SERAT DAMARWULAN Pupuh 49-60
15 Apr
** Pupuh 49 **
Durma
1. kawarnaa sira Radyan Menak Koncar | ingkang lagya lumaris | lan putra ing Tuban | datan kandhĂŞk ing lampah | binendrong samargi-margi | makawal sarya | lumaku ngindhih pati ||
2. sêprandene wadya bala Bêlambangan | akèh longe kang mati | wadya trunalanang | mamuk sarya lumampah | manèdhèng amiring-miring | singa sinrêrang[1] | wong wetan kèh ngêmasi ||
3. garwanira Radyan Arya Menak Koncar | muwah kang para sêlir | tuwin arènira | Sang Dyah Kalpikawatya | myang Rêtna Kalpikaningsih | sêdaya samya | mêgêp nitih turanggi ||
4. apratistha abusana cara priya | wênèh sikêp jêmparing | kang sawênèh tigar | myang tulup pasrê panah | angracak kang para rabi | wasising kuda | datan anguciwani ||
5. binendrongan sing pungkur eca lumampah | wênèh kang para sêlir | arêpèn wangsalan | sawênèh kêkidungan | ana kang nêmbang mênyanyi | ingkang satêngah | lêlagon rêbut manis ||
6. kang pinisah amung garwa Mantarsêkar | tunggil lawan dyan mantri | mêkasi ing wuntan[2] | sarya sikêp manah |[3] yèn sinawang langkung pêkik | tuhu brêranyak | tan môntra lamun èstri ||
7. kang kanyina amung mungal ingkang jaja | lan dêdêgnya rêspati | yèn nuju katiban | mimis atap tan pasah | eca ngêntrakkên turanggi | macak wiraga | sinawang lir wong ngrangin ||
8. radyan arya ing manah marwata suta | rinampakkên kang wajik | mangrangkul mangaras | yèn kalanira bênggang | gêguyon amain liring | Dyan Menak Koncar | ambancèr saya bênthing ||
9. dhasar bancèr anglèncèr tur kasêmbadan | ladak amrakatèni | cênanang-cênanang | dhasar bocah rêrendan | wrêradan tur wani mati | wong sêsongketan | bocah srêrasah rukmi ||
10. Dyan Buntaran tansah umatur ring raka | kangmas suwawi jurit | sampun amêmirang | ingêdrèl datan lawan | suwawi alabuh pati | Radyan Watangan | gêpah nambungi angling ||
11. kangmas arya lĂŞrĂŞs ature arinta | suwawi magut jurit | sinurak ing mĂŞngsah | dyan arya gumya latah | dene sapunika yayi | mungsuh wong rucah | tur karoban ing tandhing ||
12. tanpa damêl yayi mas angantêp ing prang | mungsuh lawan brêngkutis | tanbuh kang rinêbat | bonggan yèn têkèng tiwas | rêbut balung tanpa isi | yêktine kalah | ingsun lan Menakanjing ||
13. angur baya yayi angarasa garwa | gumrah krêrasèng kucir | gliyak-gliyak prapta | nêgara Majalêngka | gampil wong kang ngantêp jurit | yèn wus kêlakyan | luwar ingkang punagi ||
14. ari kalih umatur inggih kakang mas | sakarsangong lumiring | mèsêm Menak Koncar | mangyuh mring Mantarsêkar | dhenok si nonah lu panggil | kumari lêkas | adha pakrêjan[4] lêbih ||
15. mantar nyonyah mangrapakĂŞn kang turĂ´ngga | nimbali ari kalih | Dyah Kalpikawatya | Kalpikaningsih prapta | sarya ngĂŞntragkĂŞn turanggi | ngasta gandhewa | cumĂŞngkling sarĂŞng angling ||
16. apa gawe ingsun kakang sira undang | mèsêm dyan arya angling | nonyah[5] sira radyan | kasihna sirih nonah | cape mêjalan sahari | byarnya prêkuat | dhikasih obat murni ||
17. sang dyah kalih mlengos angawrati tingal | èsmu mèsêm dènnya ngling | gawokan si kakang | wong anèh nora lumrah | bok sinung gantèn pribadi | sun sênggah apa | alatah radyan mantri ||
18. Dyan Buntaran Watangan saya kêsmaran | ningali sang dyah kalih | amèsêm rahadyan | sarya ngênutkên tingal | sang dyah kalih wangsul aglis | mring prênahira | ngêntrag kuda manirig ||
19. radyan arya mèsêm sinamun ing netya | duk ngliring rakyan kalih | sira Gathul Dêmang | netra kumêdhèp têsmak | ningali mring sang dyah kalih | wasising[6] kuda | warna lir yang yang tulis ||
20. dan warnanên sira Kotbuta Katbuta | sêkancanira prapti | angodhol mring radyan | lampahira ginêlak | surak-surak ngrutuk bêdhil | têngara gumrah | lir udan sinêmèni ||
21. Menak Koncar gya kèndêl dènnya lumampah | lan garwa Mantarsari | myang atmajèng Tuban | ngabani trunalanang | wong rong puluh ambêk pati | kang anèng wuntat | samya asikêp biring ||
22. radyan arya tênapi atmajèng Tuban | samya sikêp jêmparing | lumêpas lir jawah | wong wetan kathah pêjah | kang manurung dèn tadhahi | mring trunalanang | campuh rok silih ungkih ||
23. gantya wawal-winawal gêbang-ginêbang | tumbak-tinumbak gênti | wong wetan kèh pêjah | wong trunalanang panggah | nanging kudanya kèh mati | mangamuk dharat | lir banthèng tawan kanin ||
24. para dhaèng para rôngga para menak | ngawaki ing ajurit | majêjêl manrajang | anglambung kering kanan | dyan arya lan Mantarsari | sara lumêpas | tibane lir gurimis ||
25. kêndhangantru mamrêm mangiwung ing pêdhang | trunalanang nadhahi | manumbak tan tatas | kêndhang gumulung ngrêmpak | tinumbak pan nora osik | gèbèg lumumpak | singa sinrang kuwalik ||
26. trunalanang yĂŞkti karoban ing lawan | pĂŞksa kiwul kĂŞtangsil | Rahadyan Buntaran | manrod manarik pĂŞdhang | angrapakĂŞn kang turanggi | pun AntrukĂŞndhang | sinabĂŞt griwa titis ||
27. sira Kêndhang gumulung wus tinadhahan | Dyan Watangan caruk kris | anèng luhur kuda | kèkèt mangrênjah wantya | goco-ginoco manitir | dhupak-dhinupak | radyan arya nulungi ||
28. sira KĂŞndhang gumulung muka tinĂŞpak | mring radyan arya aglis | dene ing gandhewa | ĂŞndhas crah wus palastra | Menak Gala-gala ngincih | mring MantarsĂŞkar | panumbaknya tinangkis ||
29. ing gandhewa watang putung narik pĂŞdhang | Mantarsari nglipasi[7] | ing tiksyara tandya | Gala-gala kang jaja | kĂŞpranan nanging tan titis | kontal sing kuda | dyan arya gya nulungi ||
30. sigra nandrê manglayang sangking turôngga | Gala-gala kang wèni | jinambak sinêndhal | mlocot kuliting sirah | nglumba tandya dèn riyaki | kêpala nratas | anjungkêl gya ngêmasi ||
31. angunduri wadya bala ing bang wetan | kawarnaa ing ngarsi | linambung ing mĂŞngsah | wong trunalanang tadhah | caruk wor asilih ungkih | tumbak-tinumbak | tigar-tinigar gĂŞnti ||
32. caruk kèkèt macangklèt pêdhang-pinêdhang | wênèh wangkris-winangkris | asêndhal-sinêndhal | syara lir ampuhan |[8] pating barêkuh wong kanin | sêbrak rakatak | sara[9] pating sarêngkling ||[10]
33. mamuk mamrêm wong trunalanang magalak | singa sinrang ngêmasi | wus mundur wong wetan | rôngga dhaèng mangrêmpak | pra menak angantêp jurit | mangsah magalak | trunalanang tan osik ||
34. para garwa pra sêlir samya prayitna | rakit magolong pipis | samya lêlumbungan | pangêdrèlnya tan pêgat | wênèh ngudani jamparing | wong Bêlambangan | singa mangrêmpak mati ||
35. maju pêjah kang mundur atawan brana | pra menak kèh kang mati | ingurugan tigar | wênèh pinasrê upas | ana ngudani jêmparing | maju katulak | durung kacundhuk lalis ||
36. saya giras wong wetan kathah kang pĂŞjah | kadya babadan pacing | Malang KrĂŞndha Gajah- | SrĂŞnggi wus samya pĂŞjah | MangrupĂŞksa angĂŞmasi | pun Suradikya | Ditya SĂŞmbawa mati ||
37. Singardara pun Macanlaut sudira | gèbèg katiban mimis | mrêm bêkik lumumpat | milar mangikal pêdhang | tinumbak pan nora osik | wong trunalanang | bubar tan môngga pulih ||
38. para garwa pra sêlir masrê manigar | wênèh ngrutug jêmparing | Macanlaut panggah | Singadara mangrêmpak | Sang Rêtna Kalpikawati | nglanjak sing papan | tan ngantèni iwuri ||[11]
** Pupuh 50 **
Pangkur
1. wus têlas jêmparingira | narik pêdhang Sang Dyah Kalpikawati | pun Singadara manubruk | sarya mangikal pêdhang | kudanira sang dyah ginêcètkên mamprung | manglayang nandrê amêdhang | kumêclapira lir thathit ||
2. pun Singadara pinĂŞdhang | mukanira jungkĂŞl nanging tan titis | dyan arya awas andulu | ing ngarsa pacakara | BantarsĂŞkar[12] Buntaran Watangan sampun | nandrĂŞ mangĂŞtap turĂ´ngga | yamta[13] malih kang winarna ||
3. Makrura pun Singadara | giro-giro lir buta muna[14] daging | Kalpikawati agupuh | nabêt mangalap-alap | Singadara nangkis pêdhang kalih rampung | rikat samya narik katga | Singadara dèn larihi ||
4. milar manuduk turôngga | kuda rêbah sang dyah lumumpat aglis | Radyan Buntaran têtulung | wus anjlog sing turôngga | kuwêl kèkèt lan Singadara mawa glut | goco-ginoco tan pasah | Macanlaut angêmbuli ||
5. rinêbut mring Dyan Watangan | lan Dyan Arya Macanlaut kinalih | tinabok mukane rêmuk | ya ta Radyan Buntaran | dangu cangklèt lan Singadara macakut | radyan tinangsil binuncang | Menak Koncar gya nulungi ||
6. lumumpat sangking turĂ´ngga | pyuk maputrĂŞ Singadara pinuntir | kesyanya salang sinuduk | tatas wus kapisanan | Dyah Katpikawati[15] adharat mangamuk | pinapak mring Dyan Buntaran | sang dyah gya pinondhong aglis ||
7. Menak Koncar gumya latah | lĂŞbur tiwas dagangan kocar-kacir | sang dyah tinitihkĂŞn sampun | ing kuda Dyan Buntaran | sasisaning mati wong wetan sumawur | Buta Katbuta umangsah | nanging kĂŞsaput ing wĂŞngi ||
8. tandya sapih kang ayuda | Menak Koncar laju mring Maospait | wong ing BĂŞlambangan mundur | dhatĂŞng kitha ing Daha | de warnanĂŞn UrubĂŞsma Sang Aprabu | sinusul mring sang pandhita | Yyang PamĂŞnggrĂŞ maha yogi ||
9. pitutur lir cocak môngsa | sarya erang-erang têpa palupi | ingkang putra rinarimuk | kinèn bubarkên ing prang | sarta winandea dènnya darbe kayun | anggarwa sang prabu rara | Sri Bêsma bêndu tan sipi ||
10. tansah agèdhèg kewala | Yyang Pamênggrê juwêt amituturi | risang maha ratu ayu | ratu musthikaningrat | ambêksanta budya marang krama putus | aja sira mungsuh nyawa | sang prabu ing Maospait ||
11. tan wun yèn manggih bêbaya | kumalungkung buwang nalaring gusti | ing satêdhak turunipun | pantêsira sumewa | duk ing syarga Brawijaya Sang Aprabu | sira wong kinarya mulya | ing mêngko amidakani ||
12. tangèh nêmua raharja | yèn wong mampang mumpung amurang niti | Sri Bêsma bêkos agangsul | gawokan sang pandhita | anggung gawe Brawijaya kang wus lampus | pambêke kinudang-kudang | beda mangke lan ing nguni ||
13. Sang Yyang Pamênggrê angucap | nora beda ratu nyawaning bumi | dhingin ratu mêngko ratu | maksih anggêlar mulya | niti krama ing wêweka among tuwuh | tur sinihan Yyang Wisiksa | kinamulèn widadari ||
14. awit baboning manungsya | Yyang Sis Cahya Nurrasa Yyang Pramèsthi | prapta ing saturunipun | ingkang jumênêng nata | wus pininta-pinta ing Yyang Sukmanagung | nora kêna sinêlanan | ing titah kang bôngsa dasih ||
15. ing nalar tan kĂŞna pĂŞgat | nora kĂŞna sira angrusak gusti | tan linilan ing dewagung | kaki prabu elinga | tanah mulya nĂŞgara ing Majalangu | ratune ratu utama | musakani nungsa Jawi ||
16. Sang Urubêsma manêntak | ting kalêpyur idune dènira ngling | Yyang Pamênggrê ramaningsun | sampun kathahên ujar | amunduran glar ambêke gunggung-gunggung | ugrêre kang wus kahana | kawidibyan sura sêkti ||
17. ing mangke sintĂŞn kang nĂ´ngga | ing kayudan inggih dhatĂŞng ing mami | Maospait andĂŞlipun | amung Dipati Daha | sĂŞprandene tan nĂ´ngga ing yudaningsun | sĂŞdene Dipati Tuban | ing adat sura sinĂŞkti ||
18. ing mangke wus têkèng pêjah | tan kuwawi amungsuh dhatêng mami | wong Majalêngka sêdarum | cawêta lan èstrinya | lan godhonge wringin dadia wong mungsuh | krêriga cindhile abang | sayêkti ulun tan ajrih ||
19. lan malih sang prabu rara | datan ingsun suprih ingkang rudatin | supaya arsaa mring sun | sampun kĂŞlawan aprang | mangke rusak nĂŞgari ing Majalangu | pan wus jinarag priyĂ´ngga | tan arsa milih kang bĂŞcik ||
20. ngandêlakên Yyang Sukmana | têmah rusak nêgari Maospait | dene nora atêtulung | dewa ing Suralaya | amajua sayêkti ulun tan takut | dewa busuk wuta mamak | yèn wania mungsuh mami ||
21. Sang Yyang Pamênggrê manêbda | kaki aja akèh-akèh dènnya ngling | basa Yyang Sukmana Luhur | tan asih ing wong arda | arda kêkêl ingkang amurka digung |[16] kang pinilih wong utama | kang tumindak lawan niti ||
22. kang sumrasah ing kraharjan | angarjani ing sêsamining jalmi | ingkang bisa nimbang wuwus | wuwus bêcik lan ala | kang sumingkir sêbarang rèh tan ayu |[17] iku pinilih Sukmana | pra juwata angasihi ||
23. babo-babo putraningwang | payo mulih marang Blambangan nagri | wurunga dènnya mrih pupuh | pan iku gustènira | pan sayêkti kaki kêdhik luwangipun | wong balela dimêmulya | satêmah anyilakani ||
24. wilalat ingkang pinanggya | atasira abdi-abdi sayêkti | tan kêna rumêngkang kayun | sumôngga ing rèh arja | kaya sira arsa garwa mring sang prabu | garwanira kurang apa | bok aja arsa mring gusti ||
25. dene-dene kêtampana | pênglamarmu kaki mring prabu dèwi | wuta dêksura ing pandum | yèn sira paripêksa | bok si aja pugal marang ratu ayu | iku kêkasih Sukmana | pra juwata ngrêksèng budi ||
26. widadari mèstudia[18] | pra pandhita jrih lulut gung kêng puji | wong sabumi winong tuwuh | yèn ampuh upatanya | tur ta sira kaki tan nêmu rahayu | Sri Bêsma saya brêmantya | dene sudarma sru kingkin ||
** Pupuh 51 **
Asmaradana
1. jaja bang lir mĂŞtu agni | nĂŞnggih risang UrubĂŞsma | ngandik ngantirah netrane | nuju ing kursi pinarak | lawan sudarmanira | kaya anuduka gapruk | sangking sangĂŞting kang duka ||
2. pawohanira binanting | sêbarang cêlak sinepak | Sri Bêsma sugal wuwuse | dene ta kaliwat-liwat | kaya mêdèni bocah | sêdaya wong Majalangu | sapa kang wani maringwang ||
3. sintên-sintên wong aurip | kang kasongan ing akasa | kang sinôngga bumi kabèh | ratu kang animbangana | dhatêng pun Urubêsma | Blambangan prawira têguh | kyat ing rat wisiksèng jagad ||
4. ratu sakurêbing langit | dadia mungsuh sêdaya | tangèh yèn nôngga mungsuh ngong | juwata ing Suralaya | dadia mungsuh samya | ulun sayêkti tan wiguh | tur môngsa sun wurungêna ||
5. angrêmpak ing Maospait | amondhong sêsotyaningrat | iku èstri ungas bae | durung wruh ing tok manira | basane lumuh krama | tumruna Bathara Guru | mambêngi ulun tan kêna ||
6. Yyang Pamênggrê Maharêsi | sêbdanira èsmu waspa | ambêkuh dhuh putraningong | tan ana kang dadi cacat | ratu sêdya sudira | nanging ana mangsanipun | pêsthine kang linampahan ||
7. sudira tibèng utami | pantês linakonan aprang | iku kaki upamane | sira awêdi mungsuhan | kêlawan gustènira | nora dadi nisthanipun | malah dadia utama ||
8. dene ta sang prabu dewi | pusakaning tanah Jawa | ambêk sêtya budi sumèh | sêbarang rèh kang tan arja | amung amrih utama | risang Maha Ratu Ayu | sinôngga rinêksèng Dewa ||
9. yêkti yogya dèn singkiri | arda miseksèng utama | dadya wruh bênrê têgêse | nora dadi nisthanira | dene amilih mêngsah | yêkti ratu Majalangu | bêthara mangejawantah ||
10. kabèh kang para nrêpati | tan ana lir nungsa Jawa | Majalêngka têtunggule | pininta-pinta ing dewa | musakani utama | nadya[19] wanodya sang prabu | sinihan ing Sukmanôngsa ||
11. tan ana wong amrih luwih | ing budi kang kadya sira | manggung sikara karême | margane yèn waluyaa | ngrusak ing gusti tama | wong murka mungsuh rahayu | tangèh mênanga kang murka ||
12. lamun sira wurung jurit | ngarsani[20] sang prabu rara | wong pandhita bungah kabèh | miwah sawêwêngkonira | sêdaya anglêmbana | sêntana myang anak putu | miwah ratu liya-liya ||
13. suka tur wuwuh pakering | rèh nêtêpi bêbênrêran | yèn wurung juritmu anggèr | yêkti ingaran wêspada[21] | de milih-milih mêngsah | dene kang têtêp dèn mungsuh | ing wêweka wus têtela ||
14. nadyan wruh ing ala bêcik | nadyan Dewa Suralaya | padha suka bungah kabèh | yèn nimpang ugrêring sastra | miruga amrih arda | yêkti manggih papa agung | rusake sagung manungsya ||
15. lah sapa ingkang tinagih | ing dewa rusaking praja | tan lyan marang purwakane | labête kurang wêspada | tinambuh ing wêweka | kaya ta upamènipun | kaki jênênging narendra ||
16. anggêpe wadya yèn jurit | sagung kawulaning raja | tumindak lawan sêpakon | yèn ana punggawa tiwas | anèng têngahing papan | yèn nutut kêlawan tatu | sayêkti yèn dudu titah ||
17. bôngsa kewan iku kaki | dudu jinising manungsa | tan patut ingabdèkake | saturune aja cêdhak | lawan jênênging raja | wong jêmbrê abôngsa asu | tan pantês awor manungsa ||
18. iku alaning wong jurit | yèn tinggal mungsuh adêgan | binirata saturune | yèn ratune wus wêweka | lamun durung wêweka | bênrê wong tinggal ing ratu | pan sangking tiwasing raja ||
19. Sri Bêsma kang waja gathik | sarêng miyarsa ing sêbda- | nira sangêt brêmantyane | kumutug jaja lir ngobar | anggèdhèg tanpa ngucap | ambêkuh rema sinaut | gumêtrê kang punang asta ||
20. Pamênggrê sabda wor tangis | dhuh putra kula ja pugal | masalah liring kêprabon | nora kêna ginagampang | pramugarining jagat | nora kêna luru-luru | babo pangrèhing agêsang ||
21. jrê wênang anampik milih | mungguhing rèh kabêcikan | môngsa kinèn ala bae | ing Sang Yyang Jagat Pratingkah | tur kêdhik luwangira | murka ngalahkên rahayu | sênadyan dèn murahana ||
22. ing Yyang Suksmana kang luwih | sakêdhap unggul kang murka | tnêngahi[22] praptèng apêse | malah tumêkèng wêkasan | ungguling rèh raharja | nêngahi mêkasi unggul | rahayu rinowang Sukma ||
23. arda murka kang ngrowangi | drubiksa amomor tilas | nora panggah sêlawase | rêmên wong tumêkèng rusak | tur yêktine kungkulan | ing bêbudèn kêng rahayu | rèh ngidenan Yyang Pratingkah ||
24. ngadĂŞg Sri BĂŞsma macicil | anyandhak bindi pusaka | nora kawrat bramantyane | sigra mundur sang pandhita | uwas raosing driya | jrihira dewa kĂŞng luhur | katĂŞmpuh atmaja pugal ||
25. sangêt digung murkèng bumi | tan wun saking ing dêduga | tiwas pangrumêksèng katong | tansah andrês punang waspa | tumêngèng sirèng tawang | minta pamurunging laku | yogya têmah ingupatan ||
26. tandya gĂŞtrĂŞÂ patrĂŞ[23] muni | anĂŞkakakĂŞn prabawa | lesus gĂŞng jawah drĂŞ[24] awor | buh bajra gora gumiwang | Sang Yyang PamĂŞnggrĂŞ mĂŞsat | mantuk mring pratapanipun | lampahe awor maruta ||
27. Sri BĂŞsma cuwa kang galih | sudarmanira murcita | nguwuh mring tawang sĂŞbdane | payo dewane majua | atandhing prang lan ingwang | pra juwata gumya umyung | tan kaya sri naranata ||
** Pupuh 52 ** Sinom
1. malih warnanên dyan arya | wus prapta ing Maospait | laju sowan ing apatya | lawan sang atmajèng Tubin | wus sinunggata sami | sêksana bubaran mundur | mondhok ing katubanan | surup surya ingkang wanci | Dyan Buntaran umatur mring Menak Koncar ||
2. kangmas yèn panduka arsa | bok ipe sêkawan sami | maraka ing jro kêdhatyan | ing sang maha prabu dèwi | miwah kang para sêlir | tanapi rinta bak ayu | Kalpikawati lawan | kakang bok Pikaningsih |[25] dêdimène wuninga sang prabu rara ||
3. yèn panduka lan kawula | praptèng nagri Maospait | rèh nguni ulun ngandikan | asru dènnya ngarsi-arsi | kang sarta wak mami |[26] kados wus misuwur lampus | ing mangke têkèng luwar | kakang mas kang dados margi | radyan arya mèsêm mangsuli ngandika ||
4. wusana arum ngandika | yayi mas langkung priyogi | nanging sumêlang ing manah | mênawi ngagèt-agèti | rèh kathah gundhik mami | ayu-ayu gumurudug | padmèningsun sêkawan | kêjawi pun nonah kalih | bilih-bilih asiku awak manira ||
5. kula punika yayi mas | sakĂŞlangkung tĂŞmĂŞn ajrih | dhatĂŞng sang prabu wanodya | dene ta tiwas ing jurit | kawon lan Menakanjing | arinta mangsuli wuwus | kakang mas tan kuciwa | kawona lan UrubĂŞsmi | dede timbang timun amungsuh lan duryan ||
6. balanya wêndran ayutan | Urubêsma tur sinêkti | pantês sang prabu ngapura | kangmas mring panduka yêkti | kathah kang pra dipati | pra menak para tumênggung | datan kados kakang mas | surèng prang tan arsa balik | lalu nglômpra wisma satêngahing alas ||
7. lumuh biluk nanging wêgah | sing boting wantrê ring galih | kula ingkang nanggêl kangmas | yèn sang prabu rara runtik | malah luntura kang sih | amargi sing luwar ingsun | mèsêm Dyan Menak Koncar | Radyan Watangan nambungi | lêrês rinta kangmas yya sumêlang driya ||
8. ki dêmang matur wotsêkar | radyan rinta sang dyah kalih | yogya umarsèng jro pura | sapunika lan pra rabi | ngandika radyan mantri | lah ta paman Dêmang Gathul | sumôngga ing sakarsa | sapangrèh ulun lumiring | tan kawarna dènira agunêm rêmbag ||
9. ya ta ari kalih sang dyah | lan sêkawan para rabi | sêdaya gêgundhikira | samya lumêbèng jro puri | tandya kandhêg ing wijil | wus katur mring ratu ayu | Sang Rêtna Rarasatya | lan Sang Dyah Rêtna Sêkati | ingkang samya kinèn mêthuk paregolan ||
10. Dyah Rêtna Kalpikawatya | lan Sang Dyah Kalpikaningsih | muwah pra garwa Lumajang | myang sagunging para gundhik | anoragèng ngrêpa sih | binagèkakên sêdarum | ing Sang Dyah Rarasatya | miwah ing Rêtna Sêkati | sang akalih dangu dènnya rêrangkulan ||
11. wus kèrit kêkanthèn asta | Kusuma Rêtna Sêkati | lan Sang Dyah Kalpikawatya | dene ta Sang Rarasati | lawan Kalpikaningsih | lampahe aruntung-runtung | gêbagan arantaban | pra garwa lan para sêlir | tan myat mring lyan sadangonira lumampah ||
12. pan amung Rêtna Sêkatya | ingkang tinutkên ing liring | kuninge kuning utama | sadhête[27] sèdhêt rêspati | dêdêling tur gumrining | mêthinthing gilig apatut | pamulu lir kêncana | kadya ta tan ngambah siti | pantês wigya[28] anggoyang yusyaning priya ||
13. bĂŞsuse namur pĂŞsaja | mĂŞsĂŞse amitambuhi | liringe lir pasopatya | sĂŞmune nora nyanani | syaranya cumĂŞngkling |[29] pantĂŞs gandĂŞs ing tilam rum | ngingah macak ing netra | busananya mĂŞsajani | mung arume kewala ingkang kinayang ||
14. tanpa wida tanpa sêkar | mung tasik lamat kaèksi | amrusuh tur mônda-mônda | antara yèn mêjanani | nanging punang kasturi | jêbade ngambar kongas nrus | ratuse anrêmanah[30] | dèn ukup ing bungah ramping | pinênciran ambar sêpatrê hèr mawar ||
15. para garwa ing Lumajang | angucap sajroning galih | pantês Radyan Menak Koncar | kêsmaran Rêtna Sêkati | tan ingwang dèn labuhi | rinowangan takrê marus | iki si jawanira | Dêmang Gathul duk prêjanji | mendahane besuk yèn wus kêlampahan ||
16. iba dyan arya ing manah | tan pêgat amaintèngsi | êtohe tur êpêng-êpêngan |[31] pantês tan nguman-umani | mendah susahing ati | tau sawah gaga gadhu | wusana larang pangan | sun têtêdha ing sukmadi | sok sidhasar sang dyah yya èpèh kewala ||
17. nora kudu nyamènana | sok enaka ingkang ati | narima dadi pawongan | sok mêksia radyan mantri | wong bagus aja lali | yya dumèh yèn krama ayu | ngêmpèk trêsna kewala | wong abancèr sugih rabi | sok si aja nglarakkên ati kewala ||
18. ya ta sang prabu wanodya | munggèng jro prabayêksadi | ingayab manggung biyada | bêdhaya rong lajur sisih | miwah Dyah Citrawati | Citrasmara anèng pungkur | myang Widawati sang dyah | Widasmara datan têbih | amuwuhi manuhara ing kêdhatyan ||
19. maha sang sêsotyaningrat | pinarak ing kasur sari | kadya murca kinêdhèpna | lir Ratih tumrun sing syargi | rênyêp-rênyêp kaèksi | ujyala mêlok sumuluh | keringnya Banowatya | sang pramèsyari ing Tubin | ingkang tansah nampèni pangandika ||[32]
20. marna solahing atmaja | duk anèng madyaning jurit | kêcakup ing wong bawetan[33] | malah ta ingkang pawarti | samya kinunjra wêsi | anèng ardi Mahamèru | dinuga-duga samya | kados sampun angêmasi | yèn sinundukan ardane Menakjingga ||
21. lan pambêkanira radyan | kyating tyas surayèng wèsthi | ya ta risang Banowatya | datansah mangêmu tangis | sêbdane prabu dèwi | tansah angecani kayun | ya ta Kalpikawatya | Kalpikaningsih wus prapti | myang pra garwa Lumajang tarap nèng ngarsa ||
22. Rarasati lan Sêkatya | wus cêlak ngarsaning gusti | sang prabu rara ngandika | lah ta bibi Banowati | èsmu pitambêt mami | ing rèh nguni dèrèng wrêruh | marang Kalpikawatya | sêdene Kalpikaningsih | lawan sintên kang anèng ing wurènira ||
23. umatur Sang Banowatya | apan inggih sang akalih | punika atma kawula | Menak Koncar kang darbyari | putranira sang rĂŞsi | Mahbutlawa kakang ulun | ingkang pĂŞngkrĂŞ[34] punika | pun Menak Koncar kĂŞng rabi | wuri pisan sĂŞlire pun Menak Koncar ||
24. prabu rara angandika | bibi sintĂŞn kang wĂŞwangi | somahe Ki Menak Koncar | umatur Sang Banowati | punika Angronsari | dene ingkĂŞng keringipun | pun Sumarsanawatya | kering malih Mayangsari | wĂŞkas pirĂŞn awasta pun MantarsĂŞkar ||
25. ya ta sang prabu wanodya | ngandika arum amanis | lah yayi Kalpikawatya | tĂŞnapi Kalpikaningsih | mara majua yayi | ingsun takon wartanipun | rakamta Menak Koncar | miwah yayi mas ing Tubin | sang dyah kalih umajĂŞng saha wotsĂŞkar ||
26. tandya samya ngusyèng pada | sumugun sang prabu dèwi | umatur Kalpikawatya | ari panduka ing Tubin | nguni kinunjra wêsi | anèng arga Mahamèru | rinêbat mring pun kakang | wusana luwar sang kalih | mangke sami sowan ing panduka nata ||
27. Radyan Buntaran Watangan | pun kakang wus samya prapti | mondhok pêsanggrahan Tuban | ing lampah raharja sami | ing rèh rêntênging margi | tan punapa sang pukulun | angsal pangèstu nata | wong wetan datan nêdhasi | sarta angsal ing sih srêngkaraning sukma ||
** Pupuh 53 **
Dhandhanggula
1. Sukanya wor kumĂŞpyur ing galih | prabu rara duk miyarsa sĂŞbda | inggar sĂŞkala ing tyase | upama lampah dalu | kapĂŞtĂŞngan panglonging sasi | kapĂŞthuk obor mubyar | padhang kĂŞng driya nrus | lir wulan kalingan mega | duk mangisis sĂŞnsaya ngembahi manis | sanetya sĂŞtya sumrah ||
2. Banowati tyas marwata siwi | lir siniram ing tirta wahana | asrêp sêkala galihe | ketang ing trêsnanipun | mring dyan arya Lumajang pêkik | gêpah Sang Dyah Sêkatya | gya mangrangkul gapyuk | mring Rêtna Kalpikawatya | tanbuh inggar ing driya wêntaring èsthi | lambung kadya pêpêsa ||
3. prabu rarèsmu mèsêm piningit | mawang ari Sang Rêtna Sêkatya | pawore rêsêp tyas sumèh | nèscayèng sarèhnyalus | para garwa Lumajang sami | kamitênggêngên mulat | dènnya pawor têmbung | Sang Rêtna Sêkati lawan | Dyah Kalpikawati lan Kalpikaningsih | ngasih-asih aprana ||
4. sang akalih sêmu mêkolèhi | sasolahira amambu manah | rakamta ingingisake | ing sêtya antêpipun | dènnya darbe sudarawèdi | mring sang atmajèng Tuban | winarna rèh kang wus | malah wuwuh nora kurang | Dyah Sêkati saya golongan trêsna sih | mring Harya Menak Koncar ||
5. ri sêksana kang tadhahan mijil | pisunggatanira ingkang prapta | pênuh prabu rara sihe | garwa sêkawan gupuh | dipun awèng[35] mring prabu dèwi | majêng saha wotsêkar | pinaringan sampun | singsim jumrut mirah rêtna | nigang rakit dyan arya kang para rabi | konjêm tyas manglêmbôna ||
6. kinèn mundur wus tata alinggih | para sêlir wrata pinaringan | sinjang ing sakasmêkane | Kalpikawati gupuh | lawan Sang Dyah Kalpikaningsih | ingawe praptèng ngarsa | sabdane sang ingrum | yayi sun paringi sira | sangsangan mas sutèngsu sinilih asih | matur nuwun kalihnya ||
7. malih ngandika sang prabu dèwi | ingsun nungsung paningsêt mring sira | pathola wungu pinrêsmèn | sang kalih matur nuwun | wus tinampèn saha wotsari | mundur tata alênggah | Rarasati matur | kadang garwa wus ginanjar | Menak Koncar ginanjar punapa gusti | mèsêm sang prabu rara ||
8. sun tan bisa angganjar mas picis | pira bara yèn kartaning jaman | besuk uga ana dhewe | Sang Dyah Sêkati matur | gusti yogi sinung nêgari | ing pundi môncapraja | ing bang lèr sêdarum | piniliha sasukanya | prabu rara mèsêm pangandikanyaris | Menak Koncar tan arsa ||
9. sinung praja ing môncanêgari | sun wêtara yayi nora rêna | Menak Koncar pêpatute | tanah sêgara kidul | nanging angkuh sasiring ati | tansah sinamun raras | ing netya pitambuh | nanging kang sujananing tyas | nora kilap saobah osiking galih | liring kêcakrèng ngujyala ||[36]
10. Menak Koncar ginanjar mring aji | sinung tôndha mêndhali têtiga | wus tinampèn gya ingage[37] | jaja kering tumanduk | antaranya yèn angsal kardi | benjang kartaning jaman | sinêngkakkên luhur | ginandhang[38] gêntyani uwa | anèng Daha dadya bupati pangirit | angrèh kang para raja ||
11. duk sêmana aluwaran sami | kadang garwanira Menak Koncar | mantuk praptèng pakuwone | dyan arya tanya gupuh | mring arinta myang garwa sêlir | sasaniskara dènnya | anèng jro kêdhatun | Kusuma Kalpikawatya | lan Kalpikaningsih jarwanira ngênting | dyan arya suka ing tyas ||
12. garwa sêkawan tinanya gênti | ingkang dadya karêmaning mulat | duk anèng jroning kêdhaton | datan sêlayèng atur | namung Sang Dyah Rêtna Sêkati | sapangrèh sumèh sumrah | mangêmarkên[39] tyas rum | rakit rumêsêp ing netya | sêbda manis pêsaja ngecani galih | mendah yèn wus akênal ||
13. nora ingwang dèn labuhi pati | cacadira pan amung satunggal | têka ewuh tangguhane | wong srèsèh namur ruruh | wong alandhêp nora nyanani | bêsus api pêsaja | gandhang-gandhang samun | wong kêmpyang mêmês jêtmika | sabên-sabên ngandika dipun pênciring | ingèsêm pêpingitan ||
14. lir ginoyang tyase radyan mantri | pating karêjot sariranira | èsême dèn èbèr bae | pra sêlir sami matur | manglêmbana ing prabu dèwi | wênèh ing Dyah Sêkatya | wênèh aturipun | amarna kang pangandika | prabu rara sêmune amêmiringi | ing Sang Rêtna Sêkatya ||
15. miwah dhatêng arinta dyah kalih | prabu rara kados darbe karsa | nênggih ing têmbe ngakire | dyan arya saya sêngkud | juwêt dènnya anênakoni | ing ari kalihira | sarya manggut-manggut | Kusuma Kalpikawatya | lan Kalpikaningsih aturnya mranani | anrus sêdhêp sing raras ||
16. tur linarhên goning mêmanis |[40] lamun nujoni têlênging sabda | wangsul-wangsul pamarnane | yèn pinrih rampungipun | yêkti nora rampung sawêngi | malah rong dina kurang | dyan arya sêklangkung | poyang-payingan ing manah | tan srêranta[41] kêpalang anèng jro puri | tansah abêntayangan ||
17. rêngêng-rêngêng mangidung ngrarêpi | tan lyan ingkang kacipta ing manah | mung sang dyah kang nèng kêdhaton | pra garwa sêliripun | kang pinindha Sang Dyah Sêkati | sabên ngrarêpi radyan | pada tibèng cium | sêbarang kang winayangkara |[42] sêparane jinaga kang para gundhik | juru tadhah ciuman ||
18. kadang katut mirah sangking laki | marimpèni kusuma ing Tuban | mas Citra munggèng sirahe | aja mamang wong ayu | mring pun kakang wong dhandhing bênthing | bondhol agêng mas mirah | dèn mulung sihipun | kayu rêbah anèng tawang | sumangsang mring dika gusti |[43] baya wong awibawa ||
19. yuyu tasik gusti sun wêstani | wus sêdhênge nambut ing akrama | sobrah laut nah ing anggèr | cagrêrêna wong ayu | Menak Koncar wong miyatani | rare ngapit jêmpana | jalak jênar masku | wus pinatah ing juwata | cêcadhange wong abancèr sugih wani | intêne wong Lumajang ||
20. kĂŞmang irĂŞng ni mas sun wĂŞstani | kadang PĂŞndhawa milu Kurawa | lamun asih mring tanggone | paringa mirah ingsun | puspa krĂŞna[44] marang kĂŞng abdi | sun karyane pratĂ´ndha | tandhane sih lulut | bajing bang kang saba wana | nora larang wong ayu sun tohi pati | mundrine wong Lumajang ||
21. Menak Koncar minggah ing jinêm mrik | nglipur brôngta kinapat gundhiknya | sak jam ping sanga unggahe | cinipta têlênging kung | sêprandene sarya ngrêsêpi | dara loro mas mirah | èstu jodhonipun | toya mijil ing sarira | nonah dinar èngêta ing wong ambênthing | miyos ingajak sampak ||
22. gêcul patut wong dhugal prak ati | wong dêladag pilih angon prênah | sigêgên ing pamoncère | malih ingkang winuwus | Sêpêtmadu Wilaja mijil | ingutus Sri Wanodya | mring rinta sang bagus | tênapi mring Menak Koncar | paring dhahar dhêdharan gantyan burat mrik | kampuh sapêngadêgnya ||
23. wus tinampèn sinunggun ingkêng sih | Menak Koncar lan atmajèng Tuban | marwata suta ing tyase | tan kanwarna[45] ing dalu | enjing nuju dina Rêspati | miyos sang prabu rara | siniwèng wadyagung | mêgêp anèng siti bêntar | pan kasongan witana adi rinukmi | pinrak dhêdhampar dênta ||
24. kang nèng ngarsa Rêtna Rarasati | lawan Citrawati Citrasmara | Dyah Widawati jajare | Widasmara sumambung | de warnanên ing pôncaniti | risang rêkyana patya | kang putra sumambung | Dyan Kumitir Layangseta | sinambungan si Radyan Arya Sêsimping | lan Rôngga Minangsraya ||
25. atênapi Ki Menak Giyanti | sinambungan Radyan Menak Koncar | atmajèng Tuban jajare | pêpak para tumênggung | para menak rôngga ngabèi | sêdaya tan winarna | ajêjêl supênuh | lir sêgara gêni sinang | pirang-pirang wadya bala Maospait | èbêk tanpa wilangan ||
26. kyana patih ngandikan wus prapti | ing sitinggil sumiwèng ngarsendra | prabu rara ngandikalon | hèh bapa karsaningsun | lumrahêna kawula mami | kabèh wong Majalêngka | si yumbaran ingsun | sapa wonge ingkang bisa | amatèni si Menakjingga sayêkti | kasrah ing Majalêngka ||
27. jumênênga narendra linuwih | amêngku rat ing sanungsa Jawa | lah poma aja nampik wong | anom sênadyan sêpuh | kumbah krakah cukil andulit | wong pidak pêdarakan | iya madêg ratu | sok si dhasar matènana | Mênakjingga gêgêdhêg sukrêring bumi | lah mara undhangêna ||
28. matur sandika saha wotsari | Adipati Lugêndèr gya mêsat | mring paglaran ngundhangake | ing si yumbaranipun | risang maha narendra putri | wadya saur kukila | tan ana kêng sanggup | amêjahi Menakjingga | pra nararya niyaka bupati mantri | samya atur têtêkan ||
29. kang sawênèh ngaturkên lêlinggih | ana ngaturkên kêndhaga bawat | sawênèh songsong lantene | midrê undhangnya umung | agêng alit asaur pêksi | ajrih mring Menakjingga | tan ana kêng sanggup | tênapi Dyan Menak Koncar | dangu dènnya tumungkul ing manah kingkin | suka ngaturkên jôngga ||
30. sang apatih minggah ing sitinggil | sampun katur ature sang bala | prabu rara èmêng tyase | paran wêkasanipun | Sang Yyang Tanpauna kang titis | jêngkar sang prabu rara | kondur angêdhatun | tansah manamur sungkawa | bêbêdhayan kang gêndhing munya ngrêrangin | nanging mêksa kawêntar ||
31. tandya minggah ing sanggar panêpi | ngobong mênyan saêndhasing gajah | sumyuk mring Suralayane | tandya Yyang Nrada tumrun | mendhak medhok ngigêl gumya blik | jumênêng anèng ngarsa- | nira nata matur | hong risang Yyang Siwahboja | yyang nir dahna pinara sêbda drêmadi | surup nata priyôngga ||
32. hong Yyang Mulya carik nagra widi | jawabira Sang Yyang Panji Nrada | hong sirantuna yagyèng[46] ngong | sahasah migêna trus | namunana sidhêm-sidhêm mrik | hèh kêkasihing Sukmana |[47] paran rèh manêkung | juwata ing Suralaya | kagegeran rèh gora kagiri-giri | kêna pêngaribawa ||
33. blêgêdaba ambèr dadya agni | kocak-kacik ing Côndragumuka | kawah gumlêdhug syarane | kgonjing[48] marcukundha rug | Ôntaboga mangrik kumitir | panang[49] sapi gumarang | ngalang-aling[50] bênguh | agawe rusaking jagat | nini prabu yèn sira sungkawèng galih | ing syarga kagegeran ||
34. timbalane Yyang Guru Pramèsthi | luwarana ing tyas kang ruditya | kêkasihing Yyang Sukmanon | apa kêng sira jaluk | umatura marang ing mami | yya gawe gara-gara | babo yugyèng ulun | ya ta risang prabu rara | tandya matur saha sêmbah prabu dèwi | he Sang Yyang Manikmaya ||
35. wêcanana dasih kang kasyasih | wontên pundi Sang Yyang Tanpauna | Yyang Panji Nrada dêlinge | hèh babo yogyèng ulun | sapa wonge ingkang matèni | marang si Menakjingga | iku nini ratu | sêjatine Tanpauna | kêkasihing juwata ingkang linuwih | matur sang prabu rara ||
36. wêcakêna samêlok kêng dasih | keron budi bawur kêng pratingkah | Yyang Panji Nrada sêbdane | Tanpauna wus tumrun | anèng nagrènira ni putri | iya si Tanpauna | hyi Damarsantun |[51] gya mêsat Yyang Manikmaya | prabu rara sêkala asrêp ing galih | miyos sangking pamujan ||
** Pupuh 54 **
M i j i l
1. kang winarna Dèwi Rarasati | lawan para sinom | namur brôngta amrih ing lêjare | gustènira sang prabu dèwi |[52] akêsukan gêndhing | sagung para arum ||
2. myang bêdhayan tênapi sarimpi | arum kang lêlagon | anèng tratag ing prabayêksane[53] | wênèh catur ana ingkang cuki | satêngah ngrarêpi | kêkawi mangidung ||
3. Rarasati anylêmpung mangrawit | Sêkati sang sinom | ngasih-asih sang dyah panggêndère | Citrasmara mangrêbab winangsis | Sang Dyah Citrawati | pangêndhange baut ||
4. Widasmara gambang gĂ´ngsa asri | Widawati kaot | nabuh dĂŞmung anyĂŞnyĂŞt syarane | pra biya samya amanjaki |[54] pinyarsa mangrangin | SĂŞpĂŞtmadu juru ||
5. lagon muluk sinawung ing gêndhing | rarase wèh wirong | lir mangalap jiwa sing arume | rêbut manis sênsaya milêtsih | sêmbada ingèksi | lan bêdhayanipun ||
6. lir kayanganirèng widadari | jroning kang kêdhaton | angêntèni kang para sarine | manuhara mangracak winasis | rambah-rambah asri | sri mangembahing kung ||
7. dungkap sirĂŞp jalma ingkang wanci | suwancine tumon | lir kinenyut[55] ing dri rĂŞsĂŞpe |[56] keron mulat tambuh kang pinilih | samya ayu luwih | ing niskara baut ||
8. gambuh angrèhing sasolah liring | pasrangkara tinon | angrampung sêkalir karyane |[57] kawuryan wimbuh sajroning puri | lêng ngêse mênuhi | lir kasyargan tumrun ||
9. gya kêsaru sang aprabu murti | rawuh ing kêdhaton | suka mulat ing pra dyah sukane | ri sampunnya umarsèng ngarsaji | sang dewatèng murti | animbali gupuh ||
10. sang apatih praptèng sripênganti | prabu ruming sinom | paring sastra tiningkêm dhawuhe | mring sira sang rêkyana patih |[58] wus binêkta mijil | mring ni Sêdmadu ||[59]
11. lan Wilaja praptèng sripênganti | kya patih ngrêpa nor | wus tinampèn sêstra sinukmage | bukaning srat sira bapa patih | ngupayoa aglis | sarating apupuh ||
12. srêranane nagri Maospait | sayêktènira wong | ingkang aran Dyan Damarwulane | koma-koma bapa dèn kêpanggih | yèn ngluputi pêsthi | sira ingsun lungsur ||
13. titi punang surasaning tulis | kya patih ing batos | sakĂŞlangkung kumĂŞpyur raose | tansah wagugĂŞn tan kĂŞna angling | sapandurat dening | konjĂŞm atumungkul ||
14. têka kathah kang krêrasèng ati | awusana alon | kyana patih sandika ature | angupaya kêng ran Damarsasi | Sêpêtmadu tuwin | Wilaja mêsat wus ||
15. datan lingên kang lumêbèng puri | ya ta winiraos | kyana patih mantuk mring wismane | tansah gunêm lan kang pramèsyari | Dyan Seta Kumitir | tinimbalan rawuh ||
16. kyana patih angandika aris | adhuh putraningong | mau ingsun ngandikan wiyose | sinung surat kinèn angulati | srananing nagari | kang ran Damarsantun ||
17. têka nora kêduga ing ati | karsane sang katong | tan ana ran Damarwulan manèh | liya ingkang sun kunjara yêkti | pan cinêtha dadi | sarate ing mungsuh ||
18. apa sarat pinapakkĂŞn jurit | apa ta linayon | apa arsa kinraman jatine | marma sira ingsun undang sami | apĂŞtĂŞng kang ati | marase kagugu ||
19. timbalane sang narendra putri | yèn tan panggih kang wong | nora wurung linungsur sun anggèr | Layangseta umatur wotsari | èwit[60] kula dugi | ing nalar tan têpung ||
20. yèn pinriha dadi jatukrami | nglêngkara panang wong | nampik Menakjingga wusanane | palakrama angsal Damarsasi | nampik macan gudhig | milih kucing kuru ||
21. mênggrik-mênggrik agrêring[61] tur mêngi | mokal sang lir sinom | ratu punjul ing sama-samane | adupara[62] rèh kanisthan pinrih | klampahana dadi | jatukramanipun ||
22. Menakjingga datan wurung prapti | angrusak bêboyong | lah ta sintên kang dèn andêlake | punapa pun kucing grêring mêngi | otote rong dhuwit | pilêrên tur kuru ||
23. klar amêngsah Sindura Dipati | sêprandene layon | kawidibyan[63] prakosèng jurite | têguh sudira tur gêng ainggil | agagah sinêkti | sêprandene lampus ||
24. miwah risang Adipati Tubin | asurèng palugon | sêkti guna wêweka gêlare | gung prabawa sinihan dewadi | prandene ngêmasi | tan nêdhasi pupuh ||
25. upaminta Damarwulan dadi | sarati[64] palugon | kinèn mapak mring Menakjinggane | yèn boloa balane dèn suprih | sêktia kang sêkti | ana kang tinêmu ||
26. Menakjingga têguh tur sinêkti | sudibyèng palugon | sugih bala wignya ngangsahake | gêlar dana siasat mamrêsih | labuh marang dasih | ing sabumi punjul ||
27. Dyan Kumitir umatur wotsari | ing panduganingong | bilih srana-srana sĂŞjatine | pan pinundhut ingkang pati urip | tan malih kinardi | kĂŞjawi linampus ||
28. kyana patih ing tyas tan nêpungi | pramèsyari alon | aturira dhatêng ing kakunge | nadyan kinèn mapaga ngajurit | myang kêng pati urip | pinundhuta patut ||
29. kinaryaa ingkang jatukrami | ing sakarsa dados | ing rèh abdi-abdi sayêktine | barong[65] punapa sang prabu dèwi | ing sakarsa dadi | mring wang[66] Majalangu ||
30. yogi sinaoskên Damarsasi | mring sang prabu sinom | yèn ta sampun myarsa sêjatine | Damarwulan kinunjara uni | wangsul yèn ngikibi | tan eca ing kayun ||
31. kyana patih angandika aris | ya bênrê rèningong | darbe apa kawulaning rajèng | yayi nadyan pati urip mami | ing sakarsa aji | pinundhuta katur ||
32. sarêng matur Dyan Seta Kumitir | lêrês sudarmèngong | dêdimène ing têmbe pinatèn | nadyan sarat srêrananing jurit | yya liyan nangani | ngamungêna ingsun ||
33. pan sêdalu dènnya gunêm pikir | enjing winiraos | pramèsyari gya dinuta age | kinèn angluwari Damarsasi | myang putranya èstri | kang tansah kasyayun ||
34. kawarnaa kang anèng piranti | Anjasmara kaot | wus narima ing dewa pandume | tur jinarag nadyan pati urip | yèn tunggil dyan mantri | dadya rênanipun ||
35. sang akalih anèng ing piranti | amawi kêbkong |[67] pan tinundha sêkawan langsene | lungsir cêmêng lungsir bang myang kuning | ing jro lungsir putih | jro pisan jinêm rum ||
36. pêsareanira apêsagi | pelag lamun tinon | apan sampun sêmadya candrane | dènnya kinunjara sang akalih | pêngraosing kapti | pan lagya sêdalu ||
37. tansah lêlendheyan sang lir Ratih | pangkyane sang anom | maos kawin Wiwaha kalane | Mentaraga anèng ing syargadi | têtkala liron sih | lan Supraba ngungrum ||
38. adi-adi adining mĂŞmanis | manise kĂŞlangon | anglangĂŞni wulangun ing tyase | kang trĂŞkadhang maos Rama kawin | duk putri Mantili | dirja linarungrum ||
39. ing sang Rogasuta[68] ing jinêmrik | syararum wèh wirong | kadya suling barung ing kalane | pagut manyura manis dumêling | urup lawan liring | solahing pangidung ||
40. pinênciran mangincanging alis | lir ngalap yusyèng wong | atênapi manise lakine | nuju kêpranan sinêdyèng galih | kèwêse ngrontog sih | kongas waja gumyur ||
41. deya nyawor sinukmèng ing tulis | kadya muksyèng ngênggon | lir kahana-hana samêloke | radyan mantri ing tyas cilik wukir | mawang mangras mor sih | abarungan kidung ||
42. ni mban inya tansah marbês mili | lir satêngah layon | nging yèn mirsa ing gusti syarane | pan sêkala tuwuk tanpa bukti | marêm tanpa guling | tyas narimèng sukur ||
43. Ginggongnaya tan pêgat anangis | tansah garong-garong | yèn wus mênêng sira pênangise | atêmbangan bosên nêmbang puji | tôngga golong mênir | cam terong bil cabuk ||
44. hèh juwata ingkang mugi-mugi | yèn titahe layon | yya pinêndhêm ing kuburan gêdhe | pinêtaka ing pasar kang dasih | dimèn aja wêdi | akathah wong langkung ||
45. SĂŞbdapalon ngantuk sarwi nangis | umbĂŞlira molor | amor lan luh kumrumpyung lalĂŞre | lambe kandĂŞl kabĂŞntus mawanti | tinon apan malik | nangis sĂŞnggruk-sĂŞnggruk ||
46. tan lyan ingkang sinambêt ing tangis | mung kuthuke trondhol | nèng gêdhogan yèn kurang pangane | tansah matur ing dewa luwih |[69] hèh Yyang Sukmanadi | yèn kawula lampus ||
47. dasih titip pitik trondhol siji | juwata yya ngantos | kêkirangan pangan pêsabane | sarta sampun sinikarèng jalmi | yèn tan krana bêcik | pamintaning ulun ||
48. ri sêksana pramèsyari prapti | ingiring panang wong | Anjasmara tandya nyapa age | iku sapa wong gumrudug prapti | aparsa matèni | mring Dyan Damarsantun ||
49. yêkti ingsun nora bisa kari | tan wurung sêlayon | ingkang ibu duk myarsèng syarane | putra sang dyah angrês ngrontog galih | waspanira mijil | kandhohane wuyung ||
** Pupuh 55 **
Asmaradana
1. sang pramèsyari nêbdaris | ingsun wong atuwanira | angluwari ing siranggèr | lawan si Damar Sêsôngka | wus padha ingapura | gumêndhèng sang dyah umatur | kawula tan arsa luwar ||
2. miwah Radyan Damarsasi | dahat kawula tan suka | yèn tan angsal janji ingong | lawan jêng rama priyôngga | ing mangke aturana | rama mring kunjaran gupuh | punika kawula arsa ||
3. mijil sangking ing piranti | yèn jêng rama datan arsa | yêkti lumuh luwar ingong | nadyan ta wêwindonana | gugrag anèng kunjara | lan kakang mas sang binagus | sun sêdya tunggil kunarpa ||
4. ya ta sang rĂŞkyana patih | ingaturan sampun prapta | ing kunjran alon wuwuse | dhenok-dhenok Anjasmara | babo sira mĂŞtua | sĂŞdene Ki Damarsantun | wis padha ingsun ngapura ||
5. wus sinorog ponang kunci | kori binuka sing jaba | kya patih sĂŞbdaniralon | babo wis padha mĂŞtua | aja sumĂŞlang driya | Sang Dyah Anjasmara matur | rama kawula tan arsa ||
6. yèn panduka datan apti | angambi[70] mantu priyôngga | mring kakang mas sang wiranom | sarta ingkang lulus rila | rama mring awak mara | dhaup lawan sang binagus | satriya ing Paluhamba ||
7. yèn tan arsa ananggupi | kula rama datan arsa | mêdal sangking kunjarane | ing gêsang tumêkèng pêjah | narima nèng kunjaran | dadosa dhog amun-amun | tan grantês raosing driya ||
8. puluh-puluh sun labuhi | rama jrê kawula trêsna | mring mantu panduka radèn | angling sang rêkyana patya | ing tyas kadya sinêndhal | iya babo putraningsun | sira Ki Damar Sêsôngka ||
9. têtêpa salaki rabi | arènira Anjasmara | kasraha mring sira dadèn[71] | suka lila ing sakarsa | sajroning madyapada | ing ariloka dèn rawuh | atas dadi kramanira ||
10. matur nuwun radyan mantri | kapundhi kalingga murda | ing sih panduka wiyose | umatur Sang Anjasmara | hngih[72] punika rama |[73] nguni ing mangke ngong suwun | dadosa kang jatukrama ||
11. sudarma arum kang dêling | dhenok-dhenok Anjasmara | wis mêtua sira anggèr | babo lawan lakènira | aja akèh rinasa | dèn narima ing Sukmagung | ing pangrèh tan pilih marga ||
12. sĂŞdene sira ki mantri | aran uwis kĂŞlampahan | sira ingsun mantu dhewe | apakrama[74] padha sanak | nalar kang wus kaliwat | yya rinasa pinrih dudu | boronga payyang[75] Pratingkah ||
13. kuwasa apa ing mami | drêma kinarya jalaran | pan wus untungira dhewe | umatur Radyan Sêsôngka | sadèrèng sêsampunya | tan mawi grantên[76] salugut | wus atasing sukmanôngsa ||
14. SĂŞbdapalon umuk ta ngling | ki patih putih ing jaba | ing jrĂŞro[77] wĂŞdĂŞlan wutoh | abangrĂŞ[78] biru amangkak | jujur masin kang manah | jaile anurut wulu | amrih rusaking manungsa ||
15. tan wruh brubiksa[79] momori | ngampung marang kajuwatan | sumia-sia tibane | upama karsaning dewa | agawe lara mulya | sĂŞpi pamrihing tuwuh |[80] tan kĂŞcakra dene purwa ||
16. rèh panduka sang apatih | kêcina[81] ing solah netya | nênggih sadina-dinane | radyan pinrih kang tan arja | saya kalunta-lunta | awit sangking sang pukulun | gêlar karya kêpanasan ||
17. ngundi[82] dènnya amrih sisip | patambuh ing kautaman | patih duk myarsèng dêlinge | Sêbdapalon ngundhamana | merang namur wêdaka | Nayaginggong cêluk-cêluk | wuwuse awor karuna ||
18. kya patih uculna mami | bok sampun kaliwat-liwat | anganiaya maringong | lali tĂŞmĂŞn marang sanak | sagĂŞgĂŞm sauwuran | sun uga sĂŞntananipun | bok sampun sawĂŞnang-wĂŞnang ||
19. tur jatine wong aurip | gêdhe cilik nora beda | kang beda mung drêrajate | drêrajat iku nugraha | sinilih dene dewa | kinèn amarna ing pandum | nyantosani ing raharja ||
20. ing rèh jumênêng lan puji | yyang juwata ingkang mulya | jatine tan ngraosake | patikbra rêkyana patya | ing purwa ana apa | saiki apa tinêmu | basakna wong Majalêngka ||
21. gunane bisa miwiti | polah kĂŞng pĂŞnggawe salah | tur uga pinurba dhewe | wĂŞkasan sendhe ing dewa | lah iku basa apa | ampungane wong kalurung | sasolah drĂŞma kewala ||
22. drĂŞmane wong darbe apti | nututi nalar kaliwat | pĂŞsambataning dewane | ing nguni sangking panduka | wong bĂŞcik pinrih ala | amĂŞmirang tanpa nganggur | siya-siya ing sĂŞsama ||
23. katêmbe ingsun miyarsi | anak kapunakanira | kinèn ngariti kudane | tur sinung arite timah | puniku dènaritna | gulune wong Majalangu | sayêkti môngsa têdhasa ||
24. kya patih merang kêpati | kathah kang krêrasèng manah | gya lumêbèng kunjarane | lawan ingkang pramèsyara | sang kalih èsmu waspa | mangrêpa nor Damarsantun | miwah Rêtna Anjasmara ||
25. wus samya kinanthi mijil | luwar sangking pakunjaran | atĂŞnapi parĂŞpate | apan sampun linuwaran | ni inya lan ni ĂŞmban | samya linuwaran sampun | suka sagunging tumingal ||
26. kondur mring dalĂŞm wus prapti | wus samya atata lĂŞnggah | kyana patih lan garwane | dyan mantri lan Anjasmara | lir mimi lan mintuna | kaya tan bĂŞnggang srĂŞrambut | singa dulu lĂŞlĂŞng brĂ´ngta ||
27. tan lyan ingkang dèn tingali | anjomblong cèthi pawongan | kumêdhèp têsmak netrane | yèn nuju Sang Anjasmara | pagut liring lan raka | èsmu mèsêm gêtir juruh | aprana datan kawêdhar ||
28. yayah rena sang apatih | rukun rumakêt mrih suka | sumrasah ing sêbda sumèh | riwusnya tata alênggah | rêkyana patih nêbda | mring atmaja sang binagus | lah ta kaki wruhanira ||
29. yèn ing mêngko karsa mami | iya ing benjang paseban | sun gawa seba siranggèr | babo marang pagêlaran | dene ta karsaning sang | maha sang jêng ratu ayu | kang dhumawuh marang ingwang ||
30. ingsun kinèn angulari | mring wong aran Damarwulan | tan lyan amung sira anggèr | kinarya sarating aprang | radyan matur wotsêkar | ing sakarsa sang pukulun | kawula datan lênggana ||
31. anjasmara awotsari | matur ring rama mangrĂŞpa | sarat punapa jatine | dene ta amilih nama | Radyan Damar SasĂ´ngka | kyana patih sĂŞbdanyarum | tanbuh karsane sang nata ||
32. mênawa ingadu jurit | amapak si Menakjingga | Anjasmara rum ature | saklangkung anganiaya | yèn radyan dèn lurugna | dene wong papa kasyayun | tan darbe bala sausap ||
33. durung mukti durung singgih | wusana tumêkèng tiwas | rama kados pundi ingong | tan wurung abela pêjah | ulun tan sagêt pisah | Radyan Sêsôngka sumambung | radèn ayu dèn prêcaya ||
34. borong punapa ing gusti | sakarsa sampun lĂŞnggana | mokal pinriha tiwase | atas kawulaning raja | sagung wong MajalĂŞngka | lumaku lawan pituduh | sumarah ing SukmanĂ´ngsa ||
35. angandika sang apatih | dhenok bênrê lakènira | dèn prêcaya ing dewane | sarya dèn mèstutèng driya | sakarsaning narendra | ing samobah mosiknya wus | winawrat lawan upama ||
36. tinimbang-timbang ing budi | dènnya mrih mulyaning wadya | borong apa ing karsane | maha sang prabu wanodya | kinarilan ing dewa | pinuja ing bumi kasup[83] | sinotya ing nungsa Jawa ||
37. aja lênggana ing kapti | babo-babo putraningwang | prakara lakimu anggèr | matur Rêtna Anjasmara | pantêse mantuwan |[84] wusana kêna ing ingapus |[85] pinaekan dening gêlar ||
38. jrê sagung wong Majapahit | tan wontên rêmên satunggal | mring mantu panduka radèn | tênapi pun kakang-kakang | sêjatine tan rêmbag | radyan lan kawula dhaup | mila tan eca ing manah ||
39. ngusap jaja kyana patih | sêbdanira angrarêpa | dhenok yya akèh rinaos | si Kumitir Layangseta | kapurba ing manira | ingsun tingalana masku | dèn ngandêl yèn Sukmanôngsa ||
40. Anjasmara matur aris | inggih sumôngga sakarsa | nanging ta panuwun ingong | rama ingkang lulus lana | asrah mring Dyan Sêsôngka | sarta aksama dèn agung | ngawruhana punggung mudha ||
41. kawula titip sayĂŞkti | rama mring mantu panduka | yya ngantos risak manahe | pintĂŞn-pintĂŞn darbe atma | mantu putraning uwa | tur dhaup padha sadulur | pĂŞthuk pikir galong manah ||
42. èsmu mèsêm radyan mantri | sinamun liringing netya | kya patih sêbdaniralon | dhenok-dhenok Anjasmara | yya pindho gawe nyawa | dèn prêcaya marang ingsun | bènèh mêngko lan ing kuna ||
43. dene saikine gusti | iya Ki Damar Sêsôngka | dhasar putraningsun dhewe | pindho dadi kramanira | babo pirang prakara | yèn tan supriha rahayu | sukur-sukur putraningwang ||
44. kênaa ingsun aubi | mukti anèng Majalêngka | dèn sihana ing dewane | ingsun wus tuwuk wibawa | tan liwat amung sira | sun pêpinta ing dewagung | pan ing têmbe ngakirira ||
45. kênoa ingsun ngèngèri | ing sasanak-sanakira | babo amung sira anggèr | ing timur têkèng diwasa | sun kudang-kudang nyawa | dadia pangungsèn agung | jinurunga ing juwata ||
46. matur nuwun sang lir Ratih | radyan mangênorkên raga | kya patih arum dêlinge | lah ta dhenok Anjasmara | babo sira kondura | sarimbit kêlawan kakung | dèn eca ing manahira ||
47. sang dyah lan radyan minantri | wus lèngsèr sangking ing ngarsa | akarya brangtaning tumon | kondur dhatêng dalêmira | ing mande[86] kubon sêkar | samarga sang dyah sinambut | pratistha anèng êmbanan ||
48. gêntya winuwusa malih | Radyan Arya Menak Koncar | saklangkung sangêt gêrahe | tan ana jampi tumama | tansah mujung nèng tilam | lamun karaos ing dalu | kadya tan mênangi siyang ||
49. yèn siyang tan têkèng latri | sing sangêting panang grêrah | tansah kang dèn amèkake | amung sang atmajèng Tuban | Dyan Buntaran Watangan | wus katur mring sang dyah prabu | Menak Koncar nandhang grêrah ||
50. ing dalu Sang Banowati | tanapi Sang Dyah Sêkatya | kinèn tuwi mring kuwone | myang Sêpêtmadu Wilaja | ya ta sang pramèsyara | lan atmaja sang lir santun | mêgêp anitih jêmpana ||
51. singgahane ambarangin | miyos dhatĂŞng katubanan | datan kawarna lampahe | sĂŞmana Dyan Menak Koncar | datansah tinangisan | ing arinta kalihipun | myang pra garwa roning kamal ||
** Pupuh 56 **
Sinom
1. Radyan Buntaran Watangan | nèng dagan pan èsmu tangis | prituwin Ki Gathul Dêmang | apêtêngrasaning ati | kêsaru ingkang prapti | Banowati lan sang ingrum | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | têdhak ing natar lurmaris[87] | Dyah Kalpikaningsih lan Kalpikawatya ||
2. mêthuk anèng pêlataran | myang pra garwa para gundhik | Radyan Buntaran Watangan | tan kenging pisah dyan mantri | tan lyan sinambat ing sih | amung ari kalihipun | gêpah sang pramèsyara | miwah Sang Rêtna Sêkati | amarpêki mring Dyan Arya Menak Koncar ||
3. laju minggah ing paprêman | pramèsyara Banowati | winanti winayang-wayang | winungu rahadyan mantri | Menak Koncar sun prapti | lan rinta Sêkati rawuh | dingarèn putraningwang | têka apês nandhang sakit | Menak Koncar dangu tansah pinêtêkan ||
4. tan mosik datan subawa | nglayung ujyalanya kèksi | napasira mêgap-mêgap | winungu-wungu tan mosik | ya ta sang pramèsyari | iya ketang trêsnanipun | andrês mijil kang waspa | pra garwa sênsaya nangis | Dyah Sêkati ngandika mring Dyan Buntaran ||
5. nimas ika lara apa | kangmas arya kang suwadi | dene ta kaliwat-liwat | sangĂŞte kang ponang sakit | radyan matur wotsari | ing nguni saunduripun | sowan sangking paglaran | witing kraos ingkang sakit | ulun matur sĂŞbdane wus timur mila ||
6. gadhah sakit sur aprana | asring arsa miyatani | nanging ingkang kina-kina | datan kadya sapuniki | kabubuh mêntas jurit | tuwuk kambon biring busur | dhapur grêrah konduran | sang dyah sru angrês kang galih | myarsèng sêbda sêkala mijil kang waspa ||
7. dyan arya awas tumingal | duk ngliring sang mindha Ratih | ing manah kadya sinêndhal | lir mati sajroning urip | ya ta sang pramèsyari | radyan sinuryan ing sangku | sarya winungu wantya | Menak Koncar nora mosik | Dyah Kalpikaningsih Dyah Kalpikawatya ||
8. tandya minggah ing paprêman | ingkang raka dèn sungkêmi | sêsambate amlasarsa | kangmas arya aja lalis | ingsun tan bisa kari | kakang aku milu lampus | dyan kalih èsmu waspa | Buntaran Watangan sami | mulat sang dyah sambate angrèndèng manah ||
9. saya tan kêna tinambak | sêksana anulya mijil | dyan kakih[88] sinambat ing tyas | tan lyan Sang Kalpikawati | miwah Kalpikaningsih | wong ayu aja amuwun | yèn balut tingalira | sapa baya kang nêmpuhi | Dyah Sêkati tansah nungkêmi dyan arya ||
10. saklangkung marwata suta | Dyan Menak Koncar ing galih | alon dènira alihan | sarya dhahamira ririh | sarêng wêntis gumuling | dhumawah ing pangkyanipun | Sang Dyah Rêtna Sêkatya | gêpah dènira nginggati | gya tumurun sang dyah sangking pêsarean ||
11. wurcitanirèng wrêdaya | basakna ing wong asakit | pênglilire mambu manah | sumlang animpahi wêntis | winêngkang saya mipit | maras-maras atèningsun | rusak daganganingwang | yèn wudhu sapa tinagih | tanpa aji sisane si Yuyu Kangkang ||
12. èsmu angawrati tingal | nanging tansah mandêng liring | gêthing trêsna awor maras | pangunadikaning galih | nora amêsajani | liyêping netra gumagus | ujare kapidhara | sasolah ngêtutkên liring | sun bênggangi dene ta nora alihan ||
13. nanging ta sun rasa manah | yèn yêktia ingkang sakit | wusanane têkèng pêjah | sun kelangan kadang yêkti | sang dyah gya minggah malih | paprêman èsmu pitambuh | sarya alêlendhotan | ing Sang Dyah Kalpikaningsih | maju mundur ing manah kabyatan trêsna ||
14. dyan arya suka ing manah | ningali sang mindha Ratih | merang sinamun ing netya | pangudasmaraning galih | lawe pĂŞnyandhĂŞt wajik | yayi rada kĂŞna ngapus | parikan gĂŞnthong sabrang | ruci tĂŞmĂŞn wong akuning | sun tĂŞtĂŞdha tulusa asih wong brĂ´ngta ||
15. yèn sun sawang warna dika | sajagat tan antuk tandhing | èsême asor Supraba | yèn ngandika kadi Ratih | lêlakone wong kuning | yang yang Wilutama tumrun | nonah rapêni Tuban | ayam irêng mubal putih | mung ayune dadya pênulak prêlaya ||[89]
16. kĂŞlabang sinandhung muncar | buron kali mĂ´ngsa jalmi | baya rĂŞna sira dewa | ing tĂŞmbe sun srĂŞnggarani | bok aja nganggo wadi | mring kadange brĂ´ngta wuyung | senthe jurang ngayangan | sĂŞdhĂŞngan wayah cumulik | padha mĂŞngko kĂŞjarah dene andika ||
17. baita kaisèn toya | kukus gunung sun wêstani | kinapakna ingsun mirah | labête kèrêm wong kuning | pun kakang èstu lalis | yèn tan gêpok senggol masku | aja rasa rumôngsa | atêtinjo wong asakit | radyan arya ing manah datan srêranta ||
18. aja ewuha ing tindak | sarta ajrih ingkang bibi | kaya rinangkul-rangkula | sêkala tumêkèng rêsmi | alon nglilir dyan mantri | apan èsmu pungun-pungun | mulat ing nglenasyara | sêdya têdhak sing jinêm mrik | kadya sata kênèng pilis solahira ||
19. ringik-ringik minta gantyan | ing rayi Kalpikawati | sarya ngrangkul api ora | mèh kliru ing Dyah Sêkati | sang rêtna anginggati | têdhak sangking tilam arum | Dyan Arya Menak Koncar | ngadhuh ngêsês sambat mati | trêrantanan gya tumrun sing pêsarean ||
20. ya ta sira pramèsyara | saklangkung dènnya lulut sih | mring putra Dyan Menak Koncar | wus tata lênggahnya sami | Sang Dyah Rêtna Sêkati | anèng keringnya kang ibu | Sang Dyah Kalpikawatya | Kalpikaningsih jagani | ing rakamta lênggah bukuh anèng ngarsa ||
21. kang winawang amung Sang Dyah | Sêkati rinungrum galih | mas mirahe wong Lumajang | kang akarya lara brangti | benjang punapa gusti | asung jampi wong kêlurung | pun kakang sida edan | klawan sintên têkèng rêsmi | mung anune gêgawe anu wong[90] brôngta ||
22. tambak gung kang sanagaran | bara-bara kusumadi | panggih lawan Menak Koncar | kang duwe rasaning ati | tawon gung tala siti | suwadine nora katur | kadang katut sing garwa | nora dipe wong akuning | sun wĂŞtara ing galih sampun wuninga ||
23. bakung bang awoh bandhoga | sampun ganas wong ajait | duka dhumatêng pun kakang | kapithing kang saba tasik | rakamta wong abênthing | kêdah-kêdah kapiluyu | kang abdi ngèstu pada | cêcawu kang nusuh siti | kawulane baya dinalih punapa ||
24. suwe nèng ngarsaning rena | lathinya pating kajuwit | Radyan Arya Menak Koncar | tan lyan sinambêr ing liring | mung Dyah Rêtna Sêkati | kabêlêt ing manah wuyung | mèsêm sinamur mulat | ngêsas-ngêsês nganan-ngering | pungun-pungun grêrahe kinarya-karya ||
25. ri sampunnya angrarêpa | umatur saha wotsari | minta-minta pangaksama | ing rena Sang Banowati | radyan atmajèng Tubin | sumiwèng wus praptèng ngayun | dyan tiga mèstu deya | ing ibu sang pramèswari | radyan arya tambuh solah liringira ||
26. sandi lungiding ujyala | noragèng sumiwèng ngarsi | lan radyan atmajèng Tuban | Dyah Watya Kalpikaningsih | Dyan Arya sinung aglis | gantèn ing rena agupuh | tinampèn tandya mucang | lurah pawongan kêkalih | langkung dènnya awlas mring Dyan Menak Koncar ||
27. Ni Sêpêtmadu Wilaja | prana dènnya nukmèng liring | mring radyan katiga pisan | sasolahbawanya sami | Dyan Arya Jungkarangin | lirike sinêdyèng kayun | namung Sang Dyah Sêkatya | tan môntra wong lagya sakit | langkung bingar jyala lir sêkar sêtaman ||
28. dene Rahadyan Buntaran | Watangan kilat ing liring | tan kĂŞnyanan ing lyan mulat | nanging ta amiyatani | mring Dyah Kalpikawati | Kalpikaningsih sang ingrum | samya sawang-sinawang | colong-cinolong ing liring | lamun pagut sarĂŞng tumungkul ing jĂ´ngga ||
29. Kusuma Rêtna Sêkatya | datan nglêgewa ing galih | kêna gêlaring wong brôngta | kang sangêt mangluh dènnya gring | dene kang para rabi | miwah para sêliripun | kamitênggêngên mulat | mring Sang Dyah Rêtna Sêkati | iki si wong ratuning ayu utama ||
30. ratune ing luwês raras | pêsaja ratuning kuning | ratu-ratuning jêtmika | ratune wong mikat ing sih | ratune wong jukining | ratune wong gandhang luruh | ratuning kawiragan | ratu-ratuning pawèstri | pindha brôngta nglêlaga inggaring brôngta ||
31. panjang rinêngga ing papan | kang sugun sinunggun ing sih | dyan arya sampun waluya | sêmana Sang Banowati | kondur lumêbèng puri | lan putranira sang ingrum | pra garwa ing Lumajang | sêdene kang para sêlir | samya dhèrèk ing sajroning dhatulaya ||
32. tênapi wong trunalanang | kawandasa anjajari | asikêp paris lan pêdhang | siyaga arakit jurit | Radyan Buntaran tuwin | Watangan dhèrèk ing ibu | kandhêg ing sring[91] pêngantya | datan kawarna ing latri | kawuwusa enjing kang ginuladrawa ||
** Pupuh 57 **
Dhandhanggula
1. ya ta sira Radyan Damarsasi | dumugi dènnya apawor raras | neng kubonsekar sang anom | lan kusumaning ayu | Anjasmara sang liring sari | biyadèng kêpatihan | wus kêpadhan lulut | tangèh rinêngga ing têmbang | adu sêmu padha krêrasa ing kapti | duk pista tuwan jendral ||
2. nĂŞnggih lawan kĂŞpara rapĂŞni | anyanggĂŞmi ingkang prĂŞjanjeyan | miwah ing kauntungane | SĂŞbdapalon sĂŞklangkung | Nayaginggong rĂŞna kĂŞpati | pĂŞnuh punya makanan | ikan-ikan sayur | sayur apa-apa adha | kuwih-kuwih buah-buah manis-manis | jĂŞnang bĂŞkatul banyak ||
3. myang pakean muwah kêling-kêling | kêstop baludru sup lan kaleja | sêngkêlat kêsting langkare | trasuwe dhuryas pênuh | myang hèr muslim mori cuwini | mêspurba dhidhar kasa | cindhe renda pênuh | mêski apa-apa adha | myang bênang mas tradhak arganya sêkali | momohan lurik banyak ||
4. lagi singsim batu mirah kuning | jumrut widuri mêgori banyak | intan barlean tajuge | mêspir myang krêstal pênuh | tradhak arga mêsthika lagi | sêmoa mêski adha | lêbih kaya sunggu | sampe trak kliatan orang | gèsprê[92] kancing bintang pênding[93] intên murni | myang nyamat isi salak ||
5. lagi uang brapa-brapa kĂŞthi | kĂŞton rupiyah myang rispis banyak | anggrisnya sumur tĂŞmpate | tĂŞmpat wang perak pĂŞnuh | dirham-dirham dinar slebari | wang merah tradhak guna | lĂŞbih kaya sunggu | tĂŞlalu dhibuwang saja | kurang tĂŞmpat kantor gudhang lĂŞbih isi | dhuwite wingka rolas ||
6. duk sĂŞmana rahadyan minantri | ri sĂŞdhĂŞngira arsa sumewa | lumiring ing sudarmane | mĂŞgĂŞp busa luhur |[94] lir piturun sangking syargadi | sĂŞngsaya embah-embah | warnanya binagus | lir wulan sĂŞdhĂŞng purnama | nglela wĂŞnĂŞs ujyala minuni adi | adine ajuwatat ||
7. Anjasmara tansah migêna sih | gandhang cang gandêsira kongas |[95] saya rêbut gon manise | èsêmira binarung | liring kadi intên hèr thathit | kakung tansah winawang | wangwang gêtir juruh | jae bang ing kêpatihan | grêrah uyang lamun nora anyablèki | ping rolas satêngah jam ||
8. ratu wida kudhuping wratsari | wong adhandhing aja lunga-lunga | yèn binêskup ing mêmundrèng | tan wurung ingong lampus | panu biru sun tohi kanin | layar gêbang kakang mas | wong arangkung-rangkung | bisa têmên dudut manah | wong asigit pisang kara sun wêstani | grahitanên wak mara ||
9. kathah ingkang rinasa ing galih | Sang Dyah Ayu Rêtna Anjasmara | aningali ing kakunge | kuwatir nèng dêlanggung | bok ingewat mondrèng dêdungik | bêbakul sambiwara | wêlanjar ing ênu | jinanji winantya-wantya | kang mas aja salah wèngwèng anèng margi | mênawa kênèng sawan ||
10. mêngko kangmas lamun sira nangkil | aja suwe-suwe nèng paseban | lamun kanginan baguse | suda bot-bote suku | sapa baya ingkang nglironi | dewa ing Suralaya | môngsana kêng sanggup | sun wangêni têlung êjam | nèng paseban yèn tita wis nora prapti | sun susul sira kakang ||
11. mangrêpa nor Radyan dadyan Damarsasi |[96] mèsêm mangras binarung ing sêbda | nah anggèr mirah ingong |[97] kang asih marang kakung | gusti sampun matwi ginalih | dasihipun Sêsôngka | tan maro mrêtêlu | nyipta ing lyan sangking dika | ulun nangkil datan dangu tandya prapti | ketang kêng sawang rêtna ||
12. sang dyah mèsêm sarya nambang liring | sêsawangan kapranan ing sêbda | ing kakung sang jayèng sinom | sa[98] dyah wuwusirarum | gêgêthingan ingsun kêpati | priya basa ing garwa | tur kaprênah sêpuh | bênrêre malah manira | ingkang nukmèng pada saha awotsari | lir nyèthi dewa mulya ||
13. têka isin arsa sun marèni | gungan tênaga mring sira kangmas | dadanan wus saradane | apuranên wong bagus | pawongane dhoso mring laki | kurang mangranupada | sêbda kumalungkung | marma tuwanku kewala | dipun agung pamêngku aksama kêng sih | mring cèthi punggung mudha ||
14. radyan mèsêm mangusyèng panêpi | sang dyah sinambut munggyèng ing pangkyan | liningling-liling dêlinge | nah anggèr mirah ingsun | wus kêpatut gusti kêng abdi | nate mangabdya pada | tur dasih satuhu | ing mangke karsa andika | kinèn aja rasa rumôngsa ing kapti | kasuwun sih andika ||
15. sapa baya gusti wong akuning | ingkang wignya angruwat tyas brôngta | sing papa cintraka wite | sumêngka ing aluhur | pamrêsing byat sinuksmèng gusti | miwah wong awibawa | sinujyèng môntra nrus | dene sang Yyang Madyabrôngta | mèstutingrèh ing sang kumaraning sari | sarining dyah triloka ||
16. kalokèngrat samendraning bumi | titahing yyang kasmayadi raras | sinih sinong susetyane |[99] lyaning panduka masku | paja-paja panjrak trus sumrik | winangkara sung rimang | embah salir juruh | adoh elok lumrangkara | rumambat sih pinudyèng kyat Maospait | nênging sang sari rêtna ||
17. wêntaring gumya prana mamrêsih | mangras winangun ngujyala raras | sang dyah lir rinontog tyase | embah-embah mangun kung | pujaning kang widrawa kèksi | Kusuma Anjasmara | supragyèng mrih tyas rum | ruming rèh sinidi brôngta | karongron sihira risang marsèng rêsmi | sumarjèng lam-lam deya ||
18. riwusnya marna ingkang lulut sih | ya ta mangke sang rêkyana patya | sowan mring pônca nitine | sêdene sang binagus | kerit dene rama sumiwi | samarga-muga[100] gumrah | gunging wong dinulu | kagyat mulat ing rahadyan | sajêk kumlip nèng marcapada durung wrin | ing warna kadi Parta ||
19. tuwa anom miwah gêdhe cilik | eba ta umung jêjêl rantaban | èbêk margagung pênuh wong | tinarka dewa tumrun | datan lingên ucaping jalmi | ri sêdhêngnya kawarna | sang narendraning rum | mêgêp miyos siniwaka | munggèng siti inggil binaturanadi[101] | sangkêp praboning nata ||
20. pirang-pirang rêsmining nayadi | manuhara ruming rêtnanèngrat | kongas kaprêbawèng katong | èbêk paglaran pênuh | busana bra makilat thathit | teja maya sumirat | mangênyar sumuluh | lir sêgara rob bêlabar | wadyabala sêdaya wong Maospait | sumewagara gumrah ||
21. gita-gupita jawil-jinawil | wulat mawulat jêjêl mawaglar[102] | panjêmendra môndra andhèr | horêg kagyat mawa glut | beda sabên-sabên gung dasih | singrêring tara sumyak | gumiwang cahyanduk | mêmanone Majalêngka | singrê sumrah inggar sumuk ing nêgari | karya pêngaribawa ||
22. kyana patih ngandikan wus prapti | ngabyantara lir konjêm ing kisma | myang Seta Kumitir Radèn | Rôngga Minangsraya wus | Arya Simping Menak Giyanti | tuwin atmajèng Tuban | andhèr marikêlu | tênapi Dyan Menak Koncar | atap aglar pra niyaka ing ngarsaji | dhêdhêp tanpa subawa ||
23. prabu rara ngandikèsmu wingit | mring apatya kayaparan baya | ing nguni parentah ingong | sira ingsun pituduh | ngupaya wong ran Damarsasi | apa saèstu panggya | atênapi luput | paran ta ing mêngko bapa | umatura pyayama saha wotsari | risang rêkyana patya ||
24. gêtrêring tyas saklangkung dènnyajrih | gusti kasinggihan karsa tuwan | pun Damarwulan wiyose | atma kawula mantu | abdi dhusun duk anyar prapti | lakinya Anjasmara | ing mangke sang prabu | sumaos ing pagêlaran | sring wanodya duk myarsa aturing patih | kumênyut raosing tyas ||
25. maya-maya widrawa mangun sih | mantya kismèng kasrang raditya |[103] katri môngsa upamine | siniram ing udan rum | rumêsêp sih yyang nugrajati | winahya wahyaningrat | Manikmaya tumrun | nguni marna têngahing yyang | kang pinujamôntra nagri Maospait | dumadak lumêksana ||
26. sumuking tyas angĂŞmu mĂŞmanis | manisira kongasing ujyala | maha sang murtining sinom | alon angandikarum | bapa patih mantonira glis | lah mara timbalana | kĂŞng ran Damarsantun | kya patih matur sandika | saha sĂŞmbah ngliring Dyan Seta Kumitir | dyan kalih sarĂŞng mĂŞsat ||
27. curiganira tansah pinipit | tingkahira gawe nulat yang yang | mênjangan kêtawang radèn | kampuh sinandhung-sandhung | koncanira nrêrampat[104] siti | tumrun sing siti bêntar | sênsaya gumagus | nora pati yèn bagusa | mung bêsuse gawe ojating sêsami | dadya sêkaring praja ||
28. cingak sagung wadya ingkang nangkil | samya mulat sawêdale radyan | Seta Kumitir cahyane | lir sêkar isthanipun | lagya nêdhêng kang wora-wari | gawok sapasewakan | dyan kalih prapta wus | ngarsaning Dyan Damarwulan | andhawuhkên kang timbalan prabu dèwi | sêndhu ing netya sêbda ||
29. Dyan Sêsôngka wus kerit dyan kalih | darmanta ngrèh ing susela krama | marwata suta ing tyase | ngrasuk pamruh ngaluhur | nanging tingal kinusyèng lungit | lênglêng ing yyang wisiksa | surasèng dewa nrus | niskala sêtya sumêtya | cahya anduk kongas ngêdusi sakalir- | ira sasasolah netya ||[105]
30. parpat kalih amaras kêpati | bok mênawa gustine pinatyan | sing kya patih pênggawene | wantu wrangkaning ratu | misesani ing Maospait | binapa ing narendra | kêdhahar kêng atur | de nguni kêpalang driya | dènira mrih pêjah gêsange dyan mantri | tan wun ing budya arja ||
31. pinaekan sinangkan sing niti | tata tumrap wisiksaning raja | sinunduk ing purwakane | mila maras kĂŞlangkung | sagunging wong kang samya nangkil | ing cipta warna-warna | mring Dyan Damarsantun | nĂŞngna gupitaning manah | Dyan SĂŞsĂ´ngka ing ngabyantara wus prapti | lir Parta mangun brĂ´ngta ||
32. tan lyan mulat samaning kang nangkil | jalu èstri anjomblong tumingal | cêngêng lênglêng wurcitane | myang sagunging pra arum | kêng mangayab sumiwèng aji | sumiwèng ngarsa nata | akathah liripun | wênèh gigal busananya | tan krêrasa jamang sampur dèn waoni | asta tan tibèng prênah ||
33. wênèh banyak dhalang sawunggaling | wardawalika kacumas |[106] katungkul ngumbar liringe | kêkalih manglah ngungun | pra bêdhaya pan padha brangti | manggung-manggung kasmaran | marang sang binagus | miwah radèn ayu patya | Rarasati dangu dènnya nutkên liring | ing sang lir Partasmara ||
34. ketanging tyas suselaning[107] èstri | malulu myat winaon ing tingal | lyan sing pênyalong liringe | nahan kang samya wuyung | ya ta risang narendra putri | rêtna sêsotyaningrat | Dyah Kêncanawungu | sapraptanira Dyan Sôngka | mingkis gubah manglela gumawang kèksi | lir piturun sing syarga ||
35. tumaleram gumêbyar rêsmyadi | asor sarining wulan purnama | manoning rat kucêm kabèh | sonar yyang arka kusut | surêm mendra dene cahyati | kadya ngalapna jiwa | sagunging tumuwuh | gêtrê konjêm singa mulat | lir pinêcat yusyane kang nukmèng liring | tan wênang nuju tingal ||
36. lyanta sangking Radyan Damarsasi | sêkala pagut liringing tingal | lir panjang putra tumibèng | sumayana suh rêmpu | mawulat ing tyasira kalih | anglir tanpa jamuga | Radyan Damarsantun | sinamun ruming ujyala | nora paja-paja kawêntaring èksi | tan kênyanan lyan mulat ||
37. sakêdhap netra kêprananing sih | wus tumangkêp samir tundha sapta | prabu rara lênglêng tyase | sinudyèng rat mangrês kung | pasrangkara sêsmitèng lungit | lungide kasuselan | mahsang murtèningrum | sirna kamanungsanira | panukmèng tyas sang dyah ing Dyan Damarsasi | èstu Yyang Tanpauna ||
38. pinancêr ring kilat murub dumling | puja môntra èstuning juwata | pitung syarga kênyatane | yyang kara-kara linud | cahya mulya nuring dewadi | rênggèng asmara brôngta | ing Sang Damarsantun | sêkarêng[108] madyapadèngrat | nir sucipta niscayèng suralayadi | wijile nugra limpat ||
** Pupuh 58 **
M i j i l
1. ketang brangtanirèng prabu dèwi | sakênyariranon | duk ing alus pinurwèng titise | Sang Yyang Kumajaya lawan Ratih | ing sang dewa luwih | ngarca manik tumrun ||
2. sinudyèng rat iya Dèwi Ratih | ya sang prabu sinom | nguni tumawang nêngèng wiyate | lami mulat kang dadya èksi |[109] ing nalika prapti | Yyang Asmara tumrun ||
3. kilang drawa campur rasa jati | sêjatining tumon | nora samar parikaraning rèh | bawa paribawa sakirtya mrih | ing susela brangti | brangtaning wong agung ||
4. nora mĂ´ntra kawĂŞntaring liring | sinamun ing pasmon | wimbuh sinru ing sĂŞbda wĂŞntare | pilih wadya ing Maospait |[110] wruh pasmoning osik | sĂŞsmitaning alus ||
5. alusira kang winrat ing jisim | nugrahan umanon | lir kasmaya punika dununge | prêmana kang anèng jaja kering | bale parewarni | panglindhunganipun ||
6. gya tinampan marang Dewa Ruci | kang ngrasuk sĂŞkaron | wadhag alus iku pĂŞnyampure | gĂ´ngsa ing tyas bisa nampik milih | puniku kĂŞng dadi | pangruhuning laku ||
7. kĂŞng minĂ´ngka pamolahing jisim | RucibrĂ´ngta kaot | lir kamudhining palwa isthane | kang linakyan mobahing jasmani | uripnya sangking sih- | ira juwatagung ||
8. mila marna sêbda kang piningit | alya kumêlanjon | sampun ngantya ngupama pamane | tanpa rupa rupa kang sêjati | jatine pamuji | amrih pujènipun ||
9. pan ing mangke nugraha kang prapti | mring sang prabu sinom | saha para dewa pamarnane | solahing rèh nagri Maospait | rinênggèng palupi | linimpatkên têmbung ||
10. Dyan Sêsôngka dangu munggèng ngarsi | tansah mangrêpa nor | tan ingucap dyan panukmèng tyase | mring sang maha pustakaning rêsmi | ki rêkyana patih | jrihira kêlangkung ||
11. ginagap ing driya tan andugi | karsane sang katong | Radyan Seta Kumitir ing tyase | grahitanya sang nardpèng[111] dyah runtik | tansah yitnèng wèsthi | kyat sura mapangguh ||
12. Dyan Buntaran sêdangunya ngliring | dhatêng sang wiranom | lir myat gambar winangun rahadèn | rêsêp kacaryan kasmarèng galih | iki si wong luwih | lawan ngong tumuwuh ||
13. durung mulat titahing dewadi | kadya sang wiranom | ratuning wang[112] patut satuhune | angluhuri bagus lawan sigit | mendah wus amukti | ki raka wong patut ||
14. pasêmone mantêp ing pakardi | kêdhik ing wiraos | solahnya lus netya sêbda sumèh | sun têtêdha ing Sukmana luwih | asiha ing mami | sun aku sadulur ||
15. Menak Koncar anjĂŞngrĂŞ ningali | tansah gawok-gawok | sun wĂŞtara wong iki pambĂŞke | lana ing tyas tur awani mati | cacade sawiji | kurang ototipun ||
16. tangèh lamun têdhas Menakanjing | sêmune apeloh | sun dhèdhèki mung pakulitane | lêmbut lumrê pantêse wong iki | kalis dening wêsi | sabêtane lulut ||
17. mendahane sadulure èstri | pantêse amlodong | nora kawoworan ing ayune | ayu dhasar kuning tur gumrining | gêlêm ingsun dadi | punakawanipun ||
18. kinĂŞluhona[113] lir kĂŞbo sapi | tan lĂŞnggana ingong | sok si dhasar kĂŞlakona bae | nucup wong ayu lumrĂŞ jukining | iku kĂŞng supami | dudwea[114] sadulur ||
19. ênêngêna panggusthining kapti | ya ta sang akatong | sakêlangkung wagugên ing tyase | kewran pamurwèng wêntaring èsthi | wusana nimbali | mring ni Sêpêtmadu ||
20. lan Wilaja ingutus gya mijil | wus tundhuk sêkaron | lan Dyan Sôngka ki lurah dhawuhe | radyan katimbalan prabu dèwi | radyan tiyang pundi | ing pinangkanipun ||
21. lawan sintên ingkang ayêyogi | lan malih sang anom | pintên yusya panduka rahadèn | Dyan Sêsôngka aturnya nrêpasih | ulun tiyang sangking | dhusun purwanipun ||
22. Paluhamba dene kang yayogi | Maudara kang wong | kĂŞng wus muksya kawula wiyose | ingĂŞmong dene eyang sang yogi | Musthikamayadi | kasĂŞbut bĂŞbuyut ||
23. Paluhamba ingkang apalinggih | dene yusyaningong | mapan sampun sêlawe warsane | tandya mêsat pawongan kêkalih | aturnya wus titi | mring sang kumarèngrum ||
24. prabu rara angandika manis | èsêmira winor | yayi Rarasati sasêdyane | pan wus pira yusyanira yayi | Sang Dyah Rarasati | aturnyèsmu wuyung ||
25. yusyèng ulun kalih dasa warsi | andikaning katong | yayi kacèk sêtahun wiyose | ingsun mapan wis sêlikur warsi | nêmbah Rarasati | èsêmnya sinamun ||
26. pan saklangkung sumêdhoting galih | sang dewaning sinom | adu sêmu kêcandhak liringe | ing Sang Rêtna Dèwi Rarasati | sinamun ing lungit | saya gêtir juruh ||
27. sonarnya wor dinusan mêmanis | akarya wirangrong | tandya jêngkar sang murtining rajèng | ginarêbêg sagung para sari | lir pujan rêtnadi | kondur angêdhatun ||
28. Adipati Lugêndèr gya mijil | sakancaniralon | pagêlaran atata lungguhe | kapang kubêng supênuh kang nangkil | lir manungsung warti | isthaning wadyagung ||
29. sidhêm tanpa subawa gung dasih | tanbuh garjitèng wong | mung Dyan Sôngka tinutên liringe | mênggah-mênggah tyasnya sang apatih | ningali dyan mantri | tanbuh kang tinutuh ||
30. nora wurung yèn dadi pakardi | satêmah rêrêmpon | ajur padha sadulur wêkase | runjang padha rowang arêbut sih | brêmantya tan sipi | tanbuh dhawahipun ||
31. mingut-mingut sinamun ing liring | ing sasolah sagok | myang Dyan Seta Kumitir sĂŞdene | jajanya brit lir mawĂŞtu agni | dinulu dyan kalih | lir nuduk agapruk ||
32. Dyan Sêsôngka pan wus ngudanèni | ing sasolah pasmon | langkung dene ngênorkên ragane | nging jroning tyas sarambut tan gigrig | prêcayèng sukmadi | sumarah ing ratu ||
33. malih warnanên sang prabu dèwi | kang kondur ngêdhaton | kandhêg anèng gapura tindake | mulat kawiryan rêngganing puri | pura raras rêsmi | lir kasyargan tumrun ||
34. mantya rênggèng pradôngga asri |[115] sumrik puspitabyor | wijah-wijah jahning maya ludyèng | minangkara rêsêp mindranya sri | lêlêng kalêngkaning | lêngês mara ngungrum ||
35. sêmining ron ketang karongron sih | duk kasyargèng tinon | angrênggani ing Cakrakêmbange | rikalanya Kumajaya Ratih | mèh embah kang brangti | ing sang karya wuyung ||
36. duk mangiwa liringnya ningali | sang murtine sinom | pustakane Pandhansurat age | pinêthik tandya sinukmèng galih | sinrat sastra sandi | linimpadkên têmbung ||
37. pilih jalma ingkang ngudanèni | sandine wèh wirong | sinrat dening kênaka lungide | gya sinungkên pawongan kêkalih | satêdhaknya sangking | pilênggah sang ingrum ||
38. sarta tindak tan kêcakrèng lungit | titising sastrèng ron | wus kêtampan sang nata pasmone | gêpah Sêpêtmadu Wilaja glis | mring paglaran mijil | sêksana tumanduk ||
39. ing Dyan Sôngka kêng nèng pôncaniti | gupuh mangrêpanor | gya dhumawuh timbalaning rajèng | wus tinampan pustakèng ron sandi | sinukmèng jro galih | bêbukaning têmbung ||
40. pèngêt maha sang narendra putri | sinudyèng sukmanon | kang minongrèh[116] pra juwata kabèh | kinamulèn sagung widadari | kang kinarsan dadi | lêlakon kasyayun ||
41. dhumawuha ing Dyan Damarsasi | wiyose sang katong | kapêtêngan ing praja rêntênge | ing rèh Menakjingga kyating jurit | mendra sura sêkti | tanpa lawan pupuh ||
42. pantês lamun Radyan Damarsasi | ngêntasi palugon | yogya mocok murda digung rajèng | tan lyan yogya pininta srayadi | mung Dyan Damarsasi | kêng sih ing kasyayun ||
43. cacadira sang narendra putri | gêgampang punang wong | dene durung sinungan kamuktèn | sinangsraya kinèn mapak jurit | yènta wus amukti | tan kuciwèng sêmu ||
44. ing satêmah ginubêl ing kardi | rèh sang prabu sinom | tanpa yayah rena myang kadange | èsthining tyas kawrat ing sastradi | wus titi kêng tulis | sang anom tyas ngungun ||
** Pupuh 59 **
S i n o m
1. sêkala kadya sinêndhal | ing driya rahadyan mantri | kurang winalêsing pêjah | mêmanise prabu dèwi | galihnya cilik wukir | kongas netyarja sumuluh | gêpah mangsuli sêbda | ing lurah pawongan kalih | dasih nata tan lênggana ing sakarsa ||
2. Ni Sêpêtmadu Wilaja | wus mêsat lumêbèng puri | horêg sagung kang sumewa | pita-ginupita sami | nyana-nyana mawarni | warna-warna bisikipun | risang rêkyana patya | sumung-sumung wêdanabrit | ngatak bubar ya ta samya lêluwaran ||
3. gora rèh kagiri gumrah | sagunging wong nêningali | margagung lir binusanan | kadya sulung mêdal enjing | wulat mawulat asri | pôntha mapanthang supênuh | datan lyan kang ingucap | amung Radyan Damarsasi | sugun-sugun kaya wong takon pawarta ||
4. ya ta ingkang kawarnaa | sang dyah kĂŞng tinilar nangkil | Kusumayu Anjasmara | datansah angarsi-arsi | ing kakungnya dyan mantri | wuyanging[117] tyas tansah gandrung | sang dyah kabyatan trĂŞsna | gandrung-gandrung asung brangti | roning kacang manglayung dangu tan panggya ||
5. buron arum kinunjara | maras-maras ingkang ati | alaki wong kadi Parta | lamun dèn limang sukoni | atal sangit sing ardi | mendah baya merang ingsun | pan pantês sun têkèng pêjah |[118] lawe ingkang jinum kardi | yèn rawuha mêngko kakang sun rarêngga ||
6. baita kaisèn toya | cêpaka rinujit miring | bubrahe ati manira | kèrên dene wong asigit | parikan wohing dami | parikudu ingsun susul | wadung cina pangeran | kinapakna awak mami | pêtis manis jêr dika dadi pocapan ||
7. krangeyan kang munggèng têgal | wong bagus sun anti-anti | kang gêbang binêsut mudha | apêgêl rasaning ati | dene kêpati-pati | seba têka nglangut-nglangut | sang dyah karsa anggantyan | tansah binuwang ingambil | mung kakunge tan lyan sinambating brôngta ||
8. sêbdane mring babu inya | pagene ta wong asigit | suwe têmên nora prapta | dene mau ingsun janji | maras-maras ing ati | mênawa mati kêsandhung | sirna kabur kanginan | kodanan udan pawèstri | padha ilang angur sanak bapa biyang ||
9. sĂŞjagat mĂ´ngsana memba | kadi dika wong abĂŞnthing | oleha ing bĂŞnthingira | ujar kari sarya wingwing | akeha wong awingwing | ujar kari rangkung-rangkung | padha rangkung-rangkunga | ujar kari parak ati | prak atia ing manah mĂ´ngsa sĂŞnĂŞnga ||
10. sapa kang kandhêk kampiran | angganggu mring wong alungit | mawuh angrong pêsanakan | kinraha buta sakêthi | pinaraga gagrêring | sinambrêra gêlap sèwu | wanodya kang sikara | linuda ing mutah mising | wong abagus poma aja salah karya ||
11. ni êmban matur wotsêkar | raka panduka dyan mantri | kadangu anèng paseban | tinimbalan prabu dèwi | mêlang-mêlang ing ati | mênawa tinuju kayun | pinundhut dadya krama | sinangkan sing solah niti | sêbdaning dyah yaiku maras ngong biyang ||
12. poyang-payingan ing manah | Anjasmara sêmu kingkin | sêksana Radyan Sêsôngka | wus rawuh dènira nangkil | duk katingal nèng wijil | sang dyah tyasira kumêpyur | gya mêthuk kapang-kapang | gêndrèh-gêndrèh asung brangti | gupuh-gupuh rahadyan maoni kônca ||
13. gapyuk sĂŞksana ingĂŞmban | sarya ingras kang panĂŞpi | samarga awirandhungan | wayang-winayang ing liring | rĂŞbut gon kang mĂŞmanis | sang kalih tuhu abaut | sĂŞdhĂŞng kang pĂŞpasihan | lir mintuna lawan mimi | sang dyah lajĂŞng binĂŞkta mring pĂŞsarean ||
14. supe dhahar lawan nendra | mung asmaranya kang kèsthi | tansah anèng pagulingan | tan etang karya duk nangkil | mung lêngês marèng rêsmi | mantya martikèng mangunkung | kongas kasmarjèng tilam | srêngkaranya anrês ing sih | arum-arum lir sapada[119] nukmèng sêkar ||
15. nutuk dènnya pacakara[120] | prêmain taksyara lungit | lungide sinawung brôngta | brangtanya amigênani | wigêna pamujasih | sihira tuwan kumêndur | gupênur rat India | anèng gupit môndrarêsmi | pênuh raras mas nyonyah ing kêpatihan ||
16. wus jinarwa kang suwadya | sapangrèhirèng duk nangkil | katitisan sandi sastra | tumrap pustakèng ron sari | sinran srayèng ajurit | ing maha sang umarèng rum | mapag sang Menakjingga | kyating sura môndrasêkti | têguh timbul prawira ing adilaga ||
17. Rêtna Dèwi Anjasmara | ing manah brangtana kingkin | wuyang-wuyunganing cipta | ajrih maras aworasih | jrihnya mring prabu dèwi | dene gêntosi dewagung | mulya trus mutrêring rat | sapituduh dèn lakoni | nara kêna mindakèng printahing raja ||
18. maras-marase kang manah | mênawa tan bangkat kardi | sêpi sangking kira kirang | dudu lawan sirèng tandhing | yèn têmah têkèng lalis | gawe rôndha tanpa nganggur | sihira wus kênyatan | kumantil[121] kulunging ati | wusananya sang dyah amônca udrasa ||
19. mingsêk-mingsêk anèng pangkyan | tansah jinum sabda manis | sinangkan sing nitikrama | pinruskên kasmaya jati | kasampurnaning urip | inguripan ing sukmagung | mangrèh sulanging titah | tata anggêp anèng bumi | binarung sih ruming sêbda mangla-êla ||
20. lingsir dalu wayahira | rikala apamit jurit | radyan baut ing srêngkara | rèrèha pêngarih-arih | kasmantya sang sudèwi | kasmaran môntra pinrêskung | tandya kapati nendra | wusing narèkakên ririh | kinrangulon sang dyah dening asta kanan ||
21. embah sri nata ingatap | manggung winawang kang liring | kadya murca kinêdhèpna | paja-paja mangkat jurit | trênyuh kabyatan kang sih | ing saniskara kaetung | Radyan Damar Sêsôngka | lir pêjah sajroning urip | aningali sang dyah kang sawang purnama ||
22. radyan mangunus ing waspa | sinangkan sangking sakêdhik | manut silaning kang napas | sinamur duk pungah-pangih | yang Yyang Brêmara kadi | ri sêdhêng ngrêbasèng santun | yèn kalanira sang dyah | èsmu sêsêk napasnya glis | radyan mantri ngêndhani tanpa subawa ||
23. konus pênariking asta | mangu mangangên tyas brangti | brôngta mulat ing wêdana | asor Yyang Purnamasidi | waja gumyur kasilir | kongas tejane ngênguwung | sêngkang hèrnawa muncar | lir lintang sayuta ngalih | rêbut raras goyang-goyang kaprêmanan ||
24. kaya angalapna jiwa | kusuma kang lagya guling | gêtir madu minasthika[122] | rêrêm sata ngramyang sumrik | sênsaya rêbut manis | sajroning kang tilam santun | Radyan Damar Sêsôngka | lumèngsèr sing jinêm wangi | singêp kongkih sang dyah katrang prêmbayunnya ||
25. manglela maya gumêbyar | rahadyan jêngrê kêpati | anglês sarya ngusap jaja | èsmu mênggah sambat mati | wus tumrun sing jinêmrik | mawang mring garwa mangungun | gilang-gilang winulat | sang dyah kêpati aguling | radyan mantri ing manah kadya kamaca ||
26. malih minggah ing paprêman | sang dyah rêtna dèn arasi | cinêcêp-cêcêp lathinya | napasing dyah dèn sarêngi | ing dêmang ngrid-iridi | manarik pamiyosipun | tumrun mring wonga-wonga | nukmèng padaning panêpi | môngsa borong kêng ahli tilawat kuran ||
27. tajuwit lan mukalkalah | bilagonahira minging | sang dyah sampun siningêban | sarya ingêmêk-mêk ririh | dèn apit ing gêguling | asta ingastan masak rum | sêkar cundhuk ingalap | kinarya jimating jurit | malah mandar dadya têguh kayuwanan ||
28. minesêkarêng ing tingal | solah pangrèh pamuja sih | radyan têdhak sing paprêman | satindak gya mawang liring | samir èsmu kawingkis | katongton mêlok sang ayu | sang kakung trênyuh ing tyas | ginubah winangun aglis | wus tumangkêp datanpa nolèh ing wuntat ||
** Pupuh 60 **
Pangkur
1. ri wusnya ngrasuk busana | Dyan SĂŞsĂ´ngka tandya sowan ing patih | lan parĂŞpatnya wus pangguh | laju ing lampahira | de warnanĂŞn sang dipati apan nuju | sĂŞdalu lĂŞnggah lan putra | Dyan Seta Layangkumitir ||
2. anèng ing bangsal sineba | gunêm rêmbag gusthi karsaning gusti | pêpucukan nyinèng sêmu | sêmu mring Damarwulan | kadya ingusikkên Sukmana kang agung | pituduh juwata mulya | mring maha sang prabu dèwi ||
3. myang raoskên ingrêringrat | wahyuning yyang praja ingkang dumadi | tuwin budayaning laku | kêlakuwaning titah | sinung murah dening bêthara kang luhur | wênang istiyaring lampah | nyalangi durunging pêsthi ||
4. mila tansah pirêmbagan | kyana patih lan putranira kalih | Dyan Layangkumitir matur | ing yayah adipatya | Damarwulan priyogi cinidrèng lampus | sampun ngantos manjang wirang | yèn lami saya angsal sih ||
5. saya jĂŞmbar kang daulat | kuncara nrus ngait wong Majapait | awrat irinya ingapus | mojar Dyan Layangseta | yayi aja laku cidra amrih lampus | abot prĂŞdataning lampah | kuwat pira nalar siji ||
6. kalah nalar ing sajagat | pujining kang ngudi dursila juti | tan wun sing bahya kapangguh | satêmah kawêdakan | rama mojar paran ta rèhira kulup | Dyan Seta matur wotsêkar | yèn sêmbada lawan budi ||
7. yogi angabên narendra | sinangkan sing pangrèh kang adu manis | manis kang pamicaralus | nêbihi kira-kira | winisayèng krêsane busana samun | sêmonira tan kênyanan | nyanane angraharjani ||
8. luntur tyas lumêksanannya | gunging urip tan wontên amrih sisip | mulyane sinêdyèng kayun | tan wrin ing pringgabaya | sasingating andaka têmah tinanduk | linabong suselaningrat | tan susah dados pakardi ||
9. ing rèh kasiku ing tingkah | sinaidan isining bumi langit | ratu tumurun kang pêndu | agampil winoran byat | ginosongan ing bêbudèn sêtya tuhu | yèn wus tiwas tyasing raja | gugur kagubêl ing sisip ||
10. saha bala sakusyala | saprajanya tumindak lawan kingkin | kêkês nalar kang rahayu | ruwêt pamuja arda | Damarwulan môngsa dadosa talingus | pêjah kasêmbung rêratan | ingèstrènan lawan niti ||
11. amanggut rĂŞkyana patya | wusana rum sĂŞbdanira aririh | luwih bĂŞnrĂŞ sira kulup | cacade wus kaslĂŞpak | ing[123] wong mayang mĂ´ngsa kewuhona[124] laku | wus kagĂŞgĂŞm ngastaningwang | lĂŞlakone Damarsasi ||
12. radyan kalih saya nyêlak | pilênggahnya ngadhêkês tyas mèstuti | kya patih alon ing wuwus | ting kranthuk alamatan | lan putranya pasmon kewala asamun | gutuk kidul lèr kêpranan | liwat pinaliwat lungit ||
13. tandyana abdi manĂŞmbah | matur lamun Dyan SĂ´ngka arsa sumiwi |[125] katrinya ing manah jumbul | sinamar wus ngandikan | nanging pamojarnya tan kandhĂŞg ing wuwus | sasolahira tan owah | sanetya kinardi-kardi ||
14. grêgête yèn kala marna | Sang Sindura duk campuh ing ajurit | manise yèn kala muwus | prange dipati Tuban | èsêmira yèn marna para tumênggung | pra dipati para menak | kang samya kanisthan jurit ||
15. gêtun-gêtune ing netya | duk manabda risaking Maospait | Dyan Damarwulan wus rawuh | agêpah ingancaran | kinèn lênggah lan putra kalih wus kumpul | abukuh kêparèng wuntat | ya ta Dyan Seta Kumitir ||
16. tan pêgat matur wotsêkar | sarikutan ngambil ingkang mêmanis | kang prapta dangu tan dinuk | ing tingal saha sêbda | tungkul dènnya anggumunkên ingkang atur | mring sudarmanira radyan | luwês kang têmbung patitis ||
17. ya ta sang rĂŞkyana patya | sawusira nimbangi putra kalih | nĂŞbda mring Dyan Damarsantun | tĂŞtanya ing pakarya | Dyan SĂŞsĂ´ngka pyayama saha wotsantun | ngaturakĂŞn sandi sastra | kang tumrap ing ron tinampin ||
18. wus sinukma ing apatya | kang nuwala tandya sinungkên malih | nêbda paran sira kulup | mungguh wêkasing karya | nêmbah matur Dyan Sôngka panyiptèng ulun | nadyan dhatêng sakit pêjah | kawula èstu mèstuti ||
19. lumampah mring Prabalingga | sumêngkèng rèh pêngawak braja jurit | lan Sang Menakjingga digung | tan lyan ulun pêpinta | mung pangèstu panduka ingkang sinugun | manggut kya patih ngandika | iya bênrê sira kaki ||
20. borong apa karsa nata | sapituduh kudu dèn lêksanani | balik angkatira kulup | mapak mring Menakjingga | nêmbah matur sira Radyan Damarsantun | inggih lajêng sapunika | manggut kya patih sarya ngling ||
21. dene lingsir wĂŞngi radyan | garwanira apa wus tĂŞpung kapti | dyan matur panduka sunu | dahat tan suka mangsah | mila ulun sowan ing panduka dalu | Anjasmara sangĂŞt mothah | ngong lĂŞlimpe duk aguling ||
22. sing jrih kawula mring nata | myang mring tuwan asung nugra kang luwih | garwa katilap jinêmrum | kya patih mèsêm nêbda | luwih bênrê babo mangkata dèn gupuh | sasat karsaning juwata | barang parentahing gusti ||
23. Dyan Seta ewa ing manah | mingrê mucang èsême nocog galih | cumrêri mènjêp praidu | Kumitir panas mulat | liringira mrêkitik kanyinèng sêmu | adhoso ingkang pangucap | ki raka mangkata aglis ||
24. poma dipun angsal karya | dèn kapocok Menakjingga ing jurit | Dyan Sôngka ngrêpa tan muwus | kya patih ngatak mangkat | nêmbah majêng dyan mantri manukmèng suku | sawusnya lèngsèr dyan mentar | lan parêpatira kalih ||
25. amarĂŞngi padhang wulan | tara lumrang trĂŞnggana mawur asri | srining manon mangungun |[126] sumilak ngĂŞmu brota[127] | ing sang kadi Partasmara amrih pupuh | samarga sinĂŞmangkara | mring juwatanya kang asih ||
26. nir baya tanpa wikara | tan lyan ingkang kaciptèng kasmayadi | mung sandining sastra wèh rum | wirama krana manras | rumasuk sih sutijèngkara sinamun | lawan brôngta kawuryan tyas | karêpatyan tiksyèng lungit ||
27. tan ingucap kang nrang lampah | ginupita malih gitaning patih | Seta Kumitir wus rĂŞmbug | kĂŞng mĂ´ntra mulyaning glar | glaring aran braja trĂŞstha tyas sih bukuh | lĂŞlandhĂŞpe namung tingal | anggĂŞp ungguh asamasih ||
28. byar rahina surya muncar | Anjasmara pinojaran sru wadi | sang dyah aniba tan emut | sĂŞmanging driya mamang | byat trĂŞsna sih ing kakung tinilar dalu | kuwur samawur ing manah | sapanglilirnya kasyasih ||
29. sêsambat awor karuna | wuyang-wuyung marasira kêpati | pawongan pating bilulung | tan wruh ing purwakanya | awurahan gustine sinambat wuwus | tintrim wong sakêpatihan | sasaran miyarsèng tangis ||
30. gêpah Rêtna Anjasmara | malbèng pura marsèng byantaraji |[128] mangèstupada kasyayun | sêsampur kuleweran | mantya drasa asambat-sambat ing kakung | prabu rara mangrês mulat | tansah angewani galih ||
31. sasêbdanya gêtir kilang | awusana tandya parentah aglis | mring apatih wus dhumawuh | kinèn abantu lampah- | ira Radyan Sêsôngka sadhiyèng pupuh | gêpah wus samya pininta | dêdamêling Maospait ||
32. pra nararya para menak | pra tumênggung dêmang rôngga ngabèi | sabalakusyala daut | mangrob mangarab-arab | têngara ngrok gurnita têtêg makêtug | winantrê[129] winantya budhal | kadya alun nêmpuh wukir ||
33. kang dadya tindhihing lampah | sira Radyan Seta Layangkumitir | wadyèng kêpatihan magut | pênuh datanpa petang | pra dipati môncanêgara sêdarum | wong pasisir lèr bêlabar | kadya jalanidi ngalih ||
34. mêne gênti kawarnaa | Dyan Sêsôngka sinrang lampahira glis | tan kontap kang samya nusul | dêdamêl Majalêngka | kandhêg anèng Kadhiri kabrukan mungsuh | barise wong Bêlambangan | Kotbuta Katbuta patih ||
35. myang sagunging para menak | para dhaèng miranti tata jurit | baris aglar opyak mungsuh | kadya dhawuhan bêdhah | gênggêng muntat kadya gunung alêlaku | syara ngrok panjriting liman | anglir udan sinêmèni ||
36. ganjur-maganjur mangrêmpak | braja kilat makilat-kilat thathit | buh bayu bajra magêntur | gêntur bêntur sauran | anjrak bajra prêkatha lir sèwu guntur | baris kulon lawan wetan | tan ana sêdya gumingsir ||
1.sinêrang. 2.wuntat. 3.Kurang satu suku kata: sarya asikêp panah. 4.pakêrjan. 5.nonah. 6.sasising. 7.nglêpasi. 8.Kurang satu suku kata: syaranya lir ampuhan. 9.swara (dan di tempat lain). 10.carêngkling. 11.ing wuri. 12.Mantarsêkar. 13.ya ta. 14.munah. 15.alpikawati. 16.Kurang satu suku kata: arda kêkêl ingkang amurka adigung. 17.Kurang satu suku kata: kang sumingkir sêbarang rèh tan rahayu. 18.mèstutia. 19.nadyan. 20.ngarsaning. 21.waspada (dan di tempat lain). 22.nêngahi. 23.patêr. 24.drês. 25.Kurang satu suku kata: kakang bok Kalpikaningsih. 26.Kurang satu suku kata: kang sarta awak mami. 27.sèdhête. 28.wignya. 29.Kurang satu suku kata: syaranira cumêngkling. 30.anêrmanah. 31.Lebih satu suku kata: êtohe tur êpêng-pêngan. 32.Kurang satu suku kata: ingkang tansah nampèni kang pangandika. 33.bang wêtan. 34.pêngkêr. 35.awe. 36.Lebih satu suku kata: liring kêcakrèng tingal. 37.ingangge. 38.ginadhang. 39.mangêmorkên. 40.Kurang satu suku kata: tur linairkên goning mêmanis. 41.sêranta (dan di tempat lain). 42.Lebih satu suku kata: barang kang winayangkara. 43.Kurang empat suku kata: Menak Koncar sumangsang mring dika gusti. 44.krêsna (dan di tempat lain). 45.kawarna. 46.yogyèng. 47.Lebih satu suku kata: hèh kêkasihing sukma. 48.gonjing. 49.ponang (dan di tempat lain). 50.ngolang-aling. 51.Kurang satu suku kata: iya Damarsantun. 52.Kurang satu suku kata: gustènira sang aprabu dèwi. 53.prabayasane. 54.Kurang satu suku kata: pra biyada samya amanjaki. 55.kinênyut. 56.Kurang satu suku kata: lir kinênyut ing driya rêsêpe. 57.Kurang satu suku kata: angrampungi sêkalir karyane. 58.Kurang satu suku kata: mring sira sang rêkyana apatih. 59.Kurang satu suku kata: mring Ni Sêpêdmadu. 60.èwêt. 61.agêring (dan di tempat lain). 62.andupara. 63.kawidigbyan. 64.sarating. 65.borong. 66.wong. 67.Kurang satu suku kata: amawi kêkobong. 68.Ragusuta. 69.Kurang satu suku kata: tansah matur ing dewa kang luwih. 70.angambil. 71.radèn. 72.inggih. 73.Kurang satu suku kata: inggih punika rama. 74.apikrama. 75.Sang Hyang. 76.grantês. 77.jêro. 78.abangêr. 79.drubiksa. 80.Kurang satu suku kata: sêpi pamrihing tumuwuh. 81.kacihna. 82.ngudi. 83.kasub. 84.Kurang satu suku kata: pantêse mantu tuwan. 85.Lebih satu suku kata: wusana kêna ing apus. 86.made. 87.lumaris. 88.kalih. 89.pralaya (dan di tempat lain). 90.ngong. 91.si. 92.gèspêr. 93.pêndhing. 94.Kurang satu suku kata: mêgêp busana luhur. 95.Kurang satu suku kata: gandhang canggah gandêsira kongas. 96.Lebih dua suku kata: mangrêpa nor Radyan Damarsasi. 97.Kurang satu suku kata: nah ing anggèr mirah ingong. 98.sang (dan di tempat lain). 99.susêtyane. 100.samarga-marga. 101.binaturatadi. 102.mawlagar. 103.Kurang satu suku kata: mantya kismèng kasrang ing raditya. 104.nêrampat. 105.Lebih satu suku kata: ira sasolah netya. 106.Kurang dua suku kata: ardawalika lawan kacumas. 107.susilaning (dan di tempat lain). 108.sêkarèng. 109.Kurang satu suku kata: lami mulat kang dadya pangèksi. 110.Kurang satu suku kata: pilih wadya nagri Maospait. 111.narpèng. 112.wong. 113.kinêluhana. 114.duwea. 115.Kurang satu suku kata: mantya rênggèng kang pradôngga asri. 116.minangrèh. 117.wuyunging. 118.Lebih satu suku kata: pan pantês sun têkèng pêjah. 119.sadpada. 120.pôncakara. 121.kumanthil. 122.pinasthika. 123.nging. 124.kewuhana. 125.Lebih satu suku kata: matur lamun Dyan Sôngkarsa sumiwi. 126.Kurang satu suku kata: srining mêmanon mangungun. 127.brôngta. 128.Kurang satu suku kata: malbèng pura mangarsèng byantaraji. 129.winantêr.
~ Article view : [560]