêdhah | gêpah nungkêmi nangis ||

7. dhuh gustiku anggèr dèn rèrèh kewala | pun Menakjingga sêkti | bala yutan widran | kainan mapak ing prang | ngantosa para dipati | myang para menak | sêdhêng umangsah jurit ||

8. lawan malih pukulun dèrèng tur wikan | mring mahaprabu dèwi | sampun-sampun tuwan | pukulun mangsah ing prang | yogi turuning adhingin | sarta mêpêkna | kewala punang baris ||

9. sêdhêng pêpak bupati lan para menak | sêdhêng sadhiyèng jurit | gmêgah[32] sang dipatya | tansah angusap jaja | kumrêkèt kang waja gathik | sira dyan arya | umatur awotsari ||

10. kangjêng uwa lêrês turipun pun bapa | pan prayogi lumirih | lêrês tan wande prang | nanging ta amrih mênang | pintên dangune wong mati | yèn pandukarsa | unggul ing prang kêng pinrih ||

11. sang dipati wus rèrèh ing dukanira | karya nuwala aglis | dhatêng Majalêngka | duta wus lumêksana | miwah kajinêman sami | mentar sinêbar | dhatêng mônca dipati ||

12. mêne gênti sakarêngkang kawarnaa | nênggih Sri Urubismi | sampun aputusan | patih kalih umêsat | sah ingkêng surat katur mring | sang prabu rara | dhapur ngêbun bun enjing ||

13. sarta nungkak wang[33] agung ing Bêlambangan | ciptanira ing galih | kêlamun katampan | laju kang ngarak pisan | jumênêng ing Maospait | lamun katulak | lajêng ngrisak nêgari ||

14. mila ingkang pramèsyari[34] para garwa | manggung lan para sêlir | binêkta sêdaya | muwah kêng para raja | samya bêkta garwa gundhik | môngsa wurunga | anyakup prabu dèwi ||

15. kang sumêdya baris nèng nagri Lumajang | wus badhol[35] saha dasih | pan windran ayutan | jurang maalas-alas | kèdêk kèlês gunging jalmi | têmah rêratan | samarga angajrihi ||

16. rawak rawuh prajurit ing Bêlambangan | angsal pêngaja gusti | samarga ngrêrayah | aran wong gala gothang | bajo barang owak kawik | wong gathudara | jurang gathu mangiyip ||

17. macan ambal caruk dhênggung sura rayah | lawan wong cukil manik | rujak polo lawan | sura bêthot sumahap | asikêp ganthol cêmpuling | grêrènèng canggah | papênthung lan suligi ||

18. tangèh lamun cinôndra wong Bêlambangan | datan kawarnèng margi | wus praptèng Lumajang | parêng lan Menak Koncar | sing nagri Daha wus prapti | amêthuk ing prang | sing kitha wus mêdali ||

19. nanging para garwa pra sêlir sêdaya | wus ingilèkkên sami | rumôngsa tan kangkat | suwung sajroning kitha | anak rabi samya ngili | jalmane lanang | krêrig[36] umagut jurit ||

20. wong Lumajang dêdamêlira rong nêmbang[37] | rong biting nitih wajik | wadya gêgangsingan | ingaran truna lanang | tur tate tinumbak milir | tinatah mêndat | kawan dasa kinanthi ||

21. mring dyan arya samarga tansah bêk pêjah | campuh pêngarsèng jurit | rarme[38] long-linongan | brêrêg-binêrêg[39] panggah | rêmpak rinêmpak tan kongkih | samya sudira | tan ana ngeman pati ||

22. baris wetan makêthèn mayutan-yutan | dhasar mangrobing tandhing | manginglês mangidak | rok biring caruk pêdhang | kumrapyak pating carêngkling | syaraning surak | lir udan sinêmèni ||

23. tambur awor kêndhang gong gumrah sauran | bêgor kang bêndhe bèri | akuwêl dènnya prang | kèkèt jambak jinambak | sawênèh agênti krêris[40] | dugang dinugang | rame banting binanting ||

24. Menak Koncar wuru gêtih pêngamuknya | sarya asikêp biring | mamuk nèng turôngga | têguh sakudanira | pun jêthayu raning wajik | pamulu krêsna | sukunya panggung putih ||

25. galak naut ing mêngsah mapagas tatas | radyan manumbak nitir | lawung lir kitiran | singa katrajang bubar | sinasog ganjur tan osik | sira dyan arya | singa sinêrang mati ||

26. wus carub wor tanbuh[41] mungsuh lawan rowang | wong Lumajang kèh mati | sasisaning pêjah | lumayu asasaran | dyan arya maksih mangungkih | lan truna lanang | kêsangsang dening biring ||

27. saya sayah dyan arya dènira aprang | sêksana angunduri | sarya pinètaran | wadyane truna lanang | siji tan ana kêng cicir | amung kudanya | akathah kêng ngêmasi ||

28. wus ingusir rahadyan sêparanira | lumêbêt mring wanadri | langkung kuwalahan | mundur ngurugan bathang | rêgak kang samya mangungsir | sampun katilap | nglarug lampahing baris ||

29. mring Lumajang sapraptanya angrêrayah | gègèr kang kawulalit | Prabu Urubisma | ngêbrêki jroning kitha | para nata magrêsari[42] | abêbarisan | lir samodragni ngalih ||

30. wadyanira ambêbahak kering kanan | sarya ngabong-abonging | gantya kang kocapa | Kotbuta Angkatbuta | rahintên dalu lumaris | untap-untapan | lan dutèng Daha mijil ||

== Pupuh 05 ==
Mijil

1. kawarnaa kang miyos tinangkil | prabu ruming sinom | magêp anèng ing siti inggil lèr | kasong anèng witanadi rukmi | pinrak dhampar gadhing | rinênggèng mas murub ||

2. sarya ingayap pingitan cèthi | munggèng jro kêkobong | Rêtna Rarasati ing ngarsane | Citrasmara lawan Citrawati | Widasmara tuwin | Widawati ngayun ||

3. Sêpêtmadu Wilaja tinuding | lumaksana alon | animbali Kya Patih Lugêndèr | praptèng ngarsa ngandika sang dèwi | paran kang kawarti | bapa karanipun ||

4. Menakjingga sawarsa tan nangkil | paran kang suwados | awotsêkar kya patih ature | ing pamirêng ulun ing pawarti | kêdah madêg aji | gêmpur Majalangu ||

5. tan rumaos gusti lamun dasih | angrêbat karaton | nanging dèrèng yakin sayêktose | dagang layar kang sampun wêradin | pawartinya sami | Menakjingga purun ||

6. prabu rara duk miyarsa angling | brêmantya winaon | sasinomnya goyang pilênggahe | prênajanya lir mawulat agni | pan sinamun manis | sing pangandikarum ||

7. sun wêtara yayi Rarasati | yèn èstu kang wartos | Menakjingga yêkti darma bae | wus karsane Hyang Sukmana Luwih | kêng amayang dasih | pakartining tuwuh ||

8. wus pinêsthi ing jangji tan gingsir | karsaning sukmanon | Dèwi Rarasati tur sêmbahe | lêrês andrês kang punang wêwarti | nging kawula gusti | ing wartos tan tumut ||

9. dene rama Sindura Dipati | tan wontên tur anon | nadyan yaktosa malih tingale | Menakjingga pêksa ngrata bumi | kadi tan nêdhasi | mring wong Majalangu ||

10. prabu rara mèsêm winor angling | yayi môngsa borong | kang amarna isining rat kabèh | nêmbah matur sang rêkyana patih | gusti yèn suwawi | kramaa pukulun ||

11. para raja satriya bupati | dasih pandukèng wong | pra prawira ing Majalêngkane | paran ingkang kinarsanan gusti | dados jatukrami | pamintaning ulun ||

12. mèsêm ngandika sang prabu dèwi | ya tarima ingong | bapa gampang yèn ta wus mangsane | pira bara ana sun karsani | wong sa-Majapahit | miwah para ratu ||

13. ing saiki dahat tan sun apti | maksih karêm momong | ing sarira alêlamban bae | ngêndi ana wong lumuh akrami | besuk ana ugi | bapa karsaningsun ||

14. eca lagya imbal wêcanaris | kêsaru praptèng wong | kajinêman sing Daha wiyose | bêkta sêsuras[43] tinampèn aglis | mring Arya Sêsimping | praptèng siti luhur ||

15. wus tinampèn mring rêkyana patih | katur prabu sinom | kang supatra sinukma têmbunge | sah ing sêmbah Sindura Dipati | katur prabu dèwi | kang sinyan dewagung ||

16. gusti pun dasih tur pati urip | ing panduka katong | lir wong tambêt akagèt wiyose | Menakjingga ing mangke ambalik | wus ngadêg kang baris | tur jumênêng ratu ||

17. para raja satriya bupati | pra menak gunging wong | biluk dhatêng Menakjingga kabèh | kula mangke wus atata baris | namung angantosi | ing karsa pukulun ||

18. anggèn kula anglanggar ing nagri | Bêlambangan katong | titi ingkang supatra têmbunge | gya sinung mring Dèwi Rarasati | kêsaru gègèring | jawi pan gumuruh ||

19. sapraptanya punang duta patih | Bêlambangan katong | pun Katbuta Kotbuta wadyane | pan sagêlar sapapan ngajrihi | jêjaranan sami | dhomas kathahipun ||

20. datan ana kang dharat sawiji | anggrêgut punang wong | dhêdhêg anèng pangurakan andhèr | gêpah Si Radyan Seta Kumitir | minggah mring sitinggil | saniskara katur ||

21. punang duta kinèn animbali | praptèng ngarsa katong | apan sarta bêkta nuwalane | nging tan suka tinampèn kya patih | Dyan Seta Kumitir | kalih ngingrê[44] dhuwung ||

22. samya dhêsêk dènira alinggih | kalih mring dutèng wong | Layangseta mrêdapa lênggahe | asta kiwa ngusap-usap rawis | kang têngên mipit kris | akras dènnya muwus ||

23. hèh Kotbuta apa bosên urip | sira kudu nglamong | nora suka kang surat tinampèn | amangsuli Kotbuta saryandik | kula tan tinuding | mring rama pukulun ||

24. dinuta mring sang narendra putri | surat kinèn nyaos | akên sarta tinampèna dhewe | nênggih mring sang mahaprabu dèwi | horêg kang jêjaring | majêng baris têpung ||

25. lir ingunggar Dyan Seta Kumitir | mulat garguting wong | pun Kotbuta cinandhak bahune | prabu rara mèsêm jroning galih | langsene winingkis | gumêbyar kadulu ||

26. mukanira lir konjêm ing siti | pan sarwi dharadhog | kang nuwala gya ingaturake | mring kya patih tinampèn marsa[45] glis | Rêtna Rarasati | nampèni surat wus ||

27. ya ta ngandika arum amanis | mahaprabu sinom | mara yayi wacanên dèn age | layanging wong ingkang pêksa luwih | Dèwi Rarasati | manukmèng sastra wus ||

28. nora paja kawêntaring lathi | ya ta kang pamiyos | wusing sêmbah ing mangkya dyah rajèng | pun Menakjingga wus madêg aji | juluk Urubêsmi | bumintara kasub ||

29. amarentah samaning nrêpati | wudhu ing palugon | sarta lawan yèn sarju nak anggèr | Urubisma suwitèng jinêm mrik | owêl lami-lami | lêlamban sang ingrum ||

30. yèn panduka tan arsa mring mami | Urubisma abot | datan wande manglanggar jurite | Majalêngka têmah karang abrit | tur tan wurung panggih | sri nata kêcakup ||

== Pupuh 06 ==
Sinom

1. Rêtna Dèwi Rarasatya | riwusnya manukmèng tulis | waspa drês jaja kadya rah | kang surat sinêbit-sêbit | gya matur awotsari | rasèng srat tan yogi konjuk | dhapur sawênang-wênang | anglamar panduka gusti | prabu rara mèsêm sajroning wrêdaya ||[46]

2. nora talah Menakjingga | bisa têmên anglakoni | dadi wayanging juwata | wusana sang prabu dèwi | ngandika mring kya patih | kinèn magêlaran gupuh | sang dyah têdhak sing dhampar | sarya riyak têbèng puri | prabu rara wus kondur mring dhatulaya ||

3. kya patih wus magêlaran | prayitna sagunging nangkil | sira Katbuta Kotbuta | wus ajêng-ajêngan linggih | tandya pawongan mijil | Wilaja lan Sêpêtmadu | manêdhakkên nuwala | ya ulês taluki kuning | dhatêng Tubin miwah wêwangsul mring Daha ||

4. myang sêsêbitan nuwala | ya ta wus tinampèn sami | wangsul Ni Sêpêt Wilaja | Dyan Layangseta trêrampil[47] | sêbitan nuwala glis | kinêpêl binanting mawur | anèng ngarsaning duta | riyak sarwi ngusap rawis | Dyan Kumitir nêpsune tan kêna ngampah ||

5. mring Ki Rôngga Minangsraya | miwah mring Menak Giyanti | Kumitir makas anacak | mring Buta Katbuta patih | datan kawrat ing kapti | mulat mring sang pêksa digung | risang duta Sindura | apasang dènira linggih | saya nêsêk rakiting wong Majalêngka ||

6. krêkut karkut Angkat Buta | lir buta manaut jalmi | horêg wong ing Balambangan | sêdya rarêmponing jurit | ya ta sang adipati | Lugêndèr alon amuwus | duta sira muliha | sang nata datan mangsuli | umatura sêsmita ajuring sastra ||

7. Buta Katbuta gya mêsat | asêndhu dènnya lumaris | koncanira anêrampad | kya patih dènira linggih | sawadyanira sami | asugal sasolahipun | mangajap dadining prang | sing alun-alun wus mijil | tandya bubar dêdamêl wadyèng Blambangan ||

8. wolung atus jêjaranan | sêmarga ngabong-abongi | pasar kamargan rinayah | dhusun turut margi tapis | ingkang kawarna malih | duta ing Daha pan sampun | sinung wêwangsul mêsad | nuwala kang dhatêng Tubin | Arya Simping kang bêkta agêgancangan ||

9. kocapa Dyan Menak Koncar | kang têtruka nèng wanadri | lan sagarwa sêlirira | sagung kang samya angili | ngumpul dados satunggil | sampun ngrakit bingipun |[48] wus tigang dalu dènnya | anèng satêngah wanadri | cinarita radyan dalu lampah dhustha ||

10. rong puluh wong truna lanang | kang kinèn têngga ing biting | sêpalih tumut rahadyan | mring Lumajang nyidrèng pati | nuju Sang Urubêsmi | mêntas abubaran nayub | ya ta kêpati nendra | Menak Koncar anglêbêti | roro ingkang binêkta wong truna lanang ||

11. dene ingkang kathah-kathah | wus pininta-pintèng kardi | nyèluman ing prênah samar | pêngamuke kinèn nganti | ing mêngko radyan mantri | yèn wus karuwan kêpangguh | anigas Menakjingga | amêsthi suwarèng dasih | truna lanang rong puluh kinèn tumandang ||

12. dyan arya amping-ampingan | wus dèn ngon Sri Urubasmi | angaglah dènira nendra | ambathang nèng kasur sari | wus awas radyan mantri | wadyanya kalih ingantun | Menak Koncar nrêrajang | Prabu Bêsma[49] dèn kakahi | sinudukan eca angarok[50] kewala ||

13. mukane cinacah-cacah | tan pasah nora ngulisik | netranira ingurêkan | gumilir tan mawi osik | sêmana amarêngi | Sri Urubêsma anglindur | kagyat dyan arya milar | ngêjlogi kang samya guling | sami opyak sajroning pura gumrêrah ||[51]

14. gègèrira apuyêngan | pasanggrahan kalbon maling | abor sumêbar lir rina | radyan sêparane kèksi | wong bajo barang aglis | wong galagothang angêbyuk | Dyan Arya Menak Koncar | pêngamuke karo krêris | singa ingkang tinarajang anggêlasah ||

15. singa maju maju pêjah | ingkang mundur nandhang kanin | sêdaya wong truna lanang | ngamuk ingulari gusti | rinampok nora busik | linamêng pinêdhang milur | singa tinrajang pêjah | ngamuk liwung karo krêris | saya kathah sumahab wong Bêlambangan ||

16. Radyan Arya Menak Koncar | lumayu sarya nuduki | sawadyane truna lanang | lumayu amiyak biring | ya ta radyan kasupit | milar mring bata sumiyut | laju atrêrantanan[52] | wus anjlog prapta ing jawi | sawadyane ana kang mêdal ing lawang ||

17. wênèh nusup margi toya | warna-warna rêbut urip | wênèh ngancik padha rowang | gênti-gênti anulungi | wus samya praptèng jawi | anti-inganti wus kumpul | dyan arya mêgap-mêgap | sêsira ngebat-ebati | kautaman damare tan pêjah-pêjah ||

18. wadyanira truna lanang | akathah laju gumlinting | sawênèh watuk kasêlak | sêlak watuk turut margi | wênèh sêngara angling | tobat yèn kambona apyun | bukan makanan orang | taiyoli wong madati | radyan arya sêmarga mantuk mring wana ||

19. samarga agiyak-giyak | amarna tingkahing nguni | si binantang[53] menak alas | sakrêmin sakrêji anjing | sun suduk nora nglisik | ondroplas si asu buntung | kranjingan setan kawak | si luwak anggêgilani | sun tatêdha oleha tandhing prawira ||

20. kawarna ing pasanggrahan | têksih gumuruh syara tri | gègèr wong sapabarisan | Prabu Bêsma tan ngalisik | ya ta kawarna enjing | kajinêman Daha rawuh | Adipati Sindura | sineba busanèng jurit | sêkarine pra menak para dipatya ||

21. wus kumpul aprêdandanan | duta prapta awotsari | ing purwa madya wusana | saaturira wus titi | sarya ngaturkên tulis | wêwangsul sing Majalangu | tinampèn kang nuwala | binuka sinukmèng galih | sêsampune paman pangèstu manira ||

22. rèh paman atur uninga | yèn pun Menakjingga balik | andika nuwun parentah | dènnyarsa umagut jurit | langkung tarima mami | ananging tan sagêt ulun | paman asung parentah | wuruk-wuruk kêng nglakoni | lamun ajrih paran gèn sun  murunêna ||

23. yèn purun ulun tan wignya | angêndhak suraning jurit | dene ta pun Menakjingga | ing mangke sampun dhatêngi | pênglamarnya mring mami | yèn sun lênggana ginêmpur | kinarya karang abang | paman nagri Maospait | datan wande Menakjingga nglanggar ing prang ||

24. wangsul manira têtanya | paman anggêpe mring mami | ing mangke kahanan ana | manira arsa udani | titi ungêling tulis | sang dipati mijil kang luh | sarta nungkêmi sastra | wusana sang adipati | ciptanira mangajap yudakênaka ||

== Pupuh 07 ==
Pangkur

1. kapitèng tyas sang dipatya | rèrèhannya wus kathah ingkang balik | pra menak para tumênggung | ing Gêmbong Pasuruan | ing Trênggalèk ing Bangil Japan wus têluk | sêklangkung dènira merang | lawan ingkang kaping kalih ||

2. cinacat kirang grahita | awusana sinêmon wêdi mati | sami sakêdhap wus daud | budhal sakancanira | pra dipati pra menak para tumênggung | krêrigan wadya ing Daha | kadya ta sela blêkithi ||

3. Yang yang wardu ôngga sasra | têngara ngrok wor pangriking turanggi | gumêntar kêng kalaganjur | cucukira ing lampah | giwangkara ing mambêng sira tumênggung | sumambung Dipati Ngrawa | Dyan Arya Suranggapati ||

4. Kalangbrèt kinilasraya | Angun-angun ing Ngyajak[54] Watu urip | ing Pranaraga sumambung | kalih bupatènira | Endrajaya lawan Menak Côndrakètu | ya ta wong agung ing Daha | anitih syandana èsthi ||

5. sinongsongan sutra jênar | prajuritnya pat nêmbang wani mati | sèwu gêgangsinganipun | aran wong saradula | winêkasan wong Surabaya sêdarum | dêmang ngabèi lan rôngga | rèrèhannya sang dipati ||

6. sinawang sangking mandrawa | abra murub kadya wukir kabêsmi | wênèh lir mêndhung lêlaku | myang lir sêkar sêtaman | winêtara salêksa pan rêbut punjul | untabe kang balakusya | lir sêgara tanpa têpi ||

7. pamugarining ngalaga | Adipati Sindura gêng ngajrihi | dhasar pamulu ngroning puh | wimbuh jaja lir ngobar | yèn sinawang lir Jayadrata makukuh | netrandik lir surya kêmbar | mêgêp limpungnya ingampil ||

8. jajar lan bindi agêngnya | gatong walu tur wêsi purasani | sinarasah ing mas murub | mênur manik dumilah | sarta agêngira turangga nèng ngayun | aran pun jabung payudan | ulêsira mangsi warih ||

9. kalihnya gêmpung ingaran | pun Subrastha tate ingagêm jurit | anglarug ing lampahipun | sêmarga gêgancangan | ya ta gênti wau ta ingkang winuwus | sira dipati ing Tuban | kang lagya miyos tinangkil ||

10. mêgêp anèng sokasana | pêpak sagung nararya pra dipati | muwah kang para tumênggung | rôngga lan para menak | kandhuruhan êmpu mêlandang bêbuyut | angabèi sinangsraya | supênuh kêng tôndha mantri ||

11. pasisir môncanêgara | sampun pêpak sêdaya anèng Tubin | Menak Binarong Tumênggung | bupati ing Grobogan | Menak Gôndamêstaka Dipati Ngyarung[55] | ing Mdêmak[56] Menak Slingsingan | Menak Widuri ing Pathi ||

12. ing Lasêm Menak Prêmuja | ing Balora ran Menak Sônggalangit | Purbarana ing Sidayu | Tohpati ing Lamongan | ing Garêsik Ki Sawunggaling Tumênggung | Dyan Kartagnyana ing Jipang | aglar samya anèng kursi ||

13. saha bala sakusyala | amiranti sêsikêping ajurit | dipati Tuban pan sampun | nukma mring Bêlambangan | wus saèstu Menakjingga mangke purun | sêkait lan para raja | gilik lan para dipati ||

14. pangrurah sudirèng aprang | marêbut rok lan nagri Maospait | mila kinêpak sêdarum | pasisir môncanagra | eca lagya agunêman patihipun | Dyan Arya Jayapuspita | kêsaru dutendran[57] prapti ||

15. Dyan Arya Sêsimping sarya | mundhi surat miyak sagunging nangkil | dipati Tuban agupuh | têdhak sing kursènira | kalih gêpah dhodhok Dyan Sêsimping muwus | ki rôngga tampi timbalan | kêng pangèstu prabu dèwi ||

16. dhumawuha jêngandika | lawan malih nata paring sastradi | gêpah tampi matur nuwun | riwusnya tata lênggah | gya binuka nuwala udayèng têmbung | paman pangèstu manira | dhatênga paman dipati ||

17. sampune kadya punika | wiyos ulun paman asung udani | Menakjingga madêg ratu | saha nglamar maringwang | pan kinarya pêpucuk bôndayuda rug | ing mangke sumôngga ingwang | pasrah nagri Maospait ||

18. sintên ingkang mapag ing prang | kêlamun ta dede paman dipati | mngong[58] darmi jumênêng ratu | paman ingkêng kawogan | sukrêring[59] rat rêrêntênging praja ayu | manira sumôngga paman | wus titi ungêling tulis ||

19. brêmantya Dipati Tuban | wêdana brit sumyak lir wora-wari | jajanya manglatu-latu | kadya blêdhos winulat | cingak sagung pra menak para tumênggung | goyang dènira lêlênggah | pan sarwi ngusapi rawis ||

20. sinamur mêksa kawêntar | sasrêmutên salira mulu gêtih | surat ingidrêkên[60] sampun | gênti manukmèng driya | warna-warna pra menak para tumênggung | sawênèh mijil kang waspa | sawênèh kêng waja gathik ||

21. nging tan kawêdharing sabda | pating krêkuh samya angajab jurit | sigra lêluwaran sampun | sarta ubaya mangkat | Radyan Jayapuspita suwarèng wadu | prajurit wong dulang mangap | kêlawan wong jadhipati ||

22. tanapi wadya tamtama | sarawisa sadhiya ing ajurit | Ki Rônggalawe wus kondur | tansah kêkanthèn asta | lan Dyan Arya Sêsimping aruntung-runtung | bisik-binisik sumrasah | adu sêmu pasang lungit ||

23. gya pinarak ing pêndhapa | sang dipati lan Dyan Arya Sêsimping | ing purwa wusananipun | andangu mring dyan arya | amangsuli ing saniskara wus katur | manggut Ki Rôngga ing Tuban | tan mawi mangsuli ing ling ||

24. wus mijil punang tadhahan | binggêl bot lor kampuh lan ali-ali | paningsêt calana sampun | tinampèn mring dyan arya | tandya ngunjuk dhasar kang dhêdharan rawuh | kêmbul boja kalihira | kang ngladosi para sêlir ||

25. miwah kang para bêdhaya | ragi nata surya bisika minging | kang gêndhis lukat binarung | rêbab suling mangraras | sang dipati dènira dhahar ajunun | sabên-sabên katamuan | wong agung miwah dipati ||

26. mangkana yèn anunggata | mila sami sêdaya ajrih asih | rèrèhane para ratu | sêdene pra dipatya | para menak ambêk darma among tuwuh | miwah tamuwan pandhita | têlatèn gunêm sêmèdi ||

27. sawusira kêmbul buja | Dyan Sêsimping sinung wangsulan gyamit | mêsat saha bala daud | lampahe gêgancangan | aprayitna dyan arya sawadyanipun | kunêng gênti kawarnaa | sang adipati ing Tubin ||

28. nimbali sêntananira | kasalira pamomonge dyan kalih | awasta Ki Dêmang Gathul | sêpuh cucuting sêbda | praptèng ngarsa kang putra kinèn nênungkul | dhatêng wana pagrogolan | dhasar têtumpon wus lami ||

29. Dêmang Gathul sampun mêsat | radyan kalih ngaturan mring wanadri | mangkat lan panakawan wus | asikêp towok kantar | panah pasrê[61] suligi sawadyanipun | dhasar sami rênanira | dyan kalih nêdhêng birahi ||

30. cêngkrama sangsam andaka | kêbo danu siniwo sing turanggi | wulanging rama wus rampung | radyan wus kêlampahan | wasis ulah turôngga manandêr mamprung | onclang manumbak anggêbang | cupiting wêweka ngênting ||

31. tuwin yèn asikêp panah | myang sênjata tuhu yèn angênèni | sêdene ing dharatipun | rikat rampit trêngginas | tau ngijèn banthèng minungsuh wan suduk | lumpatira kadi kilat | yèn ngancap angrêspatèni ||

32. anuduk sarya amilar | mila klangkung rênanira ing galih | panglulanging rama langkung | rampung lesan sêbarang | main pêdhang atanapi ngulah ganjur | wus laju mring pagrogolan | mêgatruh kang anèng wuri ||

== Pupuh 08 ==
Mêgatruh

1. wus sadintên sêdalu dènnya ngimur kung | sira sang dipati Tubin | mriyêmbada para arum | ginantyan pênawunging sih | tuhu baud asmarèng ron ||

2. nanging garwa pêpusrêring[62] tyas kang kantun | dènnya andhatêngkên ing sih | ing mangke sang dyah ingimur | Rêtna Dèwi Banowati | gêpah sinambut jinêm ngron ||

3. lah kantuna gusti mêmanising arum | pun kakang apamit jurit | minta sih dika mas ingsun | mapak wong sura sinêkti | widibya wrating palugon ||

4. tan tumama ing braja tapaking palu | gorendra sisaning kikir | sèwu tan roro kang purun | mring pun Menakjingga yayi | mung ingsun purun silih rok ||

5. yènta dhasar angsal pangèstu sang ingrum | sarta tampi sihing gusti | têlênging pinujèng kayun | ya tansah mindêl wong kuning | baya pun kakang rinêngon ||

6. yayi apa suwadine duka mringsun | pun kakang atadhah runtik | suka sinêrêng ing lulut | ginanjara ing jinêm mrik | mangèstu pada sumaos ||

7. nadyan akèh kêng para maru rèningsun | tanapi kang para sêlir | nora paja-paja masku | sajrahing ngangin ngèmprêri[63] | lan dika guruning sinom ||

8. Wilutama ing syarga pan rêbut pasmun | tandhinga ruming mêmanis | yayi tan môntra mèmprê[64] kung | sagunging kang widadari | pantês nyênyèthi mor mawong ||

9. mung andika gusti kang asih mring kakung | kang ngratoni ing wêwangi | musthikaning arum-arum | pun adipati ing Tubin | sinihan dening sukmanon ||

10. pinaringan garwa têtungguling patut | sêsasotyaning luwês manis |[65] kumaraning widasantun | pinuja ing Yyang Pramèsthi | tumitis dadi mas ingong ||

11. ciptaningsun mring yayi dika wong ayu | angabdi-abdi sayêkti | tan kraos krama rèningsun | ing ariloka mas gusti | pun kakang malawijangron ||

12. lamun cidra têtêngrêrana[66] saumur | ing ariloka mas yayi | tagihên ngarsèng dewagung | gusti yèn ginalih lamis | pun kakang tumamèng pangkon ||

13. pangèstulun ing agêsang amung catur | kang dhingin Yyang Sukmanadi | kapindho dyah ratu ayu | kaping tri sira wong kuning | baku titising krahayon ||

14. lawan ciptaningsun mring kang mrih rahayu | kang mupangati nèng bumi | puniku jangkêpnya catur | ewasamono mas yayi | pêpêt-pêpêting tyas ingong ||

15. amung sira kang gumarit ing sir suwung | suwunge yayi nglimputi | kang ana wujud dewangrum | kang pawor jroning sêmèdi | mung dika sang kumarèngron ||

16. sang dyah dangu ingimur anèng jinêmrum | pinangku nèng kasur sari | sêmang driya kapirangu | kawlasên sabdaning laki | nambang liring aturnya lon ||

17. gusti sang dipati nuwun nuwun sampun | kapundhi sihing akrami | wrating tyas tinilar pupuh | ulun datan sagêd kari | mênang tiwas ing palugon ||

18. ulun tumut yèn layon tunggil campurung | yèn unggul kula ngladosi | mawongan madyaning pupuh | suka sang kakung namur sih | mangras binarung sêbdalon ||

19. nora kaya nah anggèr kang gêtir juruh | kasuwun kapundhi-pundhi | kasuksmana wrêdayèngkung | wong ayu trêsna ing laki | dadyarsa milwèng palugon ||

20. yêkti rikuh cèwèng pamêlênging mungsuh | môngsa kobrêra[67] ngladosi | nak anggèr mring dika masku | baya durung babak busik | wadyagung sun têkèng layon ||

21. sing labête pangèstu puja mantranus | sun tan ngetang baya pati | katongton manising pasmun | èsême gumarit ati | kepyan ingrêring palugon ||

22. nora liwat gusti kang asawang santun | mung sihira kêng kaèsthi | dhuh gusti lunturna masku | kang dadya jimating jurit | sun cipta jroning palugon ||

23. dèn prêcaya yayi gèningsun prang pupuh | yèn rinusak ing dewadi | nora pilih marganipun | tan kêna dèn pêpalangi | andhap tiwasing palugon ||

24. wus pinêsthi ing janji tan bisa wurung | yèn rinêksyèng ing sukmadi | sapa bisa ngrusak mring sun | yèn kinarya unggul jurit | sapa klar mungsuh maring ngong ||

25. balik yayi lindhungêna mring dewagung | sapangrèh darma nglakoni | myang andhap ungguling pupuh | dudu pakaryaning jalmi | atas karsaning sukmanon ||

26. sang dyah kèndêl luhura sêbdaning kakung | nanging datansah rudatin | rèhnyarsa tinilar pupuh | ing kakung kapranan dêling | sinamun mucang sang sinom ||

27. sang dipati angrakêt ing jyala rungrum | ngladosi gantyaning rayi | aluwês sasolahipun | ngisêp-isêp mawang liring | lir brêmara mangusyèng ron ||

28. nyênyêt manis aluwês têmbunging kakung | mangranu pada ing sari | nak anggèr jimating ulun | musthikaning adi luwih | mung dika gusti sun êmong ||

29. wus sêdene yèn sira kêng ngakon wurung | pun kakang tan èstu jurit | prandene para tumênggung | pra menak para dipati | pêpak lir jalanidi rob ||

30. lawan bênrê[68] pamintanira mas ingsun | ulun kinèn wurung jurit | nanging wus karsaning ratu | ewasêmono mas yayi | wuruk-wuruk karsaningong ||

31. prabu rara pantês dhahara rah ingsun | sênadyan murungna jurit | pun kakang sayêkti sanggup | pirang bara têmbe yayi | namtokkên pramadoning ron ||

== Pupuh 09 ==
Dhandhanggula

1. sang dyah nyiwêl aturnya mikat sih | gêgawokan lamun darbe sêbda | iku tur lêlamis bae | mendah suraking mungsuh | yènta lamun wong agung Tubin | tan miyosi kêlagan | ngèsêman dewagung | prajurit anjayèng rana | mung cacade tan asih marang ing cèthi | nora nimbangi trêsna ||

2. kang sun têdha ing siyang myang latri | sun bêbuntar nèng panoning kônca | aja pisah lan dhèwèke | nanging tan pinilaur | cinampahan ngrubêdi jurit | sang kakung rêsêp mulat | mèsêm mangusyèng glung | gumuywa binarung sêbda | nahing anggèr kang ora-ora ginalih | mendah yèn mêngkonoa ||

3. nora liwat gusti wong akuning | ginaliha utamaning yuda | lir wong sêmèdi ciptane | ing pandêngan pan anrus | pêndadaran Suksmana lwih | tan kêna silir cipta | dhompo wawasipun | sêdene yèn têkèng ajal | keron budi kurang utamaning  pati | cinêla ing Sukmana ||

4. bènèh lamun pati kêng patitis | trus ing tingal têkèng kawisiksan | agung langgêng kasyardane | marma mirah rèningsun | dipun pasrah kang murbèng bumi | kang gêlar isèning rat | tan liwat wong ayu | amung ta sih dika sêbda | sun karyane nah anggèr sangu ngajurit | minangka tumbaling prang ||

5. sang dyah mengo ngêsêb nambang liring | anoragèng lumèngsèr sing pangkyan | winor ing sêm sêpdane |[69] bok sampun sang binagus | mriyêmbada dhatêng kang cèthi | apa tan bosên mana | wong wis padha sêpuh | bok têpung sanak kewala | nora isin putrane têtiga sami | tur padha wis diwasa ||

6. sang dipati dêlingnya amanis | nahing anggèr duk pêngrasan ingwang | nanging bènèh lan yêktine | Sêkati putraningsun | kakang sari pantêsing adhi | mas mirah marang sira | pinasthi dewagung | gêsang dèn tumêkèng lena | ngariloka wong roro manggung don rêsmi | mêmanoning asmara ||

7. yèn sun andulu mring dika gusti | lir dukanya durunging diwasa | lami sayembah lêng ngêse | duk putra siji wuwuh | mêmanise saya nusuli | pêputra kalih wêwah | ingungsi sumrah rum | pêputra tiga mas mirah | kumaraning luwês mêsês mulêting sih | ngumpul mring banowatya ||

8. srining buwana srining mêmanis | pasrangkara myang srining sêsôngka | ngumpul marang dika kabèh | srining kasyargan pitu | srining widadari wus ênting | ngumpul mring banowatya | gusti mirah ingsun | midrêring[70] rat tanpa sama | sumrahnyarum gandhange angrêspatèni | ngêbêki nagri Tuban ||

9. kêmanisên Rêtna Banowati | sinunggun-sunggun pinudèng tilam | cêngêng lênglêng ing driyane | lir sarah munggèng ranu | wus rumojong karsaning laki | wimbuh ing kadrêsanan | ginunturan madu | winayang susela brôngta | amartani ing rêsmi rêsmyarsèng ing sih | sih arsèng tama sêbda ||

10. tan kacatur kang anèng jinêm mrik | dumugi dènnya apulang raras | enjing gumêntar syarane | têngara umyang gumruh | kang kêndhang gong wor tambur muni | salomprètira raras | têtêgnya lir kêtug | sumahak kêng balakusya | pra dipati menak rôngga lan ngabèi | anglur anèng paseban ||

11. sajuru-juru sagunging dasih | neka-neka  dinulu asinang | kumlap têtunggul ayune | ngobar-abir ngênguwung | kang bandera kêkôndha asri | supênuh wadyèng Tuban | maglar ngalun-alun | Dyan Patih Jayapuspita | matah-matah mêminta lakuning baris | ya ta sang adipatya ||

12. wus angrasuk kêpraboning jurit | sang dipati pinrak ing pêndhapa | kinubêng para garwane | Banowati sang ayu | lir mintuna kêlawan mimi | dahat tan kêna bênggang | sang dipati baut | nglêlipur ing paribrôngta | rêbut manis pra garwa kêng para sêlir | sinêmbramèng ing sêbda ||

13. putranira Dyah Rêtna Sêkati | tansah rinangkul dhatêng kang rama | winawang-wangwang citrane | lir sunggingan winangun | kraosing tyas dipati Tubin | apan kadya sinêndhal | kang putra ingimur | dhasar gungan ing la-êla | saha garwa putra myang kêng para sêlir | riwusnya nukmèng pada ||

14. angandika risang adipati | dhatêng garwa Rêtna Banowatya | wis yayi kantuna anggèr | poma sapungkuringsun | putranira manira titip | alya nganti ruditya | atmanira têlu | lare luwih gunganira | dene ingsun titipna mring Suksmadi |[71] dèn sami jurung mulya ||

15. alon mangkat risang adipati | ginarêbêg para garwanira | putrèstri bondhèt koncane | kanthèn asta amungguh | lawan garwa Sang Banowati | kandhêg ing paregolan | Ki Rôngga nêbdarum | lan kantuna mirahingwang | nahing anggèr pun kakang amagut jurit | sun minta jampi brôngta ||

16. sang dyah mucang mulung sangking lathi | tinarimèng waja sang dipatya | mangras mangrangkul garwane | kadya kupu atarung | dangu dènnya amêgat ing sih | sêdaya ngêmu waspa | sagung para arum | ya ta lajêng lumêksana | sang dipati wus pinrak ing pôncaniti | aglar ingkang sumewa ||

17. menak rôngga lan para dipati | kinèn mangkat saha balakusya | budhal tinêmbang gêndhinge | kalataka[72] jumêgur | kadi grêrah syaraning jalmi | lir sulung mêdal enjang | èbêg wra supênuh | tan kaliru prênahira | wijah-wijah masêlur magolong pipis | makupu-kupu atap ||

18. ya sranggunitaning kakusya sri | tan jrak bajra prakatha kadya grah | sumahab patya wèsthine | yan saraning mawatub | perang-perang winulat kadi | tarunaning udaya | kang mangsaning catur | kang dadya cucuking lampah | Krêtagnyana ing Jipang sumambung wuri | Tohpati ing Lamongan ||

19. Sawunggaling Garêsik nambungi | gya sumundhul Arya Purbarana | Sidayu ya ta wurine | Sônggalangit Tumênggung | ing Balora ingkang nambungi | Nglasêm Menak Prêmuja | sumundul ing pungkur | Menak Slingsingan ing Dêmak | sinambungan Menak Widuri ing Pathi | tandya wadya ing Tuban ||

20. sarawisa araning prajurit | sèwu asikêp biring sunapan | sinambungan ing wurine | dulang mangap pôncatus | sikêp karbin ingkang sêpalih | sêpalih towok kantar | dhadhap lawan tulup | sinamungan[73] wong tantraman | satus samya winaron sikêp jêmparing | jamang mas kinartipa ||

21. wuri pisan ingkang amêkasi | kawan dasa prajurit ingaran | wong Jodhipati andêl tos | dharat asikêp ganjur | gagah gagah prakosyèng jurit | brêngos godhèk plawangan | gêng-agêng kaluhur | rampèk polèng kuluk cabang | abêbadhong kotangnya baludru langking | rinenda nut dondoman ||

22. dhuwungira sami cara Bali | tau tate mêndat |[74] pinetar tètèr amèntèr | tate samya ingadu | banthèng danu ingijèn sami | sawancine digdaya | jalmi catur puluh | tau mangrêmpak warastra | ganjur biring upacara anambungi | asri yèn tiningalan ||

23. lante kêndhaga bawat tanapi | kuthuk lawan kêkacu ajajar | lantaran lawan kandile | pan samya munggèng ngayun- | nira wau sang adipati | kering kanan sêntana | miwah magrêsantun[75] | syaraning bala gumrêrah | nulya tindakira risang adipati | mêgêg anumpak durma ||

== Pupuh 10 ==
D u r m a

1. kang minôngka pamugarining ngalaga | sira sang adipati | mêgêp nitih kuda | dhawuk ran sariyuda | pinênganggyan abra rukmi | solah wiraga | asongsong mliyo kuning ||

2. yèn sinawang lir sasrabahu mangsah prang | makutha bra rêtnadi | murub kang ujwala | kênyar liringe netra | merang yyang pratônggapati | kinare wadya | saya minuni sari ||

3. udanira andhungan pan anèng ngarsa | aran pun sangupati | ulêse dhawuk bang | nate ingabên aprang | gulang gulang amrêrapit | Dipati Tuban | kadya binayangkari ||

4. ginarêbêg pra mantri tuwin sêntana | asongsong warni-warni | lir krêndha manglayang | abên busana raras | pirang-pirang kêng kosya sri | rahadèn patya | Jayapuspita pêkik ||

5. amêkasing ing wuri amangku wadya | ngirit kalih bupati | Binarong Grobogan | Ngyarum Gôndamêstaka | pratistha rahadèn patih | nitih turôngga | aran pun layar warih ||

6. sinongsongan dyan arya maliyo jingga | jamang mas winarja sri | ginarudhèng wuntat | arundhing ganggêng kentar | sêmbada dêdêg rêspati | jênar brêranyak | lir sahadewa jurit ||

7. sampun daud sêdaya prawiraning prang | yang yang sela blakithi | wardu ôngga sasra | mawukir guntur abra | tanjrak kumilating rawi | singgunging sara | lir pendah kilat thathit ||

8. rindik-rindik gunastra manggônda raras | tunggul kêkôntha asri | lêlayu bandera | yang yang lêngkawa teja | sangking mandrawa kaèksi | kêng balakusya | lir jalanidi ngalih ||

9. asri tinon busana mawarna-warna | kêng kuning samya kuning | amrok tiningalan | lir podhang sèwu abang | samya bang sinang lir agni | kêng samya seta | lir kuntul nêbèng rawi ||

10. wulung galong[76] lir mêndhung ngêmu ludira | kang ijo ijo asri | lir bèthèt sayuta | biru wor biru samya | lir mêndhung tumibèng siti | wênèh kêng samya | mênganggo sora sari ||

11. lir manyura rêraton langking sinawang | galong pra sami langking | lir dhandhang sayuta | tuhu maneka-neka | lir sêkar sêtaman asri | untabing bala | lir guntur sèwu ardi ||

12. mêne gênti ucapên Sri Urubêsma | ri sêdhêngnya tinangkil | para raja-raja | nararya para menak | kêlawan para dipati | kêng sinangsraya | dêmang rôngga ngabèi ||

13. para dhaèng para andêl para lurah | tinon mawarni-warni | ana lir rasêksa | wênèh pindha andaka | ana kadi gajah srênggi | wênèh lir macan | barong dèn bêbasahi ||

14. kang sawênèh pinangku jêjinggotira | brêngos sacirak sisih | godhèk wok talingan | simbar lir bêbarongan | busana mawarni-warni | wênèh makutha | kêncana kang pinardi ||

15. kang sawênèh trêpong pindha kumala |[77] praba mangringih-ringih | dinulu lir parang | têbah jaja asinang | bêbadhong sawanci-wanci | kadya kumba mas | têkês mawarni-warni ||

16. jamang sungsun-sinungsun abra asinang | sawênèh udhêng gilik | sêpupu gêngira | rinenda ing kêncana | sêsumping mawarni-warni | wênèh kêncana | rineka surèngpati ||

17. kang sawênèh pindha sêkar kanigara | wênèh gajah manguling | satêngah sumping mas | reka pudhak satêgal | sawênèh ingkang sêsumping | masêkar-sêkar | gêgodhongan wanadri ||

18. kang sawênèh rinangkêp ingkang curiga | katiga carabali | angracak sêdaya | ukiranya kêncana | rineka mawarni-warni | ingkang satêngah | sagolèk gêng ngajrihi ||

19. mangah-mangah lir dauta lambung kiwa | wênèh nyuriga bindi | kang sawênèh pêdhang | panjang sadhêpa ngayang | ana ingkang gendhong karbin | kalung bêdhama | wênèh kadi pinandhi ||

20. ana ingkang rambute pinara tiga | cinakot kêng sasisih | prajurit bêlabar | aran wong golo gothang | bajo barang kanan kering | wong gathudara | jurang gathu nisihi ||

21. macan ambal caruk dhênggung sura rayah | miwah wong cukil manik | rujak polo lawan | sura bêthot mêlatar | samya ugungan ing gusti | sawênang-wênang | gunging wong ngajap jurit ||

22. Prabu Bêsma dumugi sinewagara | kasukanira ngênting | giyak andrawina | kêsaru praptanira | Katbuta Kotbuta patih | asigra-sigra | miyak sagunging nangkil ||

23. kagyat mulat sang nata duk praptanira | duta patih nèng ngarsi | lah kapriye bapa | sun kon mring Majalêngka | angaturkên surat mami | mring sotyaning rat | dhenok wong anjukining ||

24. kang kaèmpi ing siyang dalu katingal | ratu mas Majapahit | kang akarya rimang | wèh edan karungrungan | kang gawe bingunging ati | katiga dawa | kêsêl angêluk gigir ||

25. age arsa ngêmban ratu Majalêngka | matura bapa patih | apa karanira | dene tan gawa sastra | wêwangsul sing prabu dèwi | Kotbuta nêmbah | gusti tan angsal kardi ||

26. surat dalê[78] wus katur mring prabu rara | dene kang nukmèng tulis | sêntanane nata | wanodyayu utama | aran Dèwi Rarasati | wusananira | srat sinêbit-sêbit ||[79]

27. apan ngantya prabu dèwi lêluwaran | ulun tan dèn wangsuli | dhatêng prabu rara | wusana Layangseta | mangsuli pêpucuk jurit | apêksa lancang | ngungkurakên ing gusti ||

== Pupuh 11 ==
Pangkur

1. ya ta risang Urubêsma | duk miyarsa aturira kya patih | sakêlangkung dukanipun | idêp mangada-ada | wêdana brit wor suh kithal kêng pamuwus | wus pinêsthi ing juwata | tan kêna ginawe bêcik ||

2. nêgara ing Majalêngka | nora wurung sun karya karang babrit[80] | dene angrêgêdi dhêngkul | kang aran Layangseta | ambêg sura mangajap dadining pupuh | êndhasa sèwu sênajan | rupaa buta sakêthi ||

3. ingkang aran Layangseta | sun tan ulap dene kêpati-pati | mangindhakkên suraningsun | padene Rarasatya | kumalancang manêbit nuwalaningsun | lumuh bosên ing agêsang | si binantang gege pati ||

4. yènta si sêsotyaning rat | mokal lamun nampika mring wak mami | tan ana ginawe ayu | lamun tan arsa mring wang | Angkatbuta Kotbuta nêmbah umatur | ngrêrês tuwanku Sri Bêsma | apan adatnya ing nguni ||

5. yèn siniwi prabu kênya | dèrèng nate pukulun miyak samir | pan amung sapraptèng ulun | anglela miyak gubah | mancêr liring mring kawula sang aprabu | trêsôndha panggil kewala | dènira akarya sandi ||

6. Larasati Layangseta | kumapurun adigung kumasêkti | dene ta sang ratu ayu | katêmbe kula mulat | suwarnanya pun dasih tan sagêd munjuk | lir gambar jroning supêna | sajagad tan wontên kalih ||

7. Sri Bêsma kadya ingunggar | sigra kinèn nêmbang têngara jurit | kang wadya ingatag daud | gumêntar salang tunjang | nata lampah saha bala sakusya nung | pra dipati para menak | gumrêgut anata baris ||

8. kawarna Sang Prabu Bêsma | wus angrasuk kêpraboning ajurit | miwah garwa sêlir manggung | wus tata prajuritan | tandya miyos malih dhatêng tarub agung | sang nata sagarwanira | manggung myang kêng para sêlir ||

9. majêmur têngara gumrak | kang kêndhang gong têtêg mawanti-wanti | sênjata maryêm jumêgur | pracina mangkat ing prang | mawurahan gora rèh syara gumuruh | bodhol sêkala sumahab | Sri Bêsma manitih èsthi ||

10. Seta galaknya kagila- | gila têngran pun palwaga ngajrihi | songsong lar manyura sungsun | pratistha Sang Sri Bêsma | agêmira pusaka bindi amungguh | tan  pisah anèng matêngga | para garwa manggung sêlir ||

11. kawan dasa anèng ngarsa | warna-warna wahananira sami | ana kang nitih crêrumpung | wênèh joli jêmpana | kang satêmah pêdhati wahananipun | wênèh grêbong ya ta ingkang | têtiga kang pramèsyari ||

12. pan samya nitih dipôngga | kêng pawongan parêkan para cèthi | anitih kuda sêdarum | samarga gêgancangan | Sang Sri Bêsma asangêt parentahipun | pacuwan wong murang dalan | miwah wong rèrèn nèng margi ||

13. wadyabala ing Blambangan | lampahira lir ladhu gunung Bêlis | lir sulung kadrêsan jawah | umèb[81] mangambak-ambak | wêndran yutan maalas magunung-gunung | têmpur atêmah rêratan | jurang miwah kali-kali ||

14. kèdêk kèlês ing kusyala | sagungira wadya mônca dipati | nagri Lumajang kapungkur | sêdalu rêrêp marga | enjing budhal ing Prabalingga wus rawuh | kawarna dipati Daha | Pasêdhahan dènnya baris ||

15. sampun amiyarsa warta | Menakjingga ing Prabalingga prapti | enjing têngara gumêntur | sumrêp kang bala budhal | mapak ing prang tan ana kêng ngucap takut | ya ta Sang Sri Urubêsma | nèng Prabalingga sêlatri ||

16. enjing wus budhal sumêdya | rêrêp anèng Pasêdhahan nêgari | saha bala sakusya nung | makêthèn-kêthèn yutan | wong bang wetan mangarap-arap supênuh | lêlakon sêpalih dina | gya têmpur kang punang baris ||

17. dêdamêl ing Majalêngka | manrod giyak saha ambendrong bêdhil | gègèr wong bang wetan kuwur | kagyat kinêpruk ing prang | bilulungan jinêjêl sangking ing pungkur | wong Majalêngka mangidak | wong wetan kathah ngêmasi ||

18. pra menak para dipatya | langkung duka ngawaki ing ajurit | mangêtab turôngga mamprung | singa katrajang bubar | kathah pêjah wong Maospait pan kisruh | bubrah tataning payudan | para menak Maospait ||

19. ngawaki kuwêl padha las | angrok kèkèt pêdhang-pinêdhang gênti | sawênèh suduk-sinuduk | wênèh tumbak-tinumbak | para menak pra dipati Majalangu | kinaro tiniga kapat | tan ana kang nguciwani ||

20. manungkêp wadya ing Daha | Sang Sindura ngamuk mangowak-awik | gumêntar kêng kalaganjur | surak lir langit rêbah | kalataka mariyêm lir gunung guntur | sang dipati saya nêngah | singa kêng tinrajang gusis ||

21. pra dipati ing bang wetan | kathah pêjah linimpung myang binindi | dipati Bangil wus lampus | Menak Calunthang pêjah | Menak Wiladaka ing Gêmbong wus lampus | pênatasing ron wus pêjah | bubrah wong wetan kêng baris ||

22. pra dipati Majalêngka | kalih ingkang kêsambut ing ajurit | Ngyajak Menak Angun-angun | Kalangbrèt Nilasraya | wus campuh wor tambuh rowang lawan mungsuh | têmah pêtêng magagapan | clèrèting mimis lir thathit ||

23. tan liyan swaraning paprangan |[82] namung sêbrak rêkatak ting carêngkling | kumrapyak gropak makêpruk | pating krêkuh wong brana | ing payudan atêmah sêgara marus | kapalang drês ingkang jawah | cuwa kêsaput ing wêngi ||

24. wus mundur kang bandayuda | Sang Sri Bêsma langkung duka tan sipi | wadyanya tumpês manglarut | ginêtak ing ayuda | pra dipati pra menak kathah kang lampus | wus mundur ing Prabalingga | anggagap samargi-margi ||

25. malih ingkang kawarnaa | adipati ing Daha nata baris | anggêgrê[83] anggajah watu | rêrêp anèng Ngajangan | tan kawarna ing latri enjing wus daud | mangangsêg mring Prabalingga | datan kawarna ing margi ||

26. wus prapta kikising kitha | wadya Daha kumrab ngabong-abongi | Sri Urubêsma kawuwus | sêklangkung dukanira | gya parentah pra menak para tumênggung | kinèn sami ngantêp yuda | sarya ngawaki ngajurit ||

27. gya budhal sabalanira | wong bang wetan krêrig tan ana kari | kadya wukir sèwu guntur | rumambak ing ra-ara | pirang-pirang magênggêng datanpa etung | umèb supênuh bêlabar | lir jalanidi mangalih ||

28. dêdamêl ing Majalêngka | saya cêlak bêbahak urut margi | saksana parêng andulu | mring dêdamêl bang wetan | adipati ing Daha ngabani wadu | kêng kala ganjur tinêmbang | têngara majêmur atri ||

29. wong saradula nrêrajang | para menak manurung saha dasih | mangêdrèl surak gumuruh | baris ing bang wetan |[84] tadhah angrok rinok binrêrêk[85] mapangguh | tur sami sudaranira | tan ana angeman pati ||

30. dhasar samya warêk dana | tuwuk dadar myang lèlèr sihing gusti | tan ana angucap takut | sênjata wus kawuntat | gumrêrabyak tumbak-tinumbak makêpruk | kulewang tarung lan pêdhang | gêbrag-ginêbrag ing tamsir ||

31. ing payudan  sêgara rah | watang bangke sarah kêpala jisim | lumut bandera lêlayu | parang-parang turangga | liman pênuh muksyale sundawa têdhuh | kang yuda gagap ginagap | ting brêkuh syaraning kanin ||

32. dhêdhêl ngarsa wuri ngidak | ting salêbrak syaraning kêng mangungkih | wong saradula asêngkut | lawan Bugis Madura | kuwêl kèkèt pan kadya gêmak atarung | wênèh manakot manêkak | manuduk awanti-wanti ||

33. acangklèt wong Pranaraga | mambêng bali bandhung kuwêl kadya glis | maputrê[86] mangkrak manuduk | anglir sulung tumangan | tumpês ngarsa ing wuri ngidak manubruk | maglut mapikut macuthat | ambandhol grènèng mawal kris ||

34. mangsah giwangkara nêngah | ngiwang-ngiwung mangamuk karo krêris | gya nrombol Menak Prêmangsul | dipati Pêkacangan | sru mangrênjah ing kuda kèkèt manaut | pêmatangira kaliwat | suduk-sinuduk sing wajik ||

35. kalih sami suranira | anrêrajang dipati ing Wêlèri | kinalih giwangkara wus | pêjah niba sing kuda | Ki Surônggapati ing Ngrawa mangamuk | Menak Pangsêng Pasuruan | tadhah akèkèt kang wajik ||

36. panumbakira kaliwat | Menak Pangsêng sinabêt wus ngêmasi | Surônggapati saya nglut | linambung sangking kanan | Menak Jaya Lêlana sampun mawêntus | ngêstul sinarêngan tumbak | dipati Ngrawa ngêmasi ||

37. Côndrakètu Endrajala | manrod mamuk singa tinrajang gusis | Sri Dewataka ing Bandhung | nadhahi Êndrajaya | rajèng Bali gung Walikrama manglambung | asikêp bindi nrêrajang | Côndrakètu anadhahi ||

38. trêngginas Sri Basutôntra | Côndrakètu sinabêt wus ngêmasi | Êndrajaya rajèng Bandhung | dangu pêdhang-pinêdhang | Dewa Jarumaka rajèng Bugis nêmpuh | sèlèh têgar narik pêdhang | Êndrajaya dèn larihi ||

39. nora titis pinêdhangan | saya dangu rêmpun ngêmasi |[87] dipati Daha kawuwus | sampun ajêng-ajêngan | lawan rajèng Madura dènira pupuh | kalihnya anitih liman | acangklèt kang punang èsthi ||

40. asikêp lawung nênggala | rame jojoh jinojoh nora osik | ngrangkêp gada bindi nêmpuh | tan ana kang kuciwa | kalih sami widigbya sudirèng pupuh | lumumpat dipati Daha | angrasuk tunggil saèsthi ||

== Pupuh 12 ==
Durma

1. tan gumingsir sira sang rajèng Madura | kèkèt luhuring èsthi | agada-ginada | tan ana kang kuciwa | risang Sindura dipati | Sri Baudhêndha | samya èbêg ing galih ||

2. buwang gada mawa glut dhêngkah-dhinêngkah | kêpalaning kang èsthi | dhinêngkul wus rêmak | gya rêbah kapisanan | sarêng lumumpat sang kalih | tumibèng kisma | angisar gada bindi ||

3. umyang gumrah suraking mungsuh lan rowang | kadya ngrubuhnya langit | gong maguru gôngsa | têtêg kaya butula | kêng kala ganjur mêlingi | para dipatya | para raja nungkêbi ||

4. Adipati Sindura kèsisan bala | kinarubut ing bêdhil | sinasok ing watang | suligi kadya udan | sang dipati nora osik | singa rinêmpak | mawur tan môngga pulih ||

5. anrêrajang malih risang Baudhêndha | pinupuh sang dipati | nanging tan wigatya | kalih wus guwang gada | dhasok-dhinasok[88] tan kongkih | sêndhal-sinêndhal | tarik-tinarik gênti ||

6. para raja mudhun sing turangga liman | ngêmbuli sang dipati | ana sikêp barga | sawênèh limpung kunta | wênèh gora piling gadhing | datan rinasa | ing Sindura dipati ||

7. maksih kèkèt cêcêpêngan ikêt pinggang | lan Sang Madura aji | astanira kanan | ingkang kiwa manglawan | singa cinandhak tininggil | binuncang kentas | rêmuk luluh ngêmasi ||

8. singa ingkang mangrasuk dhinupak pêjah | Menak Sopal ngêmasi | dhinêngkul muka crah | ya ta Sri Baudhêndha | duk ginggang sigra ingungkil | binuwang kentas | Jaya Lêlana aglis ||

9. numbak sangking kiwa rinêbut wus kêna | watang atugêl kalih | Dyan Jaya Lêlana | kinisar anèng tawang | sinabêtakên tumuli | dening prêbatang | luluh wus angêmasi ||

10. Sri Dewagung Walikrama sigra mangsah | ngrasuk goco kêtampin | curiga rinêbat | binuwang sampun kentas | maputrê mawa glut tunggil | sigra binuwang | kentas sang rajèng Bali ||

11. Sira Menak Caluring nuduk katampan | kinisar nèng wiyati | Caluring kinarya | mamuk mamupuh lawan | wus bubrah tataning baris | amawurahan | menak raja ngunduri ||

12. Sang Sindura wus kawuron ing ngayuda | singa sinêrang gusis | Kotbuta umapag | mangrênjah kuda galak | pamêdhangira tan titis | kuda dhinupak | rêmak wus angêmasi ||

13. tibèng kisma Kotbuta ngrasuk binuwang | Angkatbuta ngingrêri | sing wuri manrajang | mêdhang sampun kêtampan | binuwang kentas lir mimis | Sri Urubêsma | dukanira tan sipi ||

14. sigra mangsah ginarbêg wadya sêliran | sarya anitih èsthi | seta pun palwaga | wong galagothang arsa | bajobarang kanan kering | wong gathudara | juranggathu nisihi ||

15. Macan Ambal Caruk Dhênggung Surarayah | miwah wong Cukil Manik | Rujakpolo lawan | Surabêthot sumahab | asikêp ganthol cêmpuling | grêrènèng canggah | pêpênthung lan suligi ||

16. wong ing Daha wus kumpul malih barisnya | sasisaning kang mati | nusul mring dipatya | sarya nêmbang têngara | sumêdya mangantêp jurit | rêrêmponing prang | ya ta sang adipati ||

17. sarêng mulat Sri Bêsma umangsah ing prang | lêgèng tyas sang dipati | majêng mangsah dharat | gadanira kinisar | saha bala galong pipis | surak lir grêrah | kalaganjur munya sri ||

18. sarêng cêlak sira Sang Sri Urubêsma | sigra têdhak sing èsthi | wadya kinèn surak | rame têngara gumrah | salomprèt kakênthung bèri | bêndhe sauran | têtêg mawanti-wanti ||

19. Sênsayenggar[89] sira dipati Sindura | dhasar agêng ainggil | asinggah wiraga | sigra ing tindakira | kadya anggobahna bumi | amandhi dhêndha | ebat kêng aningali ||

20. amakutha jamang sungsun pinaraba | remanya pinara tri | atêngbah mênggala | tinon lir Jayajrata[90] | Sri Urubêsma sru angling | lah ta Sindura | sun eman mapag jurit ||

21. nora wurung sira tumêka ing pêjah | dudu lawanmu jurit | angur anututa | sira nora palastra | besuk yèn ingsun wus panggih | lan prabu rara | sira sun gawe bêcik ||

22. lawan ingsun têtêpakên anèng Daha | lan sun wuwuhi linggih | Kalangbrèt Trêsana | Trênggalèk lan ing Rawa | lawan sun trimaning putri | nyunyah Mrêtisa | lawan picis sakêthi ||

23. adipati ing Daha sarêng miyarsa | talingan lir sinêbit | akras sêbdanira | ora Si Menakjingga | tan kêna ginawe bêcik | tan duwe ala | Maha Brawijayadi ||

24. sira dadak balela amurang krama | pêksa angrata bumi | yèn maksih Sindura | alya[91] agirang gumya | kêplok tangan banting sikil | tan wurung sira | rêmuk katiban bindi ||

25. gumyalatah  sira Sang Sri Urubêsma | ambapang sarwi angling | mara Sindu mara | tibakna bindènira | Kotbuta Sang Adipati | krura mawa glap | kumrêkèt waja gathik ||

26. punang dhêndha tinimblasakên buntala | bungkar kang punang bumi | anggrêro lumumpat | Urubêsma jinangkah | ginada mawanti-wanti | kêng gada rêmak | kurdhanira tan sipi ||

27. gya rinasuk Sri Bêsma sigra kinisar | sinabêtakên aglis | ing watu kumlasa | ajur kêng punang sela | sênsaya krura mawêngis | manaut rema | Bêsma tinubruk aglis ||

28. sinabêtkên prabatang ajur kang wrêksa | risang Daha Dipati | klangkung bêk sarosa | mangrik mangrah ruhara | kumutug mawulat agni | ambêdhol sigra | waringin gya tininggil ||

29. wong ing Daha alok mati mati sira | surak gumêntur asri | makubêng sumahab | wong Daha lan wong wetan | Sri Bêsma bapang mabêlik | dhapur mathingkrak | bêksa anolèh wuri ||

== Pupuh 13 ==
Pangkur

1. bêkuh mabutênging manah | sang dipati giro andrês waspangrik | magarot bau sumiyut | lumumpat ngisar[92] gurda | kadya baubajra[93] kêng gadhong[94] mawêdrug | sinabêt Sang Urubêsmi |[95] angglêpung punang waringin ||

2. gumrah suraking wong wetan | kênthung bèri syaranira mêlingi | risang Sindura mawêdrug | bêkuh Bêsma cinandhak | putrê cangklèt ambêg sarosa kumutug | rinaruwuk Sang Sri Bêsma | dhinêkah mangungkil wanti ||

3. kinisar kumbul kêtampan | sinabêtkên ing wrêsa[96] nora osik | dhinupak kontal tinubruk | winangkris dhuwung rêmak | kèdêg kèlês ingukêl wanti ginuntus | cape astane dipatya | sêkala angêmu gêtih ||

4. kinipat kontal lir balang | Urubêsma tibèng siti kuwalik | sakêlangkung dukanipun | nyandhak bindi pusaka | wêsi kuning ingikal kinisar wêtu | dahana mangarab-arab | Sri Bêsma asru dènnyangling ||

5. hèh Adipati Sindura | lah pilihên urip kêlawan pati | dene ta kêlangkung-langkung | bêk sura digung ing prang | Sang Dipati Sindura nauri wuwus | iya sun pêlaur pêjah | mulih kawisiksan mami ||

6. untapna mring ariloka | ingsun nusul Maha Brawijaya ji | lah ta payo-payo gupuh | tibakna bindènira | sang dipati gya mêgat napas wor pamruh | lan dewane Yyang Wisiksa |[97]  Sri Bêsma nrêrajang aglis ||

7. sidhakêp risang Sindura | nora lawan binindi kêng pok kuping | kapisanan lumêstantun | seda anèng kêlagan | sasisaning pati wong Daha mangamuk | sawênèh ngrêbat kunarpa | layoning sang adipati ||

8. gêpah winrating turôngga | wus binêkta lumayya[98] dening dasih | lumêbêt jroning wanagung | wong wetan wus katilap | marêbut rok wong Daha sarêng gumulung | Ki Kêbo Gêdhah umangsah | labuh pan sarya anangis ||

9. para sêntona[99] karuna | samya labuh mangamuk karo krêris | wong galagothang mangêbyuk | wong juranggathu panggah | macan nambak rujakpolo daragathu | caruk dhêgung surarayah | Surabêthot ngrubut jurit ||

10. Ki Kêbo Gêdhah magalak | wong Blambangan akèh wonge kang mati | Angkatbuta sigra nêmpuh | Kotbuta ngingtrê[100] wuntat | Kêbo Gêdhah kinalihan dènnya pupuh | pinêdhangan sampun pêjah | pra sêntana para mantri ||

11. kinarubut sampun gêmpang | kang kusyalit larut tan môngga pulih | Katbuta Kotbuta manglud | sarowangnya mangrêmpak | Urubêsma kondur masanggrahan sampun | saha bala sakusyala | ya ta gênti kang winarni ||

12. nguni Kumitir lan Seta | nuwun mangsah mêthuk Sang Urubêsmi | ngirit wong sajro sêdarum | lan menak kêpatihan | sampun prapta pasêdhahan gunêm rêmbug | lawan Madiun Dipatya | kincang menak balaruci ||

13. gêlar gajah têpèng sara | Jagaraga Ki Menak Brajamusthi | ing Kartasana Kêlungkung | Sarêngat Bagaspatra | angulari nênggih pakewuhing laku | paran yayi dayanira | si paman Sindura uwis ||

14. anglanggar mring Prabalingga | kari gawe nêmu sisa ing jurit | Layangkumitir umatur | kakang mas Layangseta | tan suwawi ulun nusul mring apupuh | kados dede wong prawira | amomor nunggil pakardi ||

15. asae bawa priyôngga | kantênane benjing paman dipati | andhap ungguling apupuh | yèn marêngi kangkang[101] mas | paman Kartasana priyogi ingutus | lan yayi mas ing Sarêngat | pun kakang ing Saosragi ||

16. angaturna kang nuwala | nênggih dhatêng Daha paman dipati | nantun kêsagahanipun | yèn kêdah binantonan | kônca tiga wau lajêng amangêmbul | sarta inggal aputusan | mring kakang atur udani ||

17. sêdhêng panduka umangsah | ngirit kônca Madiun lan jro sami | tan ngèsêman jananipun | lamun paman dipatya | sinagahan priyôngga ingkang apupuh | yudane pun Menakjingga | apa gawe magut jurit ||

18. kônca tiga awangsula | ulun ajak baris ngriki priyogi | sêdhêng têbih cêlakipun | datan kontap ing mêngsah | tan kagêpok kanisthan lingsêming pupuh | jrê[102] paman Dipati Daha | cupêt nalar ing wêwadi ||

19. angandika Layang Seta | iya bênêr ing aturira yayi | paman Sindura abusuk | nora nganggo wêweka | tan ngawruhi anggah[103] ungguhe mring mungsuh | tan malipir kasujanan | sêksana akarya tulis ||

20. dhapur mring dipati Daha | sampun dadya Layangseta nêbdaris | lah paman Menak Kêlungkung | lan yayi Bagaspatra | lawan kakang Brajamusthi ingsun utus | anusul mring Prabalingga | angaturna surat mami ||

21. nuwala wusnya tinampan | Adipati Trêsona Saosragi | Srêngat mangkata sawadu | antara saonjotan | gya kapêthuk wong kang sangking kawon pupuh | saya sinêrang lampahnya | anulya kapêthuk malih ||

22. wong brana sapirang-pirang | tinupiksa sasolahing ajurit | umatur andhap kang pupuh | wadya ing Majalêngka | saya manrod lampahnya tandya kapêthuk | dêdamêl loroding aprang | saha tawan-tawan tangis ||

23. tinanya mangsuli tandya | Adipati Sindura wus ngêmasi | kasambut madyaning pupuh | pra dipati tumpêsan | para menak dêmang rôngga sirna gêmpur | dèrèng dumugi têtanya | kêsaru wong wetan prapti ||

24. wong Trêsôna samya nulak | wong Sarêngat Saosragi mangisis | kathah pêjah rinaruwuk | kang mlayu nandhang brana | pra dipati angawaki ing apupuh | ngêtap kuda ngêmbat watang | singa kang sinêrang mati ||

25. kêkênthung bèri gumrêrah | surak awor lawan krutuging bêdhil | Kotbuta mingrê manapuk | Angkatbuta mangrêmpak | Bagaspatra ingindhih sêkala têmpuh | silih rok bêbang ginêbang | Menak Kalungkung nulungi ||

26. Kotbuta nrombol manumbak | tatas têrus Menak Klungkung ngêmasi | mangrêmbat wong juranggathu | nigas mêstakanira | Bagaspatra agiras sigra lumayu | Menak Brajamusthi panggah | kinarubut cêmpuling ||[104]

27. kudanya ginanthol rêbah | Brajamusthi cinandhak dèn kêmbuli | pinikut pusara sampun | rinusak dhinèdhèlan | kari ngadêg mung cêlana ingkang kantun | Bagaspatra wus binêdhag | wong Surarayah nadhahi ||

28. Buta Kotbuta mangrêmpak | galagothang rukdhênggung cukilmanik | gathudara juranggathu | wong bajobarang ngrayah | Surabêthot Rujakpolo sru mangêbyuk | ngêdrèl nyêmpuling manyanggah | grêrènèng nurung mênthungi ||

29. kinarubut ing akathah | Adipati Srêngat numbak manitir | wong Caruk Dhênggung gumulung | mamrêm mamuk mangrêmpak | Bagaspatra kudanya rêbah wus lampus | pangamukira adharat | watang rinêbut wus kêni ||

30. cinanggah dening wong kathah | wus pinikut sarta dipun dhèdhèli | wong gathudara arusuh | apan sawênang-wênang | jinogètkên sarta tinimblis ing pênthung | sinurak agiyak-giyak | babêstan kalih dipati ||

31. ngaturkên mring Prabalingga | Angkatbuta Kotbuta manglut sami | sakancanira manglarug | prapta ing Pasuruan | ngabong-abong anjêjarah ngrayah mikut | Dyan Kumitir Layangseta | gugup tyasnya sang kalih ||[105]

32. datansah abilulungan | wôngsa ing jro bubar larut kang baris | Buta Kotbuta wus rawuh | sabala sakusyala | ngobrak-abrik amêdhang numbak manuduk | nyêmpuling masrê[106] manyanggah | kênthung bèrinya tinitir ||

33. wong Majalêngka sumêbar | asasaran tanbuh ingkang dèn ungsi | pra mantri kathah kapikut | Kumitir Layangseta | kêkadhalan aniba tangi lumayu | anjrunthul turut jêjurang | Menak Madiun kawarni ||

34. sira Gajah Têpèngsara | Balaruci kêpanggih mêmpên sami | arakit sawadyanipun | anèng sajroning wana | labêtira kabrukan wong Majalangu | dhasare nora pitaya | tinindhihan radyan kalih ||

35. mila ing manah sumêlang | rangu-rangu dènnya nglabuhi jurit | Seta Kumitir wus pangguh | lan Gajah Têpèngsara | Balaruci kudanya kalih pinundhut | syandana sami pamêjah | asêndhêt dipati kalih ||

36. dènira mangsuli sêbda | sinaosan liyan agêming jurit | Layangseta langkung bêndu | ngundhat mangundhamana | Dyan Kumitir manarik curiga gupuh | kuda kalih cinuriga | kapisanan wus ngêmasi ||

37. kurda gajah têpèng sara | Balaruci wadyane dèn kêjèpi | gya giyak ngêdrèl gumrudug | dyan kalih nêbas-nêbas | pinêtakan pêlayune nusup-nusup | dipati kalih wus rêmbag | ngumpul mring Katbuta patih ||

38. anulya minta putusan | kajinêman kêkalih tur upêksi | mring Buta Kotbuta sampun | panggih punang utusan | awotsêkar kya patih ulun ingutus | dening Gajah Têpèngsara | Gêgêlang lan Balaruci ||

39. ing kinandhang saha sêmbah | yèn ing mangke gusti kula dipati | datan eca manahipun | suwitèng Majalêngka | sêdya biluk angabdi jêng sang pukulun | narendra ing Bêlambangan | yèn parêng lawan kya patih ||

== Pupuh 14 ==
Asmaradana

1. kêsmaran[107] sarêng miyarsi | Ki Patih Buta Katbuta | lah ta utusan dèn age | aturana gustènira[108] | luwih rumojong ingwang | biluk marang jênêng ingsun | kang punang duta umêsat ||

2. prapta aturnya wus titi | dipati kalih gya mangkat | wus prapta sasolahnyanor | ki patih ngrêsêpi sêbda | sami sêtya sumêtya | miwah janji toging pupuh | ki patih wus tur uninga ||

3. mring gusti Sang Urubêsmi | ya ta ri sêdhêng kawarna | ing Prabalingga sang rajèng | datansah sinewagara | nayub lan para nata | dipati menak tumênggung | pra dhaèng lan para rôngga ||

4. dhasar mêntas mênang jurit | gumuntur syaraning gumrah | ya ta kêsaru praptane | utusanira dipatya | lêlurah kajinêman | Udan Prahara ranipun | lawan pun Barat Katiga ||

5. mangah-mangah wêdana brit | lir sêkar wora-wari bang | kanyina yèn angsal gawe | wus titi saaturira | anyaoskên trêsôndha | kêpala menak kêlangkung | lawan ngaturkên bêbêstan ||

6. Jagaraga Brajamusthi | ing Sarêngat Bagaspatra | Sri Bêsma pangandikane | lah yayi mas ing Madura | kadya paraning karsa | Sri Baudhêndha umatur | dewaji yèn pandukarsa ||

7. prayogi dipun têlasi | jamak wong tilasing aprang | amanggih pati têmahe | lamun ajriha ing pêjah | ing nguni punapaa | tan têluk dèrèng ing pupuh | angêdohi tindak nistha ||

8. Sang Prabu Bêsma lingnyaris | lêrês yayi mas Madura | nêdha pinêjahan age | ya ta sampun kêlampahan | tinunuh ing akathah | tinigas murdanira wus | Brajamusthi Bagaspatra ||

9. gya wontên utusan malih | sing patih Buta Katbuta | atur uninga sang rajèng | ing môngka rêkyana patya | wus ngancik padhêkahan | Seta Kumitir wus pangguh | nanging oncat sing barisan ||

10. mawut sawadya magusis | lan malih atur uninga | dipati Madiun karo | aran Gajah Têpèngsara | kithanira Gêgêlang | lawan malih wêstanipun | Balaruci ing Kinandhang ||

11. têluk dhatêng kyana patih | tan mawi krêrana aprang | laju kinandhi ing mangke | baris anèng Pasêdhahan | lawan miyarsa warta | Rônggalawe badhe rawuh | ing Tuban sabala tôntra ||

12. sapasisir môncanagri | Sri Bêsma kêlangkung suka | kang duta tinulak age | sarta paring mimis obat | mring Madiun dipatya | sarta makutha lan dhuwung | kampuh tênapi cêlana ||

13. miwah inuman ngajurit | brandhuwin arak wêragang | tan winarna ing lampahe | gêntya ingkang kawarnaa | ing Tuban sang dipatya | sakônca wadya nung-anung | prapta ing Bangil nêgara ||

14. wus tarub kawula alit | têluk mring dipati Tuban | ya ta duk sarêng praptane | pra dipati para menak | rôngga lan sinangsraya | akumpul dhahar makêmbul | kang gêndhing munya mangraras ||

15. anginum dhasar wrêradin | ya ta sawusnya luwaran | sowang-sowang mring kuwone | kêsaru Dyan Layangseta | Kumitir gurewalan | manangis sumungkêm suku | angling sang dipati Tuban ||

16. putraningsun radyan kalih | sampun amônca udrasa | paran purwa wusanane | umatur Dyan Layangseta | dhapur ulun dinuta | ing maha sang umarèng rum | kinèn nindhihi panduka ||

17. minôngka tingale gusti | anjênêngi yèn tuwan prang | nging lami ngantosi ingong | paman dhumatêng panduka | kalungsèn datan prapta | ulun nganti sarya magut | andhêsêg mring Prabalingga ||

18. botên nyata botên ngimpi | para menak kêpatihan | ing manah wus mirong kabèh | kaid lan wong Bêlambangan | anèng ngarsa manulak | ambanggèl ngêpruk ing pupuh | kawula kasoran ing prang ||

19. wôngsa ing jro mawur gusis | kèlês karoban ing mêngsah | wantu wong Madiun kabèh | ing Kartasana Sarêngat | ing Saosragi lawan | Kotbuta Katbuta manggut[109] | ulun karobaning lawan ||

20. kêsangsang ing ganjur lungit | wong Majalêngka sumêbar | mila kawula lumèngsèr | yèn enggal paman praptaa | kados tan ngantos tiwas | sang dipati mèsêm muwus | anak lêrês jêngandika ||

21. Dyan Seta umatur malih | paman Dipati Sindura | ing mangke wus têkèng layon | tumpês ing sabala tôntra | awit para dipatya | ambalik nulak manapuk | punika tiwase paman ||

22. wimbuh pun Kotbuta patih | Katbuta samya mangrêmpak | paman kalantur yudane | pitambêt cidra ing aprang | têmahan kenging gêlar | kagyat sang dipati ngungun | wusana arum ngandika ||

23. baya karsaning suksmadi | kakang mas dipati Daha | kêsambut madyèng palugon | tansah kumêmbêng kang waspa | matur Dyan Layangseta | wong wetan ing mangke manglud | baris anèng Pasêdhahan ||

24. wangsul paman adipati | ing mangke karsa panduka | kadi pundi ing palugon | nêgari ing Majalêngka | panduka kêng kawogan | timbalannya sang dyah prabu | ulun kinèn dados tingal ||

25. anggêp panduka ngajurit | tênapi kang pra dipatya | para menak sêkathahe | ulun sumôngga ing tuwan | mênggah dadosing aprang | tanapi sirnaning mungsuh | prabu rara wus pitaya ||

26. dumugi agunêm kawis | sang adipati ing Tuban | ing dalu tan winiraos | enjing budhal saha bala | nglanggar mring Pasêdhahan | kadya gunung alêlaku | lir samodra rob bêlabar ||

27. lir sêkar sêtaman asri | sinang lir gunung pawaka | èbêg mandrawa pênuh wor | sotyampayana kumilat | jatha mangarab-arab | kang hru sêsêg-sêsêg gêntur | gora rèh mangrah ruhara ||

28. têtunggul kêkôntha asri | lêlayu lawan bandera | teja wangkawa pindhane | kuwung kawawang ing tawang | lir obar-abir sinang | nagri ing Bangil kapungkur | lir pêksi andon kunarpa ||

== Pupuh 15 ==
Dhandhanggula

1. sira Buta Katbuta winarni | Balaruci Gajah Têpèngsara | gunêm rèhirèng palugon | rêmbug kang baris mundur | sawetane ing Kalicacing | mancal sing Pasêdhahan | saha bala daut | dinugi tan bangkat karya | wus binabot abot boboting ajurit | risang dipati Tuban ||

2. datan wêgah prakosyaning jurit | nora wang-wang sêkti kadigdayan | ingkang dadya pakeringe | dènnya maglarkên wadu | saha dasih sakônca mantri | menak rôngga dipatya | mèstuti tyas kêmbul | raharja sura wêweka | bisa ngadu ing bala tôntra mamrêsih | sumbaga Jayèngrana ||

3. nora wurung pakewuh dènnya mrih | ayêm ginasah waskithèng gêlar | ngarah-arah pakewuhe | patitis ing apupuh | pilih gêlar atandhing jurit | jrê Buta Angkatbuta | wus tau padha wruh | gya badhol[110] ngunduri lampah | macak baris sawetane Kalicacing | mangongkang ing hèrnawa ||

4. biting kapang amidrê miranti | sinêla-sêla ing kalataka | sarta minta bantu age | mring gusti sang aprabu | Urubêsma krêrig bantoni | dhaut[111] sing Prabalingga | sabalakusya nung | pabarisan amêltar |[112] biting rompoh anèng sawetaning kali | mariyêmnya pinasang ||

5. malih warnanên dipati Tubin | mangu sarêng praptèng Pasêdhahan | wong wetan sampun lumèngsèr | dadya lêrêp sadalu | sang dipati sêksana enjing | budhal sabakusya |[113] lumrang wra supênuh | lir jalanidhi lumembak | rênggèng sarabusana lir surya sangking | ngudayagiri Bêsma ||

6. sampun prapta sakilèn bênawi | baris aglar tata pabitingan | pinasang kalatakane | sinang abra supênuh | lir mahendra sêkar mangalih | sonar yyang arka merang | gêbyar-gêbyar santun | pating karênyêp sumirat | prênadèng rat sênsaya minuni sari | nanging tan nglanjak ing prang ||

7. atanapi wong wetan kêng baris | datan purun mêdali ing aprang | eca nèng jro bitingane | tansah samya anayub | asauran kang gêndhing muni | surak ambata rêbah | agênti gumuntur | sadintên sadalu pisan | tan ana prang kang gêndhing munya mangrangin | mawêntar kawiragan ||

8. lamun dalu sumuk mring ngyiyati[114] | tatorira wadyèng pabarisan | ngakasa gumêrah tinon | mega-mega manglayung | lir rahina padhanging siti | myang jalma ngambil tirta | mring kali masêlur | sumilak obor sumêbar | mubyar-mubyar munggah mudhun mring bênawi | wimbuh srinya winulat ||

9. dungkap kalih dintên kalih latri | datan ana mêtoni ing aprang | rèrèh padha pêngarahe | miranti siyang dalu | sagunging kang para dipati | ngumpul makuwon Tuban | drawina manayub | mêntarakên kawiragan | kasêntikan abêksa rinakit-rakit | gêndhing munya mangraras ||

10. wênèh bêksa rinakit wong jurit | kang sawênèh bêksa rangin dhadhap | bêksa kêmbang myang jêbênge | wênèh abêksa gambuh | wênèh bêksa manginum larih | ngêdhasih punang sênggak | lokira gumuruh | kang kêplok ambal-ambalan | sang dipati tansah mèsêm aningali | nyêngaja sukaning lyan ||

11. ingkang dadya gawoking ningali | lamun bêksa Arya Purybarana[115] | lan Krêtagnyana sisihe | rèh gora-godha digung | aprakosya ngobahna bumi | Kumitir Layangseta | bêksanira baud | bêsus rarasing irama | sapêngadêg sasolah pawor lan gêndhing | dadya pangeram-eram ||

12. ya Yang Utara Warasôngka mrih | ri sêdhêngira mangrêpa  ing dyah | urut lan solah netyane | radyan patih amungguh | sisih lawan Menak Widuri | ing Pathi kadya kêmbar | solah wiraga nrus | tan kêbatang asung rimang | mung sêdhêpe prawira amrak atèni | lir Nakula Sêdewa ||

13. lyaning para menak pra dipati | samya dawêk tan ana kuciwa | Ki Rônggalawe duk anon | mèsêm suka ing kalbu | tandya dhahar minum wêradin | ngênting dènnya kêsukan | Sri Bêsma kawuwus | magiyak amawurahan | Urubêsma acucut dènnya mangibing | mangèbyèng kasêntikan ||

14. slomprèt kênthung bèrinya tan kari | wadya kinèn bêkik asauran | têka dadi pêpantêse | sawênèh para ratu | ingkang gêndhing Acarabali | wênèh bala gumêntar | wênèh slomprèt tambur | sawênèh rêbab biola | sasukanira wusnya mangêmbul bukti | minum aprajanjeyan ||

15. para dhaèng para rôngga sami | para menak tinodhi ing aprang | Malangsumirang ature | sumbar-sumbar gumuruh | lir gapyuka padha sawêngi | miwah kang para lurah | tansah ngajap pupuh | Maharaja Bêsma sru suka |[116] gathudara juranggathu dèn kilèni | miwah wong galagothang ||

16. bajobarang rujakpolo manik | carukdhênggung myang wong surarayah | gumrêrah kêsaguhane | wênèh ana bêngkilung | miwah padha rowang cangklèt brik | kèkèt makuwêl krêrah | macaruk gumulung | putrê-maputrê kakinak | pèngêl mangkral datan kawarna ing latri | ngênting durma kasukan ||

== Pupuh 16 ==
Durma

1. kawarnaa sira Radyan Layangseta | enjing nyêpêng wong Bugis | nuju pêkathiknya | Sri Dewa Jarumaka | kupingnya pinrung sasisih | cinukur mrapat | gya kinalungan tulis ||

2. dhapur dhatêng rajèng Bugis Jarumaka | surat pênantang jurit | sêksana wus prapta | ngarsane Jarumaka | kagyat sarêng aningali | wêngis sêbda kras | surat binuka aglis ||

3. ijêmannya pèngêt ingsun Layangseta | kang angsal sihing gusti | turing kang minôngka | pramugari ngalaga | praptoa[117] mring rajèng Bugis | Sri Jarumaka | yèn padha wong linuwih ||

4. anabranga mring sakulone bêngawan | payo tandhing lan mami | yèn dhasar prawira | prajurit suramrata | eman jumênêng nrêpati | yèn tan puruna | angur nisila têki ||

5. jrê wong Bugis iku cocote lir luwak | tan patut awor jalmi | akuthuh tur mangkak | ngawula Menakalas | ratu jêjêmbrêri[118] bumi | tan wurung sira | dadi pasrahan pati ||

6. sampun putus ungêle punang nuwala | sigra ngabani dasih | Dewa Jarumaka | sabala sakusyala | bêngkêlung gêbyur bênawi | wong kawan nêmbang | mangrêmpak anèng warih ||

7. gamanira mung cundrik lawan kulewang | towok wargu cêmpuling | nglangi ting kurambang | Bugis sapirang-pirang | pinetaran sangking nginggil | akathah pêjah | prandene tan ngunduri ||

8. sampun nabrang mring sakuloning bêngawan | Jarumaka abêkik | sabala nrêrajang | mangrêmpak pabitingan | ingêdrèl nora manglèsi | nusup magalak | Layangseta anggêndring ||

9. amarêngi pabitingan ing Lamongan | lan bitingan Garêsik | rinêmpak wus bubrah | gègèrira puyêngan | kadya gabah dèn intêri | Sri Jarumaka | manon mangowak-awik ||

10. sigra mangsah Menak Tohpati Nglamongan | Sawunggaling Garêsik | dharat sikêp watang | sawadyanya kinêtap | gapyuk kèkèt silih ungkih | kuwêl sangkut prang | wong Bugis kadi bêlis ||

11. Jarumaka amuwuh mring Layangseta | hèh papagêna mami | payo Layangseta | padha wong suramrata | ngling sarya nyukit mapiling | mêncak macithat | nêpak lamêng-mêng  matitir ||[119]

12. Sawunggaling angucap mring Bugis Raja | adoh elok mangincih | mring Dyan Layangseta | payo nrajanga mring wang | sun kêmbari padha siji | Sri Jarumaka | ngikal lamêng mawêngis ||

13. mêncak milar manapuk ing kering kanan | singa tinêbak mati | maputrê nrêrajang | nglamêng sarya amilar | Sawunggaling anadhahi | landheyan patah | pêdhangira tinarik ||

14. nabêt langkah Sri Jarumaka malumpat | Tohpati anglarihi | tinangkis watang crah | rinukêt jaja bêncah | cinorok murda cinangking | abyuk mangrêmpak | wong Bugis galong pipis ||

15. Sawunggaling sampun katangkêb ing papan | kinrutug ing cêmpuling | rêbah gya tinigas | sirah kinarya onclang | sang adipati ing Tubin | duk amiyarsa | dukanira tan sipi ||

16. amarêngi Radèn Arya Purbarana | lawan rahadyan patih | nèng ngarsèng dipatya | kalih wus sigra-sigra | kêlawan wong Jadhipati | prapta ingajang | ngrêmpak rok silih ungkih ||

17. wadya Bugis nyêmpuling ginêbang kentas | nusub kacundhuk biring | amêncak tinumbak | milar-milar winatang | nadyan putunga kang biring | lamun ingancap | nadhahi mêdhang miring ||

18. kêngkat lampik akèkèt dugang-dinugang | manglut untir-inguntir | cinundrik tan tatas | wong Jadhipati panggah | winangkris Bugis kèh mati | rahadyan patya | kinrubut kalih katri ||

19. sinêkawan liniman dyan patih panggah | linamêngan tan osik | cinundrik pinêdhang | tansah wayang-wayangan | brêstha kawal tinampiling | pèngêl kalênggak | binithi crah kapicil ||

20. Purbarana kinêmbulan ing akathah | gêbang buntar manitir | singa maju pêjah | numbak cinuthat kentas | akathah laju pinandhi | bangke tumawang | dhupak manganan ngering ||

21. Jarumaka amêndhak pilar nrêrajang | tinadhahan ing biring | katulak manrajang | malih ginêbang kontal | mamuk mabutêng manangrik | miring lumumpad | sarya manangkis biring ||

22. gapyuk mocok ing griwa kuwêl magalak | Purbarana tan osik | mangungkil binuwang | gya dhawah ngering nganan | mêcok kêpala prajurit | matigas tatas | gapyuk wor kèkèt malih ||

23. lan Dipati Sêdayu Dyan Purbarana | wêntus lamêng mawal kris | mawa glut putrêran | kalih sudirèng aprang | mangungkih bênggang tininggil | Sri Jarumaka | binuwang tibèng têbih ||

24. anututi Dyan Arya Dayapuspita | ngancap kêt pinggang mundur | kang rema mangikal | pinutrê anèng tawang | winuwung sang rajèng Bugis | dening curiga | salang tatas ngêmasi ||

25. wus gumulung pra menak para dipatya | mangrêmpak ing wong Bugis | manigar manumbak | ngêstul nuduk amêdhang | manah masrê anyêmpuling | mangglut manigas | saya kathah ngêmasi ||

26. wadya Bugis lir sulung lêbu tumangan | bangke sungsun matindhih | ingkang lagya nabrang | tinadhahan wong Jipang | Krêtagnyana numbak nitir | asarah bathang | bêngawan mili gêtih ||

27. wadyèng Bali anggêbyur aramon watang | wong Jipang ametari | bangke ting kurambang | ing wuri jêjêl nabrang | Katbuta Kotbuta patih | kadya kitiran | lawungnya ngampah jurit ||

28. rajèng Bali umangsah wus ingadhangan | mring Prabu Urubêsmi | wong wetan mêlatar | aglar anèng pinggiran | sampun sinapih kang jurit | ingkang wus nabrang | tumpês tan ana kari ||

29. sampun sami amakuwon pabitingan | sira Sang Urubêsmi | siniwèng pra raja | pra menak pra dipatya | para dhaèng para mantri | ya ta ngandika | mring sang Madura aji ||

30. yayi prabu paran prayogining lampah | pakewuh dènnya jurit | kalangan bêngawan | wadyakèh samya risak | tan kêna nrokos jurit |[120] kêlamun datan | linanggar tan nglawani ||

31. dèn antosna sacôndra môngsa lawana | paran rêmbage yayi | matur Sri Madura | dewaji yèn kawula | sae ginêbyuran sami | singa kang bêja | pasrah ing Yyang Suksmadi ||

32. rajèng Bali tinaria ta aturnya | yèn marêngi dewaji | yogi kinartêgan | nênggih ingkang bêngawan | ngong merang wandea jurit | mendah ta ingkang | pocapan ing sabumi ||

33. lamun datan dados ing rêmbag punika | suwawi milih malih | sabrangan kang kêna | cinacak dening kuda | nadyan campuh jroning kali | yèn têbih lawan | pabitingan kang lami ||

34. rajèng Kêling tinaria ta aturnya | ulun rêmên anganti | tan kenging inguntap | nadyan sasèn-sasèna | arjaning bala kêng pinrih | lan sampun ngantya | cuwa karsèng nrêpati ||

35. yèn kinginga[121] tuwanku sampun kêmaga | amondhong prabu dèwi | ya ngrisakkên bala | tuwan yèn pandukarsa | Buta Katbuta tinari | kapriye bapa | prayoganing ajurit ||

36. sira Buta Katbuta matur wotsêkar | lamun suwawi gusti | baris ingunduran | dimèn wong kilèn nabrang | dhumatêng wetan bênawi | tuwan kondura | mring Prabalingga gusti ||

37. kang supados pun Rônggalawe ing Tuban | galak anêmpuh jurit | gampil tinadhahan | mila mangke tan nglanggar | ering mring panduka gusti | alit kang manah | manungsa Maospait ||

38. kang supados kinginga ginlaran ing prang | têmah ènthènging jurit | dipati ing Tuban | kêlamun dèrèng nabrang | ginêbrag ing rèh tan kongkih | ayêm ginasah | papanipun miranti ||

39. Sang Sri Bêsma sakêlangkung dukanira | manêntak sabda wêngis | langkung merang ingwang | ngantya mundur sajangkah | mendah ratu Maèspait[122] | mèsêm ing manah | dinugèngsun gumingsir ||

40. rèrèh têmah miranti srayaning aprang | kurang gugur Kumitir | kaya dudu lanang | wong agung Bêlambangan | wiguh mawigih ing pati | matur wotsêkar | Buta Katbuta patih ||

41. hèh prabuku pukulun ginalih wangwang | rêbut rok silih ungkih | nèng madyaning aprang | ulun mundur sajangkah | cacahên sabiting-biting | lamun kumêdhap | mingo sagadhong[123] pari ||

42. sinosoga ing ganjur biring mangatap | datan langkung dewaji | mung sagêd amangsah | rèh mungsuh ayêming prang | julig ing gêlar patitis | datan maganas | kewran tangkêbing dasih ||

43. para raja gumulung ngêmbul aturnya | Buta Katbuta patih | wus lilih Sri Bêsma | kundur mring Prabalingga | pra raja menak dipati | dhaèng myang rôngga | daut sakusyanya tri ||

44. sira Buta Katbuta mundur sêksana | manglar atata baris | nèng kikising kitha | menak raja dipatya | sêpalih sampun rinakit | gênti kawarna | sri nataning ajurit ||

 

1. Asli tanpa judul.
2. Baris 1-7 tidak ada karena hal 1-3 juga tidak ada.
3. Kurang satu suku kata: èbêk supênuh ing Majalêngka.
4. Layang kumitir.
5. Wisesa.
6. kêratone (dan di tempat lain).
7. wana (dan di tempat lain).
8. rinugmyabyor.
9. Jonggringsalaka.
10. Sumênêp.
11. jumênêngnya.
12. paramarta.
13. Kurang satu suku kata: sarta asêgara gêtih.
14. bêranyak (dan di tempat lain).
15. nêrajang (dan di tempat lain).
16. Kurang satu suku kata: ginitik tindak ing praja.
17. tilawat.
18. ngantih.
19. gêrah (dan di tempat lain).
20. Lebih satu suku kata: kawarnaa ing Blambangan.
21. bangkit.
22. pranyata.
23. Kurang satu suku kata: ingakên sudara wèdi.
24. manuksmèng (dan di tempat lain).
25. Pamênggêr (dan di tempat lain).
26. nadyan.
27. jinatèn.
28. Kurang satu suku kata: tansah sinêngap-sêngap.
29. nglênggêr.
30. Kurang satu suku kata: Sang Bêthara Basutôntra.
31. paduka (dan di tempat lain).
32. gregah.
33. wong.
34. pramèswari (dan di tempat lain).
35. bodhol.
36. kêrig (dan di tempat lain).
37. nambang.
38. rame.
39. bêrêg-binêrêg.
40. kêris (dan di tempat lain).
41. tambuh (dan di tempat lain).
42. magêrsari.
43. sêsurat.
44. ngingêr (dan di tempat lain).
45. ngarsa.
46. wardaya (dan di tempat lain).
47. têrampil (dan di tempat lain).
48. Kurang satu suku kata: sampun ngrakit lêmbingipun.
49. Bisma (dan di tempat lain).
50. angorok.
51. gumêrah (dan di tempat lain).
52. atêrantanan.
53. binatang.
54. Wajak (dan di tempat lain).
55. Warung (dan di tempat lain).
56. Dêmak.
57. dutendra.
58. ngong.
59. sukêring (dan di tempat lain).
60. ingidêrkên. (kembali)
61. pasêr (dan di tempat lain).
62. pêpusêring (dan di tempat lain).
63. ngèmpêri.
64. mèmpêr (dan di tempat lain).
65. Lebih satu suku kata: sêsotyaning luwês manis.
66. têtêngêrana.
67. kobêra (dan di tempat lain).
68. bênêr (dan di tempat lain).
69. Kurang satu suku kata: winor ing èsêm sêpdane.
70. midêring (dan di tempat lain).
71. Kurang satu suku kata: dene ingsun titipna mring Suksmanadi.
72. kalantaka (dan di tempat lain).
73. sinambungan.
74. Kurang empat suku kata: yèn tinatah tau tate mêndat.
75. magêrsantun.
76. golong (dan di tempat lain).
77. Kurang satu suku kata: kang sawênèh tarêpong pindha kumala.
78. dalêm.
79. Kurang satu suku kata: sêrat sinêbit-sêbit.
80. abrit.
81. umob (dan di tempat lain).
82. Lebih satu suku kata: tan lyan swaraning paprangan.
83. anggêgêr (dan di tempat lain).
84. Kurang satu suku kata: barisan ing bang wetan.
85. binêrêk.
86. maputêr (dan di tempat lain).
87. Kurang dua suku kata: saya dangu rêmpu sampun ngêmasi.
88. dhosok-dhinasok.
89. sansayenggar.
90. Jayajatra.
91. aywa.
92. ngisor.
93. bayubajra.
94. godhong.
95. Guru lagu seharusnya: 8a, sinabêt Sang Urubêsma.
96. wrêksa.
97. Wisesa (dan di tempat lain).
98. lumaywa.
99. sêntana (dan di tempat lain).
100. ngintêr.
101. kakang (dan di tempat lain).
102. jêr (dan di tempat lain).
103. unggah.
104. Kurang satu suku kata: kinarubut cinêmpuling.
105. Kurang satu suku kata: gugup tyasnya sang akalih.
106. masêr (dan di tempat lain).
107. kasmaran (dan di tempat lain).
108. gustinira (dan di tempat lain).
109. magut.
110. bodhol.
111. daut.
112. Kurang satu suku kata: pabarisan amêlatar.
113. Kurang satu suku kata: budhal sabalakusya.
114. wiyati (dan di tempat lain).
115. Purbarana.
116. Lebih satu suku kata: Mahraja Bêsma sru suka.
117. praptaa.
118. jêjêmbêri (dan di tempat lain).
119. Lebih satu suku kata: nêpak lamêng matitir.
120. Kurang satu suku kata: tan kêna kinrokos jurit.
121. kenginga (dan di tempat lain).
122. Maospait.
123. sagodhong.

~ Article view : [427]